You are on page 1of 7

PENINGKATAN KETRAMPILAN MICARA

KANTHI TERPADU FUNGSIONAL LAN KONTEKSTUAL

PAMBUKA

1. Wigatosing Rembag

Kegiatan pamucalan diarahake kangge ningkataken keterampilan crios kanthi


terpadu, fungsional, kaliyan kontekstual. Artosipun, saben materi ingkang dipunsukake
salajeng dikaitaken kaliyan usaha paningkatan keterampilan basan (menyimak, maos,
kaliyan nyerat) kaliyan pangertosan basa (kosakata kaliyan struktur). Kajawi punika,
supados pamucalan punika nggadahi sifat fungsional kaliyan kontekstual mila materi
ingkang dipunsukakaken arupa bahan pamucalan.
Kados nyriosi, berdialog, berpidato/berceramah, kaliyan berdiskusi.
Dipunaturaken materi, teori dipunsukakaken supados siswa saged nyampaiaken
piyambakipun lebet basa ingkang tepat kaliyan leres, nggadhahi wawasan ingkang wiyar.
Ing makalah iki kita bakal bahas ngenani micara kang trep ngangge unggah-ungguh basa
Jawi lare SD kelas 4-6.

2. Kekajengan Ingkang Dipunrembag

Wonten tiga perkawis ingkang dipun aturaken wonten makalah menika:

2.1 Panganggene basa ngoko SD kelas 4-6.


2.2 Panganggene basa krama SD kelas 4-6.
2.3 Unggah-ungguh basa Jawi SD kelas 4-6.

3. Ancas
Bocah SD saged mangertos uga ngetrepakaken basa ingkang leres sesuai unggah-
ungguh basa.

1
WAOSING PIREMBAGAN

Basa Jawi punika basa ingkang kebak subasita utawi sopan-santun. Basa ingkang
dipunginakaken nalika ngendhikan kaliyan rencang mesthine benten kaliyan nalika
ngendikan kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh. Wonten pamucalan sakderengipun
sampun diandharaken menaawi basa Jawi kaperang dados ngoko lugu, ngoko alus, karma
lugu, lan karma inggil. Wonten pamucalan punika badhe ngandaraken babagan unggah-
ungguh basa.

Basa ngoko kaperang dados ngoko lugu lan ngoko alus.


Basa ngoko lugu punika basa ingkang kedadosan saking tembung-tembung ngoko.
Wuwuhannipun ngoko lan netral, basa sajroning ukara ingkang dipunginakaken dening :
1. Tiyang ingkang sampun akrab sanget.
2. Kaliyan tiyang ingkang sakpantaran.
3. Lare marang rencangipun.
4. Tiyang sepuh marang tiyang enem.
5. Tiyang marang piyambakipun.
6. Tiyang ingkang gadah pangkat langkung inggil marang tiyang pangkat andhap.
Tuladha :
A : ‘heh, kanca-kanca sido nggarap tugas basa Jawa ora ?’
B : ‘sido, kapan, ana ngendi ?’
A : ‘mengko sore bakdal ashar ana omahku piye ?’
B : ‘ yo.’

Basa ngoko alus punika basa ingkang wonten ing sajroning ukara, ingkang awujud
tembung-tembungipun arupa tembung ngoko lan karma inggil tumrap tiyang ingkang
dipunajak ngendikan. Dene ater-ater lan panambangipun tetep ngoko. Basa ngoko alus
dianggo dening :
1. Ibu marang bapak wonten dhalem.
2. Tiyang sepuh marang tiyang enem ingkang gadah palungguhan inggil.
3. Tiyang-tiyang ingkang sampun raket, ananging tetep sami ngajeni.
4. Adhik marang kang mase utawi mbakyune ingkang kersa ngajeni.
Tuladha :
1. Pak Lurah mau rawuh mrene, panjenengan pirsa apa durung ?
2. Aku dhewe malah perkewoh menawa pak Lurah kersa tindak mrene.
2
3. Pak Dhe mengko arep tindak karo sapa ?
4. Pak Lurah sing anyar iku asmane sapa ?

Basa Krama Lugu inggih punika tembung-tembung ingkang dipunginakaken tembung


ngoko karma lan karma. Wuhuhannipun netral lan krama. Basa sajroning basa ingkang
dipunginakaken dening :
1. Tiyang ingkang pangkatipun inggil marang pangkatipun andhap.
(tiyang inggil marang tiyang andhap kapareng kangge ngajeni kawontenan yuswa).
2. Tiyang sepuh marang tiyang enem.
3. Tiyang ingkang dereng kenal.
Tuladha :
1. Nuwun sewu pak, kalawingi kula boten kesah amargi kula sakit.
2. Mas, punapa sampean nate kesah dating Semarang ?
3. Wingi kula nedha rajungan malah badan kula gatelen.
4. Cobi panjenengan waos rumiyin serat punika.

Basa Krama Inggil inggih punika basa ingkang dipunginakaken dhumateng tiyang
ingkang dipunaosi. Anngenipun aosi amargi :
1. Tiyang dereng akrab.
2. Yuswonipun langkung sepuh.
3. Pangkatipun langkung inggil.
4. Tiyang enem marang tiyang sepuh.
5. Murid marang guru.
Tuladha :
1. Kala dalu Pak Ahmad kundur saking Surabaya nitih bis ngasta oleh-oleh katah
sanget.
2. Ibu mbenjang minggu panjenengan mundhut uwos gangsak kilo kangge kula nggih ?
3. Punapa laporanipun Amir sampun dipunaturaken panjenengan ?
4. Socanipun bapak ketingal abrit amargi kliliben.

Ing desa Watermanik ana perayaan lamarane Panji Asmarabangun karo Dewi
3
Sekartaji.Ujug-ujug ana lindu kang gedhe,kabeh wong panik lan bubar dhewe-dhewe.Dewi
Sekartaji uga mlayu terus,nganthi ora ngerti daerah ingkang dilewati sehingga mlebu ing tengah
alas.Nanging Panji Asmarabangun isih ing kana.Banjur ngerti yen Dewi Sekartaji lunga,Panji
gela.Dheweke terus lunga nggoleki Dewi Sekartaji lan ngganti asmane dadi Andhe-Andhe
Lumut.Panji akhire tinggal ing omahe Bu Dhadapan.
Sawetara kuwi,amargakeselen Dewi Sekartaji akhire semaput ing alas.banjur wis tangi,Dewi
Sekartaji ora ngerti dheweke ana ing ngendi.Dewi Sekartaji mlaku-mlaku lan weruh villa kang apik
ing pinggir alas.Dewi Sekartaji langsung marani villa kuwi.

ADEGAN 1
Dewi Sekartaji : “ Kulanuwun.....Permisi.....”
Dewi Biru : “ (mbuka lawang) Kowe sapalan arep ketemu sapa ? ”
Dewi Sekartaji : “ Kula Dewi,kula niki kesasar ing mriki.Kula nyuwun ijin kangge tinggal
ing mriki lan kula nyu wun dadekaken kula niki adhine sampeyan,... ”
Dewi Biru : “Arep dadi adhiku ? omah iki wis kebak ! ”
Dewi Sekartaji : “kula purun dikengken napa mawon. ”
Dewi Biru : “Lunga wae kana ! ”

Tapi Dewi Skartaji tetep meksa. Akhire ibune Dewi Biru melu metu.
Bu Wati : “ Ana apa tha iki kok ribut-ribut? (ngampiri Dewi Sekartaji) Lho,sapa iki ?
Ayu banget kowe tha,nduk...? ”
Dewi Sekartaji : “ Bu,kula Dewi,kula niki mboten gadhah griya.Kula nyuwun didadosaken
anggota ing keluwarga niki,”
Bu Wati : “ Yo wis,kowe mlebu dhisik. Ayo ! ”
Dewi Pink : “ Alah,Bu..Ora ana gunane nanggepi dheweke. ”
Dewi Biru : “ Iya,,lagian ing kene wis akeh wong wadon,Bu ! ”

Bu Wati meneng lan mikir-mikir.


Bu Wati : “ Yo wis,nduk cah ayu.Kowe intuk tinggal ing kene.Tapi kowe kudu
ngrewangi gawean ing omah iki ya,nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Inggih,Bu.Maturnuwun...Maturnuwun sanget,Bu ! ”
Bu Wati : “ Jeneng lengkapmu sapa tha nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Asmanipun kula Dewi,Bu! ”
Bu Wati : “ Mmm...amarga klambimu kuning-kuning,kowe tak undang Dewi
Kuning.Lha nak iki mbakyu-mbakyumu,iki Dewi Biru lan iki Dewi Pink.”
4
Akhire Dewi Sekartaji tinggal ang omahe Bu Wati la asmane diganti dadi Dewi Kuning,nanging ing
kana Dewi Sekartaji kerep dikongkoni Dewi Biru lan Dewi Pink.
Dewi Pink : “ Dewi Kuning,Dewi Kuning ! ”
Dewi Kuning : “ Dalem, wonten punapa mbak? ”
Dewi Pink : “ Kumbahna sandhangan reged iki ing kali ! ”
Dewi Biru : “ Jupukna banyu kanggo aku adus lan yen wis bar gosokke klambi klambiku
nganthi alus,aja nganthi aku weruh yen klambi klambiku pada lecek ya ! ”
Dewi Kuning : “ Inggih mbak...! ”
Bu Wati : “ Dewi Kuning, ayo cepet nyapu jogan lan latare kae. ”
Dewi Kuning : “ Inggih Bu...! ”

Krama Inggil Krama Ngoko Krama Inggil Krama Ngoko


dhahar nedha mangan tindak kesah lunga
gerah sakit loro waja - untu
kagem kangge kanggo siram - adus
kakung jaler Lanang mundhut tumbas tuku
kondur wangsul Muleh mundhut mendhet jupuk
maos - Maca maringi ngaturi menehi
midhanget mireng Krungu nitih - numpak
ngendika matur Omong miyos medal metu
nimbali - ngundang mriksani ningali deleng
rawuh dhateng Teka dalem griya omah
rekma - Rambut garwa semah bojo
timur enem Enom asma nama jeneng

PANUTUP
5
1. Dudutan
Saperlu ningkatake unggah-ungguh basa bisa ditrepaken wonten pawiyatan SD
babagan ketrampilan micara. Kangge ndadosaken kabiasaan lare anggenipun ngendikan
kanthi sae.
Kadosta wonten dalem ngginakaken basa krama marang bapak lan ibu (tiyang
sepuh), wonten pawiyatan ngginakaken basa krama inggil nalika ngendikan marang bapak
ibu guru. Ngangge basa ngoko lugu anggenipun gineman kaliyan rencang-rencang.
Katingal saking tindak-tanduk, caranipun ngendikan marang tiyang saged
mangertosi kepribadian lare.

2. Saran

Dipunwiwiti saking lingkungan kaluwarga unggah-ungguh ingkang sae tansah


langkung gampil saged ngrembaka wonten lingkungan pawiyatan.

Ningkataken katrampilan micara wau saged dilaksanakaken kanthi cara guru maringi
tuladha ingkang langkung sae lan ngawontenaken pakulinan ngendika ngangge unggah-
ungguh basa ingkang leres uga trep.

Kangge dosen, menawi wonten kalepatan ing makalah punika kita nyuwun
panuntunipun supados makalah punika saged bermanfaat kangge sanesipun.

Kapustakan
6
Pedoman Guru Basa Jawa kelas IV. CV Sindunata. Kartasura, Sukoharjo.
Sungkono. Tembung Jawi. 2008.

http://planetdemam.blogspot.com/2009/11/dialog-drama-basa-jawa-ngawur.html

You might also like