You are on page 1of 2

Ingkang dipunwastani aqeqah, inggih menika adicara tasyakuran ingkang katindakaken rikala angsal

momongan enggal utawi lairan jabang bayi. Adicara menika katindakaken ing dinten kapitu kaetang
saking lairan. Kangge murwakani adicara, pranata adicara langkung rumiyin saenipun mangertosi kaliyan
saget ngandharaken jejibahan ingkang badhe dipunlampahi ngengingi babagan adicara menika, kadosta
:

Bayi dipundulang mawi ingkang manis (kurma)

Dipun paringi asma ingkang sae

Salajengipun nyukur rekmanipun lare

Lan Aqiqah (inggih menika nyembelih menda 2 menawi lare menika jaler, lan 1 menawi lare menika
pawestri).

Tuladha pangandikan lan rantamaning adicara kados mekaten :

Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wa Barokatuh Ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh, ingkang


tansah dados pandam pandoming kawula dasih, ingkang kinurmatan bapak ustad, para alim ulama
ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun kiblating
panembah ingkang satuhu luhuring budi, ingkang boten supe tansah paring winarah babagan kautaman
kaliyan pangertosan babagan leluhuring budi, para rawuh kakung putri ingkang minulya. Mangga kita
sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rahmat sarta
hidayah dhumateng kita sedaya, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula saengga kanti kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale
wisma ing (siang) punika nembe pinaringan kanugrahan momongan enggal.

Salajengipun saderengipun kita purwakani, kula ingkang kajibah supados ndherekaken adicara punika
keparenga kula maosaken rantamaning adicara inggih kados mekaten.

Ingkang sepisan pambuka,

Kalih atur pambagyaharja,

Kaping tiga nindakaken acara sunnah nabi,

Sekawan sigeg,

Gangsal atur pangandikan sabda tama,


Enem panutup,

Pambuka Sunting

Ngancik adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, mangga kula saha panjenengan sedaya
purwakani acara punika kanthi ngaturaken dedonga wonten ngarsanipun pengeran kanthi waosan Al-
Fatehah. .........................................

Matur nuwun mugi-mugi kanthi dedonga kalawau adicara punika saged kalampahan kanthi sae mboten
wonten alangan setunggal punapa. Dhungkap adicara salajengipun inggih punika
pambagyaharja.Dhumateng pajenenganipun ............. kula sumanggaaken.

You might also like