You are on page 1of 1

Tema kamardikan

Ani : "Bu, menapa sababipun kok saben dinten Senen kita wajib nindakaken upacara bendera?"
Guru : "Ani,koewe rak bocah sing pinter... mesthi kowe ngerti apa sebabe saben dina senen kita
nindakake upacara bendera."
Ani : "Bu, saestu bab meninika mboten mangertos sababipun!"
Guru : "Yawis … kowe ngerti ta tanggal 17 Agustus tahun 1945?"
Ani : "Ngertos Bu, wonten menapa ta?"
Guru : "Lha,tujuane kita nindakake upacara saben dina Senen iku kanggo ngeling-eling jasane para
pahlawan. Minangka warga Indonesia kita kudu bangga marang negarane dhewe. Amarga
jasane para pahlawan mau saiki kita urip tentrem, damai, ora ana perang maneh.”
Ani : "O, dados wosipun kangge mengeti kamardikanipun Indonesia?"
Guru : "Bener, kowe pancen pinter!"
Ani : "He he he .....” (Ani gumuyu)
Guru : “Kok malah ngguyu.”

You might also like