You are on page 1of 2

HOTEL KANG NGGAWA PETAKA

Sawijining dina, ana sakaluarga yaiku bapak, ibu lan anak lanang. Kaluwarga kasebut, kelebu
kaluwarga sing padha uripe. Sang bapak ngrupakne panduwe saham paling gedhe neng perusahaan
sing gedhe. Ananging, didemke banget keluarga sebut diarani sombong, soale ora praduli karo
kahanan sakitare, salah sijining lingkungan urip. Pastine sakaluarga iku dadi bahan omongane tangga,
masalahe perumahane ngelaksanakake perumahan sing ijo asri. Saka 400 kepala kaluarga, mung
keluarga sing kawruhan kepala keluargae Pak Dino lah sing ora tau ngikuti sewijia kemempengan
pangijonan. “Kula mboten nduweni wektu kangge ngoten iku, Pak” ngono tembung Pak Dino pas
dicalathoni saka pak RT, amarga wis 3 ping luwih ora mlebu ing kerja bekti. Mung ora nang kunu bae,
pak RT uga diweneni tembung-tembung sing isa nggari pak RT ngelus dada saka Pak Dino.
“ Kula rubed ngurusi resort sing badhe kula gugah dateng puncak,pak. Untunge isa atusan yuta loh
pak. Yen kerja bekti ora ana untunge” tegese Pak Dino.
Sakwise insiden kasebut, ora ana meneh warga sing arep ngajak pak dino sasomah kanggo
kerja bekti. Pak Dino yo pastine ora tau absen saka omongan ibu-ibu yen ngumpul ing bakul sayur.
Ora kalah karo artis dangdut seng seneng umbar-umbar perceraiane.
“Eh bu, ngerti nggak? Pak Dino kuwi, aduhai.. sombonge”
“Aduh bu, kuwi sih ora usah diakoni, saka tampange wae wis gaya banget, emangnya pak dino ngapa
bu?”
“Kuwi loh bu, masa marine dicalathoni pak RT eh, jawabe dheknen mentingna resort sing jarene
untunge yutaan”
“Aduh, kok ngono ya bu? Kula dadine mesake karo bojo lan anake, resorte bangkrut weruh rasa tuh”
Ora ono seng ngerti yen, bojone Pak Dino krungu saben guneman saka ibu-ibu kasebut. Hal
kuwi mesti wae nggawe Bu Dino duka lan lara atine. Banjur Bu Dino mulih menyang omah karo rupa
lesu. Menyang omah, ana Pak Dino ing ngarep omah banjur siap-siap budhal kerja.
“Loh bu, kok lesu, ana apa?” takon Pak Dino merga ngentuki bojone rupa lesu.
“Niku mau loh pak,ibu-ibu padha ngomongna bapak.” jawab Bu Dino
“halah bu, ora butuh dirungokake, dekne kabeh mung iri nang awake dhewe. Yaudah bu, bapak
budhal dhisik” Pak Dino banjur budhal kerja sakdurunge budhal, banjur nyeluk anake, Indra. Indra
uga ngusul bapake metu saka omah lan pamitan kanggo budhal menyang sekolah.
Wektu rina dina, Bu Dino mrisani warta neng tv. Menawa, cacah alas dateng Indonesia saben
taune tambah ngurang. Lan ing musim pangudan iki, bakal akeh bencana alam sing disebabake
kurange lahan sing ijo kanggo nampung banyu udan.
“ Ya Gusti... mugi-mugi mboten maneh wonten banjir dening griya iki, taun wingi bae wit nipun
sampun katah nanging tansah banjir, kula mboten isa mbayangake yen wit niku mboten katah.”
Dungone Bu Dino
Ananging ing papan liyane, Pak Dino ngerencanaake mbangun resort sing ana ing dhuwure
bukit.
“Kula lan rencang-rencang nduweni rencana badhe nebang wit-witan dhateng puncake bukit niku,
kangge fondasinipun.” Ujare arsitek
“Apik.. apik... luwih endang luwih becik, merga target awake dhewe yaiku liburan riraya taun iki wis
bubar” ujar Pak Dino
Kabeh pun mbanjur ngerjana proyek resort hotel.Wong-wong iku ora ngatekne dampak-
dampak yen wit-wit kasebut ditebang. Amarga wit-witan kasebut sing isa nahan lemah lan isa nyerep
banyu udan supaya ora longsor. Kabehe mung mikirake estetika saka hotel kasebut lan untung sing
isa dijupuk.
Wektu ora kerasa, hotel kasebut wis dadi. Hotel kasebut nduweni arsitektur sing megah,
elite. Ora usah kaget, yen hotel iku dinobatna dadi hotel sing paling mewah ing Puncak. Hotel iku uga
janjina nyuguhi pemandangan sing ora ono duane saka dhuwure bukit Puncak. Pak Dina katon
bungah lan nduweni niat ngejak bojo lan putrane mlaku-mlaku ing Puncak lan nginep ing hotel iku.
“Pak, sampeyan yakin yen niki panggonanipun? Kok ketokane gampang longsor nggih pak?”
“ Haduh bu.. ojok wes bu wes, ojok kepengaruh dhawuhane pak RT to bu, kabeh iku ora
ngerti opo-opo!”
Bu Dino dadine ngalah lan milih kanggo manuti bojone. Sakwise acara peresmian hotel
rampung, dekne kabeh banjur menyang kamar hotel. Pak Dino, Bu Dino lan Indra rumangsa lelah
banget merga acara peresmian ngulem akeh wong penting. Dadine dekne kabeh banjur keturon ing
kamar hotel merga kelelahan. Ora suwe, krungu suwara kaya gemuruh saka dhuwur. Bel pepeling
bahaya muni. Ing sakedhep, hotel sebut ketimbun lemah saka dhuwur bukit. Ora keduga wis
kedadean lemah longsor dimergakne udan deres wingi bengi lan ora ana wit sing nahan rembesan
banyu. Hotel sing dadi kebanggaan Pak Dino kuwi rata karo lemah. Para polisi lan dokter uga
pemadam kebakaran tiba ing lokasi kesidan. Kabeh ngusahana nulungi para tamu hotel kasebut.
Petugas iso nulungi Pak Dino, nanging ora karo Bu Dino lan Indra,amarga tansih ketimbun lemah.
Warta sebut nyebar cepet. Warga perumahan enggon keluarga Pak Dino manggon kaget
meruhi menawa keluarga Pak Dino sing dadi korban lan mung Pak Dino wae sing isa dislametake.
Para warga banjur niliki Pak Dino. Pak Dino sing wis meruhi menawa bojo lan anake ora isa
dislametake rumangsa gebug.
“Bapak kudu isa ikhlasna, kabeh iki wis kedadean pak” hibur pak rt

“Kula nyesel pak, ora sakudune aku bangun hotel neng kono, kula nyesel... samisal kula
mboten nebangi alas iku, bojo lan anak kula mesti tansih wonten” tutur pak dino karo nangis .
“penyesalan ora arep ngowahi apa-apa pak... bapak kudu ikhlas..” hibur pak rt
“Kula njaluk pangapura pak, merga wektu kuwi kula tau sombong menyang bapak... kula nyesel
sanget karo apa sing kedadean saiki”
“Kula sedaya lan warga perumahan sampun wenehi pangapura marang bapak...” tegese pak rt
Pak Dino wis sadar pentinge njaga kelestaren lingkungan, utama wit lan alas. Ora mung kuwi,
dheke saiki wis dadi aktivis lan relawan penanaman ulih alas. Amarga yen manungsa ngrusak
alam,mula alam sebut uga ngrusak kuripan manungsa.

You might also like