You are on page 1of 1

Wus tinarbuko wiwaraning sasana ,kumenyar asung prabowo.

Kenthar-kenthar angambar kongas


gondoniro marbuk arum wewangi.Sumirat mirat tejo moyo moyo, soyo dangu soyo melengoni,soyo
cedak soyo angranuhi.
Dhasar satriyo agung,pasemone sang noto ngagem busono kasatriyan kang sarwo gumebyar, pating
calorot,pating galebyar sunare kang maneko warno,katingal gagah prakoso myang sang rinojo putri.
Pranyoto tejane sang noto,kumenyar mawa prabawa,katon tatag tangguh tanggon. . Mila kalamun
pinentha ing wardaya candrane kadi narendro ingkang arso tindhak siniwaka,lenggah ing kereto
kencono.Gumelar sorak para kadang ,para kawula ugi para hulu bekti,angiring tindhake sang noto
jengkar saking sasana keprabon ,ingayap sanggyaning warga wandawa.
Santi sesanti,mugi mugi rahayu anggenipun ngayahi wajib,kalis ing godha rencono,kalis ing
sambikolo,hamung rahayu kang tinemu.

You might also like