You are on page 1of 2

‫بسم هللا الرحمن الرحيم‬ Bab Ing Pamulangan

Shalaatullaahi maa laahat kawaakib Lamon arep budal menyang pamulangan


‘alaa Ahmad khoiri mar-rakiban-najaa-ib). Thatha-thatha ingkang rajin kang resikan

Iki syiir kanggo bocah lanang wadon Nuli pamit ibu bapa kanthi salam
Nebihaken tingkah laku ingkang awon Jawab ibu bapa 'alaikum salam

Serta nerangake budi kang prayoga Disangoni akeh sithik kudu trima
Kanggo dalan padha mlebu ing suwarga Supaya ing tembe dadi wong utama

Bocah iku wiwit umur pitung tahun Ana pamulangan kudu tansah gathi
Kudu ajar thatha keben ora getun Nampa pawulangan ilmu kang wigati

Kudu tresna maring ibune kang ngrumati Ana kelas aja ngantuk aja guyon
Kawit cilik marang bapa kang gemati Wayah ngaso kena aja nemen guyon

Ibu bapa rewangana lamun repot Karo kanca aja bengis aja judes
Aja kaya wong gemagus ingkang wangkot Mundak diwadani kanca ora waras

Lamon ibu bapa prentah enggal tandang Bab Mulih Saking Pamulangan
Aja bantah aja senggol aja mampang
Bubar saking pamulangan enggal mulih
Andap asor ing wong tua najan liya Aja mumpar-mampir dolan selak ngelih
Tetepana aja kaya raja kaya
Tekan omah nuli salin sandangane
Gunem alus alon lirih ingkang terang Kudu pernah rajin rapi aturane
Aja kasar aja misuh kaya bujang
Bab Ono Ing Ngomah
Yen wong tua lenggah ngisor sira aja Karo dulur kanca ingkang rukun bagus
Pisan lungguh duwur kaya jama juja Aja kaya kucing belang rebut tikus

Yen wong tua sare aja geger guyon Dadi tua kudu weruha ing sepuhe
Lamon sira nuju maca kudu alon Dadi enom kudu rumangsa bocahe

Lamon sira liwat ana ing ngarepe Lamon bapa alim pangkat sugih jaya
Kudu nyuwun amit serta depe depe Sira aja kumalungkung maing wong liya

Lamon ibu bapa duka becik meneng Pangkat gampang minggat sugih kena mulih
Aja melu padon uga aja nggreneng Alim iku gampang uwah molah-malih

Bab Ambagi Wektu Arikala sira madhep ring wong liya


Dadi bocah kudu ajar bagi Zaman Kudu ajer aja mrengut kaya baya
Aja pijer dolan nganti lali mangan
Bab Karo Guru
Yen wayahe Shalat aja tunggu prentah Marang guru kudu tuhu lan ngebakti
Enggal tandang cekat ceket aja wegah Sekabehe printah bagus dituruti

Wayah ngaji wayah sekolah sinau Piwulange ngertenana kanthi ngudi


Kabeh mau gathekake kelawan tuhu Nasihate tetepana ingkang merdi

Kenthong subuh enggal tangi nuli adus Larangane tebihana kanthi yekti
Wudhu nuli shalat khusyuk ingkang bagus Supaya ing tembe sira dadi mukti

Rampung shalat tandang gawe apa bae Bab Ono Tamu


Kang prayoga kaya nyaponi umahe Tatkalane ibu rama nampa tamu
Aja biyayakan tingkah polahamu.
Lamonn ora iya maca-maca Qur’an
Najan namung sitik dadiya wiridan Aja nyuwun duwit wedhang lan panganan
Rewel beka kaya ora tau mangan

Budal ngaji awan bengi sekabehe Lamon butuh kudu sabar dhisik
Thatha krama lan adabe padha bae Nganti tamu mundur dadi sira becik
Arikala padha bubaran tamune
Aja nuli rerebutan turahane Bisa mimpin sakdulure lan bangsane
Tumuju ring raharja lan kamulyane
Kaya keting rerebutan najis tiba
Gawe malu lamon dideleng wong jaba Iku kabeh ora gampang leksanane
Lamon ora kawit cilik tak-citane
Kejaba yen bapa dhawuh he anakku
Iku turahe wong ngalim kiyai-ku Cita-cita kudu dikanthi gumergut
Ngudhi ilmu sarta pakerti kang patut
Bagi rata sakdulurmu keben kabeh
Ketularan Alim, sugih bangha akeh Kita iki bakal tininggal wong tuwa
Ora kena ora kita mesthi nuwa
Niat ira nuprih berkahe wong mulya
Ora niat rebut turahe wong liya Lamon kita padha katekan sejane
Ora liwat sira kabeh pemimpine
Bab Sikap Lan Lagak
Anak Islam iki mangsa kudu awas. Negaramu butuh menteri butuh mufti
Aja nganthi lena mengko mundak tiwas Butuh kadi, patih, setten lan bupati

Luru ilmu iku perlu nanging budi Butuh dokter, butuh Mister ingkang pinter
Adab Islam kudu tansah dipersudi Ilmu agama kang nuntun laku bener

Akeh bocah pinter nanging ora bagus Butuh guru lan Kyai kang linangkung
Budhi pekertine sebab da gembagus Melu ngatur negarane ora ketung

Ring wong tua gak ngergani gak ngajeni Iku kabeh sapa maneh kang ngayai
Sajak pinter dewe langka kang madhani Lamon ora anak kita kang nyaguhi

Jare iku caranepun sak punika Kejaba yen sira kabeh ridho mbuntut
Ora ngana dudu antelik merdeka Selawase angon wedhus nyekel pecut

Ngagem blangkon serban sarung dadi Sira ridho nggocik cikar selamine
gujeng Kafir ira mentul-mentul lungguhane.
Jare ora kebangsaan ingkang majeng
Ora sela angon wedhus numpak cikar
Sawang iku pengeran Dipanegara Asal cita-cita ilmu bisa nenggar
Imam bonjol Tengku Umar kang kuncara
Nabi kita kala timur pangon mendha
Kabeh padha bela bangsa lan negara Ing tembene pangon jalma kang sembada
Padha ngagem destar pantes yen perwira
Abu bakar sidik iku bakul masar
Gujeng serban sasat gujeng Imam bonjol Nanging nata masyarakat ora sasar
Sak kancane he anakku aja tolol
Ali Abu Thalib bakul kayu bakar
Timbang gundhul apa ora luwih apik bagus Nanging tangkas yen dadi paglima besar
Ngagem tutup sirah kaya raden bagus
Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah
Kala-kala pamer rambut sak karepmu Dadi mentri karo liyan ora kalah
Nanging kudu eling papan sesrawunganmu
Kabeh mau gumantung ing seja luhur
Kumpul mudha beda karo pul Kyai-ne Kanthi ngudi ilmu sarta laku jujur
Nuju shalat gak padha mlancong nujune
Tekan kene pungkasane Syi’ir iki
Ora nuli mlancong gundhul shalat gundhul Larikane wolu limo kurang siji
Sowan mara tuwa gundhul nguyuh gundhul
Muga-muga sejja kita sinembadan
Dening Allah ingkang nurunake udan
Bab Cita-cita Luhur
Anak Islam kudu cita-cita luhur Pinaringan taufiq sarta hidayah
Keben dunya akhirate bisa makmur Dunya akhirate sehat wal 'afiyah.

Cukup ilmu umume lan agamane Amin- amin - amin - amin - amin - amin
Cukup dunya kanthi bekti pangerane Falhamdulillahirabbil-'alamin

You might also like