You are on page 1of 3

Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang
nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu,
yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku
uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.
Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku
macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese
tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka
kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lanPucung. Saben metrum
macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum
iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase
masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).
Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak
dhewe-dhewe, yaiku :
No Jinise Tembang Paugeran Watak
1. Pucung 12u, 6a, 8i, 12a Kendho tanpa greget saut kanggo ing
carita kang sajak mung sakepenake,
tanpa kamempengan.
2. Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a Nelangsa, kanggo medharake rasa
pangrasa kang ngeres, nggreges,
nalangsa karanta-ranta
3. Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, 8o Rumaket, kulina, kanggo medharake
pitutur kang rada sereng merga wis
keduga, lumrahe nganggo basa ngoko,
basane wong kang wis kulina raket
sesrawungane.
4. Megatruh 12u, 8i, 8u, 8i, 8o Sedhih kingkin kaworan nglokro,
kanggo medharake rasa gegetun
pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta.
5. Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i Seneng, tresna, lan asih, kanggo
medharake piwulang carita kang ngemu
rasa asmara, gandrung-gandrung.
6. Asmaradana 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Sedhih, sengsem, prihatin marga
ketaman ing rasa asmara, kanggo ing
carita kang medharake asmara.
7. Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u Wetuning rasa, kanggo medharake
pitutur, uga kena kanggo carita
gandrungan.
8. Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i Sereng, kanggo ing carita kang ngemu
surasa sereng.
9. Durma 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a Galak, muntab, kanggo medharake
rasaning ati kang nepsu utawa kanggo
ing carita perang.
10. Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, Grapyak, renyah, kanggo sesorah,
12a mituturi.
11. Dhandanggula 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka,
8a, 12i, 7a medharake piwulang, gandrungan, lan
kanggo panutuping karangan kang
sinawung ing tembang.
(Padmosoekotjo, 1953:12)
Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane pawongan.
Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo ngandharake ancase
dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing dhuwur, bisa dideleng kanthi cetha
tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.

1) Guru Lagu
Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat
kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine yaiku
paugeran kang awujud guru lagu.
Miturut Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingiing swara ing
wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening Saputra (2001:57) yen guru
lagu utawa dhong-dhing gumantung marang kalungguhane larik sajrone pada sawijining pola
sajak. Susantina (2010:3) nyengkuyung kaloro andharan kasebut lan ngandharake yen guru lagu
yaiku dhong-dhinge swara ing wekasane gatrane tembang.
Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru lagu
yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing
pungkasane gatrane tembang.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - u
kang cinatur polah kang kalantur - u
tanpa tutur katula-tula katali - i
kadaluwarsa katutuh - u
kapatuh pan dadi awon - o
2) Guru Gatra
Paugeran sajrone tembang macapat sawise guru lagu yaiku guru gatra. Guru gatra yaiku
cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku
gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang macapat nduweni
paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali cacahe 5 gatra
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon

3) Guru Wilangan
Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru gatra,
lan guru wilangan. Guru lagu lan guru gatra wis diandharake ing dhuwur, banjur kang pungkasan
yaiku guru wilangan.
Tembung wilangan ana gegayutane karo angka. Miturut tegese, wilangan nduweni teges
etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru tegese paugeran, wewaton, utawa
pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi
pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan. Miturut Susantina (2010:3) guru
wilangan yaiku cacahe wanda ing gatra-gatrane tembang. Guru wilangan gumantung saka
kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - 7
kang cinatur polah kang kalantur - 10
tanpa tutur katula-tula katali - 12
kadaluwarsa katutuh - 8
kapatuh pan dadi awon - 8

You might also like