You are on page 1of 2

1. Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji nuwuhake teges anyar.

Tembung camboran ana 2, yaiku:


1. Camboran wutuh
Tuladha: a. Randha royal (jenenge panganan) d. Nagasari (jenenge panganan)
b. Semar mendem (jenenge panganan) e. kuping wajan (=tambeng utawa ndableg)
c. Raja Lele (jenise pari) f. Sapu tangan (=kacu)
2. Camboran tugel
Tuladha: a. Lunglit (balung kulit)
b. Bangjo (abang ijo)
c. dubang (idu abang)
2. Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang padha tegese dienggo bebarengan lan nduweni
teges mbangetake.
Tuladha:
a. Wadya bala f. Angkara murka k. Blaka suta
b. arum wangi g. Ayem tentrem l. Tedheng aling-aling
c. adi luhung h. Rukun sentosa m. Sumebar warata
d. welas asih i. Gemah ripah n. Antheng jatmika
e. edi peni j. Gagah prakosa o. Gandhes luwes
3. Seselan –in
- Pinaringan (paring) - kinepung (kepung)
- Ginanjar (ganjar) - Sinigar (sigar)
- Sinawang (sawang) - winates (wates)
- Linuwih (luwih) - tinulis (tulis)
4. Teka-teki tembang pucung
Bapak pucung Bapak pucung
cangkemu madhep mandhuwur Dudu watu dudugunung
Sabamu ing sendhang kendhi Sabamu ing alas gajah
Pencokanmu lambung kering Ngon-ingone sang Bupati
Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya Prapteng marga si pucung lembehan grana
5. Tembung panyandra
- rambute negembang bakung - pundhake nraju emas - galake kaya macan
manak
- bangkekane nawon kemit - athi-athine ngudup turi
- alise nanggal sepisan - eseme pahit madu
- drijine mucuk eri - gulune ngolan-olan
- tangane nggandhewa pinenthang - pipine nduren sajuring
- untune miji timun - mripati damar kanginan (blalak-blalak)
6. Imbuham-um
- lumaku (laku) - sumebar (sebar)
- gumantung (gantung) - gumrojog (grojog)
- sumaur (saur) - cumawis (cawis)
- kumampul (kampul) - tumata (tata)
7. Angka Jawa:
1. 1 3. 3 5. 5 7. 7 9. 9
2. 2 4. 4 6. 6 8. 8 0. 0
bayarane bapak 750 ewu rupiyah
byr[n bpk\ ;750;[awu rupiyh
8. Cangkriman / bedhekan
1. Kabel, cangkrimane:
Bapak pucung
Dudu tampar dudu dhadhung
Dawa kaya ula
Penclokanmu kayu garing
Prapting griya
Si pucung ngelokake cahya
2. Tuma, cangkrimane:
Turune ing endhas, mangane ing endhas, bebuwang uga ing endhas.
3. Sepur, cangkrimane:
Bapak pucung
Renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi, iring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
- Pitik walik saba amben = sulak
- Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong = kates
- Lawa 5, kalong 3 dadi pira? = 8
- Ing ndhuwur lawang ana cecak, yen cecak lunga lawang iku dadi kewan sing bisa mabur, kewan apa iku? = lawa
9. kalimat langsung/kandha menjadi kalimat tak langsung
- Mas Bayu takon marang agus, “kowe mau mrene karo sapa?” (ukara langsung)
Mas Bayu takon marang agus, karo sapa agus mau olehe mrene. (ukara ora langsung)
- Sari kandha,”aku mengko arep tuku gula jawa ing pasar.” (ukara langsung)
Sari kandha menawa dheweke arep tuku gula jawa ing pasar. (ukara ora langsung)
10. Aksara Jawa lan pasangane:
aH nN cC r R k K fL tT
ha na ca ra ka da ta
sS wW lL pP dD jJ y Y
sa wa la pa dha ja ya
vV mM gG bB q Q z Z
nya ma ga ba tha nga
belajarku wiwit jam 5 sore
belj/ku wiwitJm\ ;5;[so[r
11. kalimat yang berpola SPOK/JWLK :Bapak maos koran ing ruang tamu
J W L K (ket. Panggonan)

12. Perangane layang:


13. Parikan
PARIKAN
1. Abang-abang ora legi, 9. elor kedhung kidul ya kedhung,
kadhung nantang ora wani. kedhung gedhe akeh iwake,
2. Wajik klethik gula jawa, Bapak nundhung simbok ya nundhung
luwih becik sing prasaja. kowe dewe malah ngayekake.
3. Yeng kembang kembange kacang, 10. iwak yuyu iwak wader,
Dudu kembange puspa nyidra, pethuk bulus lagi silem,
Sih cilik dikudang-kudang yen sinau dadi pinter,
Bareng gedhe gawe rekasa mbesuk lulus ati ayem.
4. Nyunggi Ember ngiwa nengen 11. iwak lele mati kethuthuk,
Lungguh jejer nggo tamba kangen. sandatane pring oratan,
5. Wedang bubuk gula tebu, ngawe-awe sing kalung andhuk,
mata ngantuk njaluk turu. entenane ing prapatan.
6. Abang-abang ora legi, 12. uwit jeruk amba godhonge,
kadung nantang ora wani. wohe mateng dipethik bocah,
7. manuk emprit nucuk pari, aja umuk yen lagi duwe,
dadi murid sing teberi. entenane sesuke susah
8. wit kecipir mrambat kawat, 13. kutha sala dalane rame,
ora mampir anggere liwat. sriwedari tengah pernahe,
aku gela amarga kowe,
angger janji arang nyatane.
14. Ukara tanduk (kal. Aktif) lan ukara tanggap (kal. Pasif)
Ukara tanduk Ukara Tanggap
1. Mbak Titin nampa layange Dina 1. Layange Dina ditampa Mabak Titin
2. Pak Mansur nimbali Galih 2. Galih ditimbali Pak Mansur
3. Aku nyilih bukune Ratna 3. Bukune Ratna taksilih
15. Dwilingga salin swara
Toleh = tolah-toleh
Takon = tokan-takon
Mlaku = mloka-mlaku
16. Senjata/gaman tokoh pandhawa
- Yudhistira / Puntadewa (pembarep)= jimat kalimasada
- Werkudara / Bima sena (nomer loro)= kuku pancanaka, gada rujakpolo, lukitasari
- Arjuna / Janaka / Permadi (panengah) = keris pulanggeni, keris kalanadhah, panah sarotama, pnh.
Pasopati
17. Paribasan
Rawe-rawe rantas, malang malang putung (Sakabehe pepalang bisa disingkirake kanggo nggayuh kan
dikarepake)
Dudu sanak dudu kadang, yen ilang meli kelangan (Nadyan wong liya, yen nandhang sengsara kudu
dibelani)
Gupak pulut, ora mangan nangkane (Melu rakasa nanging ora melu ngrasakake kepenake)
Kriwikan dadi grojogan (Prakara sepele dadi prakara gedhe)
Suwe mijit wohing ranti (Pegawean sing gampang dilakoni utawa dirampungake)
Anak polah bapa kepradah (Wong tuwa nemu alangan amarga saka polahe aneke)
Bathok bolu isi madu (Wong asor nanging duwe kepinteran)
Dewenehi ati ngrogoh rempela (Wis dhiwenehi setithik, banjur njaluk luwih akeh)
Jer basuki mawa beya (Kabeh gegayuhan mbutuhake wragad)
Kaya banyu karo lenga (Paseduluran kang ora bisa rukun)
Mburu uceng kelangan dheleg (Mburu barang sing sepele malah kelangan barang sing luwih aji)
Kacang ora ninggal lanjaran (kebiyasakane anak niru wong tuwane)
18. Aji-aji dari tokoh dalam cerita wayang
- Arjuna / Janaka / Permadi (panengah)= aji sepiangin, cundha manik,
- Yudhistira / Puntadewa (pembarep)=jimat kalimasada,
- Werkudara / Bima sena (nomer loro)=kutang antakesuma,

You might also like