You are on page 1of 4

SINDHEN

MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel.


Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli
bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho,
Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon,
sama jugak sami mawon. Mengkono uga
Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit
sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang
usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing
disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi,
kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben
sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine
bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati.

"Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha
nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike
lawang kamar.

"Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne.


"Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake.

Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane.
Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman
Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis,
eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen
sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari
"Nyidham Sari" akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune
dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh
wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok
dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati
tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora
maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi
campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu
entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut
nembang.

Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur
mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, "Wulandari melu mapag
mrene?"

Sumani mangsuli alon: "Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana,
karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala.
Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji
klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung."

"Lha kok kowe kandha pacarku mrene?" celathune Anjasmoro karo mrengut.

"Lha pacarmu kuwi pira?" Sumani njegeges. "Kae....Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?"

"Edan kowe," tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani.

"Nik....Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu." Sumani mbengok

"Mas piye, kendharaane wis siap?" pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara.

"Wis beres," wansulane Anjasmara alon.

"Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku," Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni.

"Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?" celathune Nanik karo
tumuju kamare Anjas.
"He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan," pembengoke Sumani.
"Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik," celathune
Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane
arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri.

"Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas," Sumani
mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora
isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik.

"Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh
ngestreni slametan neng Nanik," swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan.

Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas
nyikut Nanik karo celathu,

"Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme."


"Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone
Anjas rak kembali ke Nanik," Sumani isih nrocos karo ngguyu.

Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung
guyone Sumani wae.

Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu.
Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa.
"Nik...mengko aja nyanyi "Wuyung" Utawa "Weke Sapa", ndhak Anjas ora bisa ngendhang,"
tembunge Sumani karo isih mbebeda.

Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, "Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel
rak meneng dhewe cangkeme kuwi."
Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing
ngandhani. "Tilpun mas."

Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng
tanggap sasmita.

"Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga," Anjas mangsuli liwat HP ne.

"Anu....piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku
bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari." Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing
nilpun. Let sedhela wis sumaur: "Iki aku jejer dhik Nanik. Iya...tidak ada rahasia. Lha terus
leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS.
Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug
omahmu boss." HP dipateni terus dikanthongi.

Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, "Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene
ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting".
Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: "Ana apata mas, boss-e?"
"Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting," jawabe Anjasmara.
"Lha kok isih semaya?" pitakone Nanik.
"Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?" wangsulane Anjas
nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu
ya nggleges wae.

"Tutugna leh jiwit-jiwitan," pambengoke Sumani. "Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono
mat-matan sakepenake dhewe," Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr,
nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas
isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga
boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep
polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara
sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula
yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh.
Durung yen ketambahan interogasine polisi.

Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi
iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida.
Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga
laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang
ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes "Nyidham Sari" padha mangerti persaingan
Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo
Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene
leh uleng-ulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug.

"Ana apa ta mas?" pitakone Nanik alon, karo mesem.

Anjas mung mengo karo nggleges:"Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne,"
celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli.

"Ah.... mas Anjas," Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*

CUTHEL
Dening:Andjar Any/ Panjebar Semangat-12/2006

You might also like