You are on page 1of 1

Ing sawijining dina aku kenal karo cah lanang kang bagus rupane.

Jenenge yo iku Mas


Pras, bocahe pancen bagus lan apikan. Aku isa kenal Mas Pras amerga melu nang salah sijining
organisasi ing Bantul. Awale aku cerak karo Mas Pras lewat chat whatsapp, lan akhire isa
ketemu tenan nalika melu acara nang salah siji organisasi terkenal. Sabanjure ketemu pas nang
acara kuwi mau, aku lan Mas Pras dadi saya cerak.

Lan akhire Mas Pras ngechat aku,

“Dek sesuk dina rebo sela ra?”

“Sela mas, lha kepiye?”

“Ayo dek dolan nang temzon”

“Ngapa nang kana?”

“Dolanan ta ya, masak ya renang”

“Tur aku ampiri”

“Inggih siap dek”

Nalika pas dina rebo akhire aku dipethuk Mas Pras nang ngomah. Banjur aku karo Mas
Pras mangkat nang temzon gelera. Sabanjure tekan kana aku karo Mas Pras dolanan nganti tekan
sore. Amarga dolan seka temzon kuwi aku karo Mas Pras san saya cerak lan rumaket.. Saiki aku
lan Mas Pras padha padha melu dadi pengurus organisasi nang Bantuk. Nalika rapat mesthi
ketemu lan gojek-gojekan.

Apa maneh saiki organisasi kuwi lagi arep nganake acara tahunan kang gedhe tingkat
kabupaten. Aku karo Mas Pras mesthi ketemu nalika rapat panitia. Senajan pas ketemu mesthi
mung eyel – eyelan lan padu-padunan.

Nalika Mas Pras nyeluk aku mesthi muni “ndut” “mbul” “tung”, lan aku nyeluk Mas Pras
muni “cuk”.

Senajan nalika omong – omongan akeh le unek – unekan. Ananging kabeh kuwi mau
among guyonan. Ananging kabeh kuwi mau antarane aku karo Mas Pras among kanca cerak.
Amerga mung kanca kuwi rasane tetep cerak. Amerga status kuwi ora perlu, sing wigati kuwi
kekancan ngangsi selawase urip.

Lan amarga chat sing ngejak dolan sikik dhewe kuwi aku dadi ngerti yen kekancan kuwi
luwih gampang tinimbang yangyangan. Isa dolan mrana mrene tanpa batesan lan ora ana rasa
kuwatir. Apa maneh kekancan karo Mas Pras sing sak organisasi, dadine isa padha- padha
ngertine

You might also like