You are on page 1of 3

Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e ing sangarepe wangsulan kang bener!

1. Sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa tamu diarani …..
a. medhar sabda c. tanggap wacana e. khotbah
b. atur pambagyaharja d. wursitawara
2. Ing ngisor iki kang dudu ancase sesorah …..
a. atur panglipur c. atur pambagya e. atur arta
b. pangajak-ajak d. atur pawarta
3. Sesorah kang ancas lan isine bab kautaman, pitutur, lsp. diarani …..
a. medhar sabda c. tanggap wacana e. khotbah
b. atur pambagyaharja d. wursitawara
4. Ing ngisor iki dudu prakara kang prelu disiagakake paraga nalika arep sesorah …..
a. nemtokake tema c. nemtokake ancase e. gawe bahan
b. gawe cengkorongan d. nglumpukake wong
5. Prakara ngisor iki kang kudu disingkiri nalika sesorah nggawa cathetan yaiku …..
a. soroting mripat tumuju cathetan wae d. asring ngucapake tembung “eee”
b. nyebul microphone kanthi banter e. asring kukur-kukur senadyan ora gatel
c. soroting mripat tumuju marang pangrungu wae
6. Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Ing sajroning tanggap wacana diarani …..
a. irah-irahan c. salam pambuka e. salam panutup
b. wasana basa d. bebuka
7. Yusuf ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan
amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan
kasebut diarani paragrap …..
a. dhedhuktif b. indhuktif c. dhedhuktif-Indhuktif d. intensif e. ekspositoris
8. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa kang
ora bener tumraping kekancan. Apa maneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragrap …..
a. dhedhuktif b. Indhuktif c. dhedhuktif-Indhuktif d. Intensif e. ekspositoris
9. Ing ngisor iki kang kalebu ukara rangkep/camboran raketan kajaba …..
a. raketan jejer c. raketan wasesa e. raketan gatra
b. raketan lesan d. raketan katrangan
10. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Dina tuku pelem, Bunga sing ngejus.
Ukara ing dhuwur kalebu …..
a. ukara camboran raketan jejer d. ukara camboran sungsun gatra lesan
b. ukara camboran raketan wasesa e. ukara camboran raketan lesan
c. ukara camboran sungsun gatra wasesa
11. Basa kang dumadi saka tembung ngoko lan tembung krama inggil, diarani …..
a. ngoko alus c. ngoko lugu e. krama alus
b. krama inggil d. krama lugu
12. Gunane basa ngoko alus iku dianggo dening kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a. wong tuwa marang wong enom sing duwe pangkat utawa kalungguhan
b. wong tuwa marang wong enom sing suwe ora tau kepethuk
c. wong sing wis kulina nanging nduweni rasa ngajeni
d. batur marang bendarane
e. ibu marang bapak
13. Gunane basa krama alus iku dianggo dening kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a. wong sing lagi tetepungan anyar d. bapak marang anak
b. andhahan marang pimpinan e. abdi marang bendarane
c. murid marang gurune
14. Panjenengan menika sampun nate ngagem ageman bathik menika menapa dereng? Ukara kasebut
nggunakake basa …..
a. ngoko lugu c. ngoko alus e. krama desa
b. krama lugu d. krama alus
15. Mas, panjenengan wingi tindak menyang Binus nitih napa?
Ukara kaebut nggunakake basa …..
a. ngoko lugu c. ngoko alus e. krama inggil
b. krama lugu d. krama alus
16. Ukara ing ngisor iki sing bener karo unggah-ungguh yaiku .....
a. Sampeyan mangke wangsulipun jam pinten, Pakdhe?
b. Sampeyan mangke konduripun jam pinten, Pakdhe?
c. Panjenengan mangke konduripun jam pinten, Pakdhe?
d. Panjenengan mengko konduripun jam pinten, Pakdhe?
e. Pakdhe, panjenengan mangke wangsulipun jam pinten?
17. Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa ngoko alus yaiku .....
a. Yok apa rek, gak padha gelem dolan menyang omahku.
b. Sampeyan kalawau dipuntengga rencang-rencang wonten warung soto!
c. Panjenengan kuwi sing dipenggalih apa kok katon susah banaget?
d. Tiyang gesang punika benten-benten pemanggihipun.
e. Panjenengan kalawau pikantuk kintunan arta saking Pak burhan.
18. Kapan mas, aku bisa sowan ana daleme panjenengan? Ukara iku migunakake basa .....
a. ngoko lugu c. Nngoko alus e. krama desa
b. krama lugu d. krama alus
19. Sowan kula punika dipunutus kaliyan bapak supados ngaturaken serat punika. Ukara iku migunakake basa .....
a. krama alus c. krama lugu e. ngoko alus
b. ngoko lugu d. krama madya
20. Menawi sampeyan purun kendel wonten mriki kula malah remen sanget. Ukara iku migunakake basa .....
a. krama alus c. krama madya e. krama lugu
b. ngoko alus d. ngoko lugu
21. Ukara ing ngisor iki sing bener .....
a. Wedal niki anak kula enten Surabaya
b. Wekdal punika anak kula wonten Surabaya
c. Wekdal punika putra kula wonten Wantun bebaya
d. Wektu niki putra kula wonten Surabaya
e. Wekdal punika putraningsun wonten Wantun bebaya
22. “Ngene Mas, aku arep nyileh HPmu sedelok”. Yen diganti nganggo basa krama dadi …..
a. Ngaten Mas, kula badhe ngampil HP panjenengan sekedhap.
b. Mekaten Mas, kula badhe ngampil HP panjenengan sekedhap.
c. Ngene Mas, kula arep ngampil HP panjenengan sekedhap.
d. Ngaten Mas, kula badhe ngampil HP mu sekedhap.
e. Ngene Mas, kula badhe ngampil HP mu sedelok.

23. Aksara Jawa ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Latin yaiku
…..
a. Katon apik c. mangan nanas e. mangan roti
b. Katon elek d. katon cetha

24.
a. Katon apik c. mangan nanas e. mangan roti
b. Katon elek d. katon cetha

25.
a. Katon apik c. mangan nanas e. mangan roti
b. Katon elek d. katon cetha

26.
a. Katon apik c. mangan nanas e. mangan roti
b. Katon elek d. katon cetha

27.
a. Katon apik c. mangan nanas e. mangan roti
b. Katon elek d. katon cetha

28. Jinise tembang kang kawengku dening guru gatra, guru lagu lan guru wilangan iku diarani tembang …..
a. dolanan c. gedhe e. tengahan
b. macapat d. campursari
29. Ing ngisor iki kang dudu titikane tembang macapat yaiku …..
a. kaiket guru gatra c. saben sapada ana 5 larik e. kanggo basa Jawa Anyar
b. kaiket guru wilangan d. bisa dilagokake tanpa iringan gendhing
30. Jinising tembang macapat kang sipate prihatin, sedhih, trenyuh yaiku …..
a. maskumambang c. sinom e. pocung
b. dhandhanggula d. megatruh
31. Tembang macapat kang nduweni sipat grapyak, sumanak, rumaket yaiku …..
a. maskumambang c. sinom e. pocung
b. dhandhanggula d. megatruh
32. Ing ngisor iki kang ora kalebu paugerane tembang macapat, yaiku …..
a. pupuh c. guru wilangan e. dhong-dhing
b. guru lagu d. guru gatra
33. Tembang macapat kang cacah gatrane paling akeh yaiku …..
a. maskumambang c. sinom e. pocung
b. dhandhanggula d. megatruh
34. Nembang macapat kanggo miwiti langgam diarani …..
a. cengkok c. bawa e. gerong
b. suluk d. ura-ura

Kanggo mangsuli soal nomer 35 - 38!


Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi,
Anemu duraka,
Ing donya tumekeng akir,
Tan wurung kesurang-surang.

35. Tembang ing dhuwur mujudake tembang …..


a. maskumambang c. sinom e. pocung
b. dhandhanggula d. megatruh
36. Guru lagu lan guru wilangane yaiku …..
a. 12i, 6a, 8a, 8i c. 12i, 6a, 8i, 8a e. 12o, 7a, 9i, 8a
b. 12u, 6a, 8i, 7a d. 12i, 6a, 8i, 7a
37. Amanat tembang ing dhuwur mau yaiku …..
a. pituture wong tuwa marakake durhaka lan urip ketula-tula
b. aja manut pituture wong tuwa supaya bias uip seneng
c. manuta pituture wong tuwa supaya ora durhaka lan uripe ora ketula-tula
d. manuta pituture wong tuwa supaya budaya Jawa bias lestari
e. pituture wong tuwa iku wis ora cocog karo kahanan saiki
38. Tembung “tumekeng” ing dhuwur iku kalebu tembung garba kanga sale saka …..
a. a. tumeka + ing c. tume + keng e. tumek + ing
b. b. tumeko + ing d. tumeka + eng
39. Sing ora kagolong geguritan gagrag lawas yaiku …..
a. cacahing gatrane ora ajeg, nanging lire papat d. tibaning swara ora runtut
b. sangarepe geguritan diwiwiti tembung “sun nggegurit” e. tibaning swara kudu runtut
c. cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
40. Sing ora kagolong tengeran geguritan gagrag anyar yaiku …..
a. tibaning swara kudu runtut d. akeh migunakake tembung entar
b. arang nganggo tembung salugune e. isine mentes
c. cacahing gatra manasuka sing nganggit

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


1. Ana pira metode sesorah ? Sebutna!
2. Apa bedhane paragrap dhedhuktif karo paragrap indhuktif iku?
3. Kramakna ukara ing ngisor iki!
Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung dolanan tradhisional sing wus cures. Dolanan iki mirip
dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman biyen, dolanan iki kerep-kerepe diparagani bocah-
bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh sing seneng dolanan iki. Dolanan uri-uri anjang-
anjang widadari kairingan tetembangan. Hamula kuwi, dolanan tradhisional iki kaperang dolanan sing
nggladhi ing babagan kawasisan ngracik ukara lan milih tembung. Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan
tumrap bocah-bocah.
4. Gawea aksara jawa jenengmu dewe!
5. Ana pira cacahe tembang macapat iku? Sebutna!

You might also like