You are on page 1of 8

4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

5th February 2016 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT

TEMBANG MACAPAT

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe
petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku
tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa
anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud
geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu.

Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa, saben ayat macapat nduweni baris ukara sing
kasebut gatra, lan saben gatra nduweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan akhir saka suara
sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat, yaiku maksude cara
maca sing kajalin saben papat suku tembung.

Pangerten Macapat

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe
petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku

pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 1/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa
anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud
geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu.Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung
kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori
tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi
tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara
suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang
kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang
dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa
Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.

Aturan-aturan iku ana ing:


a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c. Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Timbulipun Sekar Macapat

Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem
saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu
Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.

Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami
(guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar
Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing
sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma, kidung
Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben
patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana. Sajabané sing wis
kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha
diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.

pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 2/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka
cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglagokaké nada kapapat".Saliyané maca-pat-
lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.

Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa
lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana
Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang
gedhé.

Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa kurang saka
papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan
diciptakaké déning Yogiswara.

Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké
déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji
Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan
Bonang lan diturunaké marang para wali.

Gunggungipun tembang macapat


Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:

1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Watak lan Gunane Tembang Macapat


Nama Sekar :Watak Ginanipun
Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 3/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah


Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka
sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa
Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung : sembrana, parikena, lucu [https://www.blogger.com/null] cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi

Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat


1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-
ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi
abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing
ngisor iki:

1. Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang
nyang kandhutané ibuné.
pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 4/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)


Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)

2. Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)


Lawan wekas ing ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)
3. Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa
ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

Nulada laku utama (8 a)


Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)

4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya.

Dadiya laku nireku (8 u)


Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)

pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 5/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

Nyuda prayitna ning batin(8i)

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis
dadi kodrat Ilahi.

Aja turu soré kaki (8 i)


Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong melek sabar narima (8 a)

6. Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké
antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa
urip bebrayan.

Sekar gambuh ping catur (7 u)


Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)

7. Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan.
Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi
wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)


Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)

pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 6/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

Iku pantes sira guranana kaki (12 i)


Sartane kawruhana (7 a)

8. Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa
welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh
rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka
piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)


Pancasonane dadi (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i)

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah
kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)


lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)

10. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak
sowan mring Sing Maha Kuwasa.

Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)


Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)
Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o)
pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 7/8
4/9/2019 MATERI BASA JAWA - TEMBANG MACAPAT | pengetahuan

11. Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)


Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)
Diposting 5th February 2016 oleh Unknown
Label: TEMBANG MACAPAT

0 Tambahkan komentar

Masukkan komentar Anda...

Beri komentar sebagai: fisikamantab (G Logout

Publikasikan Pratinjau Beri tahu saya

pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-tembang-macapat.html?view=classic 8/8

You might also like