Geguritan jenis Hymne (Surasane babagan pangalembana marang Gusti) ingkang temanipun Religi
NYADONG PANGESTUNE ILLAHI
Dening : Hilma Bayu Aji
Duh Gusti kang Maha Suci,
Aku manembah kanthi sayekti, Tumungkul mitumu mawi ati, Mantep lan madep marang Gusti.
Duh Gusti kang Maha Agung,
Marang sliramu nyuwun pitulung, Rina wengi tansah muwun, Getun marang dosa kang mataun-taun.
Duh Gusti kang Maha Welas,
Kairing sujud kanthi ikhlas, Ngudi pangestune Illahi, Mugi Gusti tansah ngijabahi. Amanat Amanat ingkang saged kawula lan panjenengan sedaya pundhut saka geguritan menika, inggih menika kawula lan panjenengan sedaya minangka manungsa kedah tansah ngeling-eling lan tansah ngluhurake asmane Gusti Allah, ugi tansah ndonga nyuwun pitulung marang Gusti Allah supados sedaya dosane kawula lan panjenengan sedaya saged diampura, lan mugi-mugi Gusti Allah tansah ngijabahi pandongane kawula lan panjenengan sedaya.