You are on page 1of 10

Soal ujian semester genap kelas X

I. Wenehana tandha ping ( X ) aksara A,B,C,D,utawa E ing sangarepe wangsulan kang


bener!

1 Sanajan kurang ngati – ati nanging isih diparingi slamet , iku paribasane ….
a. Sluman slumun slamet
b. Yitno yuwana mati lena
c. Madu balung tanpo isi
d. Kadang konang
e. Ulat mandhep ati karep
2. Tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran ,iku paribasane …..
a. Kebat kliwat gencang pincang
b. Kaduk wani kurang deduga
c. Kalah cacak menang cacak
d. Kadang konang
e. Kelacang kepathak
3. Watake wong enom kang grusa – grusu kurang petung , iku paribasane …..
a. Kadung wani kurang deduga
b. Kebat kliwat gancang pincang
c. kalah cacak menang cacak
d. Kadang konang
e. Kacang mangsa ninggal lanjaran
4. Yen kowe tinindak dadi wong gedhe,aja lumaku nganggo engrang,bokmanawa
ditunjang dening wong cilik. Tembung tinitah klebu …..
a. Rimbang tanggap – na wantah
b. Rimbang tanggap – na i – kriya
c. Rimbang tanggap – na ke – kriya
d. Rimbang tanggap tarung wantah
e. Rimbang tanggap I – kriya
5. Mugi – mugi Gusti ingkang Maha Agung paring piwales ingkang samurwatipun.
Tembang piwales kalebu …..
a. Tembung lingga andhahan
b. Tembung lingga
c. Tembung andhahan
d. Tembung wod
e. Tembung garba
6. Raket,supeket,keket temanten sarimbit anggennya kekathen asta. Kekathen asta
tegese…..
a. Gandhengan
b. Nyembah
c. Malang kerik
d. Ngawe – awe
e. Ngapurancang
7. Jenise basa rinengga kang ing pethilan tembang campursari ing ndhuwur yaiku…..
a. Wangsulan lan purwakanthi swara
b. Parikan lan purwakanthi swara
c. Cangkriman lan Wangsalan
d. Parikan lan wangsalan
e. Dasanama lan parikan
8. Samubarang pangaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane,iku paribasane …..
a. Kalah cacak menang cacak
b. Mikul dhuwur mendhem jero
c. Gliyak – gliyak tumindak,sareh pakoleh
d. Entek ngamek kurang golek
e. Lahang karoban manis
Semaken pethilan cerkak ing ngisor iki !
Swasana wengi iku pancen sepi.tan ana swarane sato kewan wengi kang
Ngumandangake kidung kaendahan sepining wengi tambah sansaya sepi kanthi
Tumibaning udan riwis – riwis kang wiwit sore ora mandheg – mandheg hawane
Sansaya kekes ora maido yen sato kewan wengi sarta janma manungsa luwih
Seneng ana wismane dhewe – dhewe ngumbar pangangen – angen tan prabeda
Karo ningrum Kenya lencir kuning iku lungguh ijen ana ruwang tamu atine ningrum
Lagi kasaput mendhung pikirane ngulandara mecak lelakon sing wis kawuri lelakon
Kang nyebabake dheweke kudu ninggalake wong tuwane sing wis ngukir jiwa ragane
9. Tembang saroja kang tinemu ing pethilan cerkak ing nduwur yaiku …..
a. Sato kewan janma manungsa
b. Kewan wengi jiwa raga
c. riwis – riwis pangangen – angen
d. atine lagi kasaput mendhung
e. kewan wengi ruwang tamu
10. Gapurane pahargyan rinengga edining rerenggan janur kuning sinangga ing pisang raja
Cengkir gading, tebu wulung,pari sawuli,sekar sarta wohing kapas,ron apa – apa,suket
Alang – alang ,roningkluwih,ron waringin sarencekipun,ron kara miwah sekar kemuning
Ingkang mengku wasita sinandhi.
Rerengan ing gapuraning pahargyan kang nduweni pasemon muga – muga tansah
Linuwehake ing kamulyane,kamuktene lan kawibawane yaiku…..
a. Ron kluwih
b. Janur kuning
c. Pisang raja
d. Ron kara
e. Tebu wulung
11. Tembung loro kang padha utawa meh padha dingo bebarengan diarani …..
a. tembung saroja
b. tembung entar
c. tembung yogaswara
d. tembung wangsalan
e. dasanama
12. Ing ngisor iki klebu pepindhan,kajaba …..
a. palarapaning panganten putri sinungging pepaes awarna kresna,ireng,meles,
menges,anjanges pantes
b. cecundhuk pinetha wulan tumunggal,denapit cethung kanan kering,lir peksi
jiwa – jiwa
c. cundhuk mentul pinasang titi tata pinatut,ketiyup ing maruta sumilir kadi kembang
dewadaru
d. lamun ginupit ing wardaya kadya astane Kenya sulistya angawe – awe mring keka
sihe…..
e.kasulistyane risang penganten putri kadya bathari ratih angejawatah
Semaken pethilan teks geguritan ing ngisor iki !
Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing nduwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangu ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran aku ora bakal mati amarga ngelih
13. Phetilan teks geguritan ing nduwur kadunungan jenise basa rinengga…..
a. purwakanthi guru swara
b. purwakanthi guru sastra
c. purwakanthi guru basa
d. parikan
e. wangsalan
14. Rerengan ing gapuraning pahargyan kang nduweni pasemon nyuwun ing ngarsane
Gusti muga – muga tansah pinaringan nur cahya keselametan yaiku….,
a. Janur kuning
b. Cengkir gading
c. Ron kara
d. Tebu wulung
e. Ron waringin
15. Senajan alon -alon anggone tumindak, nanging bisa kelaksana kekarepane,iku
Paribasane …..
a. Gliyak – gliyak tumindak sareh pakoleh
b. During pecus keselak besus
c. Kalah cacak menang cacak
d. Entek ngamek kurang golek
e. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh
16. Rupane bagus ayu tur luhur bebudene,iku paribasane …..
a. lahang karoban manis
b. mikul dhuwur mendhem jero
c. gliyak – gliyak tumindak sareh pakoleh
d. kalah cacak menang cacak
e. entek ngamek kurang golek
17. Brol luhnya marawayan mili ing pangarusan ,riwe nelesi busana miwah
Saranduning sarira.tembung pangarasan tegese ……
a. Pipi
b. Tangan
c. Bathuk
d. Pundhak
e. Dengkul
18. ….. mangalad – alad mbesmi alas serta gunung – gunung nganti ludhes …..
a. dahana
b. samirana
c. pratala
d. bantala
e. Kartika
19. Tembung pinatut,pinilih,sinungging,tembunge lingga …..
a. patut,pilih,sungging
b. atut,silih,sungging
c. patut,silih,sungging
d. patut,pilih,nungging
e. atut,pilih,nungging
20. Tembung pepaes,cecundhuk,kekasihe,kalebu tembung rangkap…..
a. dwipurwa
b. dwilingga wantah
c. dwilingga salin swara
d. dwilingga semu
e. dwiwasana
21. Kautamaning sang suba manggala saya ngalelu kachina lebda ing adi endahing
Budaya katitik nggenira marngarsani kirabing panganten tumapaking pada tinata
Runtut nut iramaning gendhing sinawang ebahing asta mangulah langen mataya
Karwayan wadana mandhep pandalu tumukul ing bantala sakedhap – sakedhap
Asta angapurancang anteng jatmika.Tembung pandalu tegese …..
a. Mripat
b. Tangan
c. Sikil
d. Ati
e. Awak
22. Ing ngisor iki kalebu karakteristik teks sastra,kajaba …..
a. nuwuhake kesan logis in batine sing maca
b. nduweni sifat imajinatif
c. nduweni makna konotatif
d. nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca
e. nyentuh ing rasa
23. Ing ngisor iki kalebu karakteristik teks non sastra,kajaba …..
a. migunakake pilihan tembung,ukara,lan gaya basa sing bebas
b. nduweni sifat obyektif
c. nduweni makna denotative
d. nyentuh pikiran
e. nduweni sifat faktatis
24. Ing ngisor iki kang kalebu teks sastra yaiku …..
a. panyandra,cerkak,tembang macapat
b. cerkak,geguritan,artikel
c. artikel,tembang campursari,panyandra
d. geguritan,laporan,cerkak
e. artikel,laporan,karyatulis ilmiah
25. Ing ngisor iki kalebu jenise basa rinengga kang awujud kasusastran,yaiku …...
a. parikan
b. tembung entar,tembung saroja,dasanama
c. cangkriman,purwakanthi,tembungyogaswara
d. paribasan,cangkriman,dasanama
e. tembung rangkep,cangkriman,paribasan
26. Rasa thinthingane swara cendhek nganti swara dhuwur ing tembang macapat
Diarani …..
a. Laras
b. Cengkok
c. Pupuh
d. Titi laras
e. Pedhotan
27. Ukuran cenhek lan dhuwur swara kanggo nglagokake tembang ing tembang macapat
Diarani…..
a. Pathet
b. Cengkok
c. Pada
d. Titi laras
e. Pedhotan
28 Kang diarani guru wilangan ing paugeran tembang macapat yaiku …..
a. Cacahing wanda saben sagatra
b. Tibaning swara ing pungkasane gatra
c. Tibaning swara ing pungkasane pada
d. Cacahing larik saben sapada
e. Cacahing wanda saben sapada
29. Syair utawa tetembungan kang dienggo ing tembang macapat diarani…..
a. cakepan
b. cengkok
c. pathet
d. pada
e. titi laras
30. Paugeran tembang macapat ing antarane kaiket dening guru gatra kang diarani
Guru gatra yaiku …..
a. Cacahing larik saben sapada
b. Tibaning swara ing pungkasane gatra
c. Tibaning swara ing pungkasane pada
d. Cacahing wanda saben sagatra
e. Cacahing wanda saben sapada
31. Tembang macapat kang dhuweni gatra 5 yaiku…..
a. gambuh ian megatruh
b. maskumambang lan pocong
c. gambuh lan durma
d. dhandanggula
e. megatru lan pocong
32. Tembang macapat kang paugerane 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i, yaitu…..
a. pangkur
b. durma
c. pocong
d. asmarandana
e. sinom
33. Tembang macapat kang nduweni paugeran 12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i yaitu…..
a. durma
b. maskumambang
c. pangkur
d. mijil
e. asmarandana
34. Tembang macapat kang nggambarake manungsa kang lagi lair inga lam Donya
Yaiku…..
a. Mijil
b. Pacong
c. Gambuh
d. Maskumambang
e. Asmarandana
35. Manungsa kang wus nyingkiri hawa nepsu angkara murka digambarake ing
Tembang macapat …..
a. Pangkur
b. Pocung
c. Gambuh
d. Maskumambang
e. Dhandhanggula
36. Dhuh anak mas sira wajib angurmati,
Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah
Cake pan tentang macapat ing ndhuwur tuladhane tembang …..
a. Maskumambang
b. Pocung
c. Dhandanggula
d. Gambuh
e. Kinanthi
37. Tembang macapat kang nggambarake manungsa kang lagi nandang asmara yaiku….
a. asmarandana
b. maskumambang
c. pocung
d. gambuh
e. mijil
38. Paugeran tembang gambuh yaiku …..
a. 7u,10u,12i,8u,8o
b. 10i,6o,10e,10i,6i,6u
c. 12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i
d. 12u,6a,8i,12a
e. 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
39. Ing ngisor iki kalebu tembang garba warga ha,yaiku…..
a. narendra
b. munggweng
c. lagyantuk
d. lumebweng
e. kapyarsa
40. Sepiku ing tengah wengi
Neng ati tansah kelingan
Saiki seng takrasakne
Saya suwe saya cuwa
Aku kur bisa pasrah
Kabeh rasamu nggo aku
Ora bisa tak rasakna
Miturut paugerane tembang mocopat ing dhuwur kalebu tembang…..
a. Asmaradana
b. Sinom
c. Pocung
d. Gambuh
e. Megabtruh
41. Ing ngisor iki kalebu tembang gerba sutraye,yaiku…..
a. sugyarto
b. aneng
c. kalokeng
d. yeku
e. karyenak
42. Wajibe murid iku
Kudu sregep taberi sinau
Miwah gemi setiti lan ngati – ati
Manut parentahing guru
Bekti mring wong tuwa karo
Paugerane tembang macapat ing dhuwur yaiku…..
a. 7u,10u,12i,8u,8o
b. 7u,9u,12i,8u,8o
c. 7u,9u,11i,8u,8o
d. 7o,10u,11i,8o,8i
e. 7o,10u,12i,8o,8i
43. Ing ngisor iki kalebu tembung garba sutrawam yaiku….
a. munggweng
b. karyenak
c. lakunireki
d. yeku
e. wirotama
44. Dadio lakunireku tembung lakunireku kalebu tembung garba,kanga sale
Saka tembung …..
a. Laku + nira + iku
b. Lakuni + raiku
c. Laku + nire + ku
d. Laku + sira + iku
e. Laku + ira + iku
45. Cacahing tembang macapat ing saben lagu,saka wiwitan nganti pungkasan diarani …..
a. pupuh
b. gatra
c. dhong – dhing
d. guru lagu
e. pada
46. Ing ngosor iki kang kalebu paugerane tembang macapat ,kajaba …..
a. guru sastra
b. guru lagu
c. dhong – dhing
d. guru wilangan
e. guru gatra
47. Cacahing wanda saben sagtra diarani…..
a. guru wilangan
b. guru gatra
c. guru lagu
d. guru swara
e. guru sastra
48. Tembang macapat kang nduweni watak saenake,sembranan,guyonan,yaiku
Tembang …..
a. pocung
b. sinom
c. gambuh
d. megatruh
e. dhandanggula
49. Tembang macapat kang guru gatrane 4 yaiku….
a. pocung lan maskumambang
b. pocung lan gambuh
c. kinanthi lan megatru
d. gambuh lan maskumambang
e. asmarandana lan sinom
50. Tembang macapat kang guru gatrane 7 yaiku…..
a. pangkur,asmarandana,durma
b. dhandanggula lan sinom
c. pocung,gambuh lan maskumambang
d. kinanthi lan mijil
e. asmarandana,mijil,lan sinom

You might also like