You are on page 1of 4

Klepon

Klepon ya iku panganan sing misuwur ing tanah Jawa, kang digawé saka glepung beras ketan lan
diisi gula Jawa. Klepon biasané mung ana rong werna ya iku ijo lan putih. Klepon iku wanguné
bunder lan anggoné mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon uga kalebu jajanan
pasar.

Ing Sumatra lan ing Malaysia, klepon disebut "ondhé-ondhé", déné sebutan iki ing tanah Jawa
lan pérangan liya ing Indonésia arupa panganan sing béda ya iku panganan awangun bunder uga
kagawé saka glepungberas isi adonan kacang ijo lan kulité diwuwuri wijèn. Prabédan panyebutan
antara ing Jawa lan Sumatra-Malaysia iki kerep dadi panyebab salah paham. Klepon biasa didol
bebarengan karo getuk lan cenil (uga disebut cetil) minangka jajanan ing wayah ésuk utawa soré.
Werna klepon biasané putih utawa ijo gumantung seléra. Klepon kanthi werna ijo, perlu
tambahan bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.

Carané nggawé klepon:

Gula pasir dicampur karo banyu godhong suji, uyah, mentéga, banyu, lan glepung beras ketan.

Adonan iku dicampur nganti kalis.

Banjur digawé bunder-bunder, digèpèngaké, diisèni gula Jawa, lan dibunder-bunder manèh.

Sawisé rampung digawé bunder-bunder, banjur digodhog nganggo banyu kang wis umub nganti
adonan iku mumbul mendhuwur.

Yèn wis mumbul banjur dientas.

Carané nyajikaké ya iku adonan kang wis mateng diwadhahi lan ditata ing piring, banjur diwènèhi
parutan klapa.

Klepon wis siap didhahar.

Gethuk
Gethuk iku panganan jajanan (kudhapan) sing utamané digawé saka ketéla pohung (singkong).
Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan.
Gethuk ana kang digawé saka téla. Rasané uga bisa werna-werna. Ana sing rasa kèju, coklat,
vanila, stroberi. Saliyané iki ana uga gethuk lapis, tegesé gethuk kang rasané werna-werna lan
didadèkaké siji. Umpamané gethuk lapis rasa coklat, vanila lan strobèri. Téla kang dipilih kuduné
téla kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkrèken.

Bahan - bahan

Bahan sing diperlokaké kanggo nggawé gethuk iku:

Banyu kanggo nggodhog

Tela Pohung

Uyah

Gula pasir / Gula jawa

Bahan pawarna

Klapa diparut

Yèn kepengin olèh gethuk sing warnané putih, sabeciké nganggo gula pasir, kanggo sing warnané
abang, sabeciké nganggo gula jawa banjur yèn kepengin warna ijo bisa nganggo peresan
godhong suji.

Cara nggawé gethuk

Pohung dioncèki kulité, banjur dikumbah resik lan diiris-iris kurang luwih 5 cm.

Godhogen puhung nganti mateng, angin-anginen nganti kukusé ilang.

Campuren puhung - uyah sithik - gula. Lumaten nganti lembut.

Wèhana bahan pawarna yèn seneng.

Sajèkna anget-anget karo parutan klapa enom sing ditawuraké ing ndhuwuré.

Gethuk biasané disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku
carané karo digorèng. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan manawa
lagi ana tamu.

Jadah
adah iku panganan tradhisional Jawa Tengah. Jadah panganan kang digawé saka beras ketan.
Panganan iki biasané digunakaké kanggo nyamikan nalika ana khajat pangantènan, sunat utawa
khitanan, Sedekah Bumi. Paling énak jadah dipangan bareng karo tèh utawa kopi anget ing
wayah ésuk utawa soré sinambi maca koran. Ananging jadah iku paling cocok dipangan karo
témpé bacem kang wis digorèng. Ing adicara mantu, jadah didadèkaké salah sijining panganan
kang digawa utawa panganan sing wigati, amarga jadah iku nduwèni pralambang yèn kulawarga
lan calon pangantèn bisa rumaket dadi siji, kaya déné ketan kang dhéwé-dhéwé banjur dadi
jadah.

Kanggo variasi rasa, jadah bisa uga digorèng utawa dibakar. Jadah bakar akèh ditemoni ing
laladan Kaliurang, Yogyakarta

Cara panggawéné

Sadurungé beras dimasak kudu dikum ing banyu udakara 1-3 jam.

Beras ketan dimasak nganti mateng

Banjur dielèr, didheploki nganti lembut nganggo alu

Yèn wis lembut, jadah wis bisa dipangan, bisa dicampuri parutan klapa.

Lemper
Lemper inggih punika dhedhaharan ingkang dipundamel saking ketan ingkang salebetipun
dipunisi abon (saged abon pitik utawi abon sapi) ingkang umumipun dipunbungkus ngagem
ujungan pisang. Lemper punika wujudipun silinder. Sajinis lemper ingkang dipunblebet nganggé
tigan ayam kasebat "semar mendem". Wonten jinis sanèsipun inggih punika ingkang naminipun
lalampa asal saking tlatah Manado, wangunipun kadosdéné lemper nanging dipunbakar rumiyin.

Jinis sanès ingkang mèmper lemper inggih punika lemang ingkang masakipun dipunlebetaken
bumbung pring lajeng dipunbakar. Bakcang, satunggiling masakan Cinten ugi mèmper.

Nagasari
Nagasari iku panganan teles-telesan kang digawé saka glepung beras nganggo isi gedhang.
Nagasari biasané digawé utawa dimasak nalika ana hajatan pengantènan, khitanan utawa
sunatan, Sedekah Bumi. Saliyané kanggo kajatan biasané nagasari uga dienggo dadi salah sijiné
jajanan ing slametan selapan utawa dina lairé bocah. Ning Surabaya, nagasari iku uga dadi
panganan kanggo sarapan.

Ing tlatah Jawa Kulon ana sajinis nagasari sing diarani Nagasari Bandung. Nagasari jinis iki bahané
saka glepung hungkwe.

Carané gawé

Glepung beras diulèni nganggo santen, diwènèhi gula,

Yèn wis rada kalis banjur diwadhahi nganggo godhong gedhang banjur diisi gedhang

Rampung dibungkusi karo gedhang banjur di dang nganti mateng

You might also like