You are on page 1of 2

Nama : Dewi Ayu Setyowati

No. Absen : 09
Kelas : VII C
Mapel : Bahasa Jawa

Rama Tambak

Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling ratu ingkang sekti mandraguna.
Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi Sinta, wanita ayu ingkang sulistya ing warni,
garwanipun Ramawijaya. Gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama sampun mboten
saged dipunpisahaken malih.
Pramila Prabu Dasamuka nggadhahi raos kuciwa. Piyambakipun tansah pados rekadaya kados
pundi caranipun supados saged ndhusta Dewi Sinta. Nalika Prabu Rama bebedhag ing wana
Dhandhaka badhe mburu Kidang Kencana minangka panyuwune sang Dewi, kocap kacarita sang
Dewi saged kadhusta dening candhala utusane Prabu Dasamuka saking Ngalengka. Miturut
aturipun Sang Hyang Baruna supados saged gampil anggene dumugi Nagari Ngalengka, Prabu
Rama kedah nyiagakaken wadyabala wanara. Wadyabala wanara ingkang dipunpandheghani
dening Anoman kautus ngusungi redi saha sela kangge nambaki seganten supados gampil
anggenipun kesah dhateng Ngalengka.

Prabu rama saha wadyabala wanara sampun samapta tumandang damel. Sasampunipun
sarembag anggenipun badhe damel tambak minangka uwot kangge margi dhateng Ngalengka,
wadyabala wanara saperangan dipundhawuhi ngusungi redi minangka kangge tambak. Ing
wusana sedaya sami sengkut anggenipun tumadang damel amrih tambakipun enggal dados.
Sasampunipun tambak dados Prabu Rama sawadyabala wanara saged liwat minangka margi
dhateng Ngalangka. Tujuanipun badhe mengsah jurit dhateng Prabu Dasamuka. Wadyabalanipun
Prabu Dasamuka punika sedaya sami sekti mandraguna mboten tedhas ing sawarnaning gegaman
ingkang wonten. Pramila para prajurit wanara sami kewuhan, kados pundi caranipun saged
ndhesek utawa mikut Prabu Dasamuka sawadyabalanipun. Pungkasanipun cariyos, Anoman
nggadhahi cara kangge merjaya Prabu Dasamuka punika. Satunggaling wekdal Anoman
ngangkat Gunung Somawana, pangangkahipun Anoman badhe nebleg polah tingkahipun
Dasamuka. Wusananipun Prabu Dasamuka saged sirna amargi dipuntableg kaliyan Gunung
Somawana dening Anoman. (Kapethik saking Silsilah Wayang Purwa dening S. Padmosoekotjo
mawi ewah-ewahan)

You might also like