You are on page 1of 1

NAMA : RENATA ARDIANA

KELAS : X IPA 1
BAHASA JAWA

PRANATACARA PERPISAHAN SEKOLAH

Assalamu'alaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah SMA Negeri 3 Brebes ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru
saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah,
ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan
sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados
pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara, inggih menika :
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMA Negeri 3 Brebes
6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan
sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng
ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan
kelas XI, skula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas
XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala
Sekolah SMA Negeri 3 Brebes. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur
suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara
ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillalamin. Matur
suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging
samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen
kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula.
Pungkasaning atur.

Wasssalamualaikum Wr. Wb

You might also like