You are on page 1of 1

Pambagyaharja Aqiqah

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Langkung rumiyin kula ngaturaken pangalembana konjuk Ngarsa Dalem Gusti ingkang
sampun paring kanugrahan satemah ing wengi menika kula lan panjenengan sedaya saged
angestreni adicara aqiqah putra/putrinipun Bapak…..

Shalawat ugi salam, mugiya tetep dipun paringaken dhumateng Nabi Muhammad SAW,
para sahabatipun lan sedaya kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu-
estu lan leres. Mugiyo kito klebet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran Islam kanti estu-estu
lan leres

Sedaya undangan ingkang kinurmatan

Ing wakdal wengi menika, wengi ingkang kaping pitu saking kelahiran putra/putri
ingkang kaping setunggal saking Bapak… lan saking Ibu ingkang asma….. Lan saking raosipun
syukur lan bingah dhumateng Allah SWT. Kula lan panjenengan sedaya wakdal menika dipun
undang kaperlu tasyakuran ing dalem adicara aqiqahi putranipun Bapak...

Kita sedaya kedah sumerep mbok bilih aqiqah menika sunah hukumipun. Kados
pengandikane Nabi Muhammad SAW. Wonten hadits riwayat Bukhari saking Salman bin Amar
Adh Dhahabi, ingkang artosipun:

“Saktemene anakiku nduweni hak diaqiqohi. Mongko kanggo dheweke tumpahno getih lan
adohno marang penyakit saking dheweke (kelawan nyukur rambute).”

Semanten ugi ing dalem hadits riwayat Thirmidzi saking Aisyah radhiyallahu anhu, ingkang
artosipun:

“Kanggo anak lanang iku disembelihna wadus akehe loro ingkang sami umure. Lan kanggo anak
wadon iku disembelihna wedus siji”.

Sedaya undangan ingkang kinurmatan.

Mekaten kala wau sambutan saking kula, kirang langkungi kula nyuwun pangapunten
dhumateng para rawuh sedaya.

Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

You might also like