You are on page 1of 2

Rida Ayu K.

C (24)

Tazkia Nida H. (30)

Kinanthi iku salah sijiné tembang macapat kang racake dienggo nggambarake
rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa
uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen
maskumambang kanggo wong lanang kang lagi diwasa, kinanthi kanggo wanita. Watak tembang
kinanthi yaiku seneng, tresna asih, mitutura, nuladhani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita
kang nelakake rasa tresna asih. Ing pupuh kinanthi menika wonten 18 padha. Guru wiilangan lan guru
lagune yaiku : 8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i.

Kita bade njelentrehake pupuh kinanthi padha


90
Sayekti karendhet ing ri.
Umpamane wong lumaku,
Apese kasandhung padhas,
Marga gawat den liwati,
Babak bundhas anemahi.
Lamun kurang ing pangarah,
Tembang iki nerangke, saumpama wong melaku nglewati dalan kang bebayan nanguing kurang ati-
ati, bisa kena ri(pepalang). Apese pada kaya kesaandung watu ing ndalan

Tembang kasebut ngutarakke tentang kurange ati-ati yen nindaake apa wae. Akeh uwong milih dalan
bahaya lan nduweni risiko kang gedhe, nanging ora nganggo perhitungan. Akibate, iso wae ngko ning
tengah ndalan malah apes, amarga kurang perhitungan. Contone yen milih jurusan kuliah, ono bocah
kang angger mileh lan melu-melu kancane, padahal kemampuan lan bakate durung tentu ono ing
bidang iku. Akibate, yen dilakoni, ndee dadi gak sreg lan ora bisa ngikuti pelajaran.

Milih dalan sing nduweni risiko kang gedhe iku oleh-oleh wae, nanging sedurunge nglakoni,
kita kudu wis nggae rencana lan perhitungan kang mateng, supaya dalan sing dipilih iku mau iso
mulus-mulus wae lan ora gae celaka.

You might also like