Professional Documents
Culture Documents
Pembelajaran Bhs Jwa PDF
Pembelajaran Bhs Jwa PDF
PAMBUKA
1. Wigatosing Rembag
3. Ancas
Bocah SD saged mangertos uga ngetrepakaken basa ingkang leres sesuai unggah-
ungguh basa.
1
WAOSING PIREMBAGAN
Basa Jawi punika basa ingkang kebak subasita utawi sopan-santun. Basa ingkang
dipunginakaken nalika ngendhikan kaliyan rencang mesthine benten kaliyan nalika
ngendikan kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh. Wonten pamucalan sakderengipun
sampun diandharaken menaawi basa Jawi kaperang dados ngoko lugu, ngoko alus, karma
lugu, lan karma inggil. Wonten pamucalan punika badhe ngandaraken babagan unggah-
ungguh basa.
Basa ngoko alus punika basa ingkang wonten ing sajroning ukara, ingkang awujud
tembung-tembungipun arupa tembung ngoko lan karma inggil tumrap tiyang ingkang
dipunajak ngendikan. Dene ater-ater lan panambangipun tetep ngoko. Basa ngoko alus
dianggo dening :
1. Ibu marang bapak wonten dhalem.
2. Tiyang sepuh marang tiyang enem ingkang gadah palungguhan inggil.
3. Tiyang-tiyang ingkang sampun raket, ananging tetep sami ngajeni.
4. Adhik marang kang mase utawi mbakyune ingkang kersa ngajeni.
Tuladha :
1. Pak Lurah mau rawuh mrene, panjenengan pirsa apa durung ?
2. Aku dhewe malah perkewoh menawa pak Lurah kersa tindak mrene.
2
3. Pak Dhe mengko arep tindak karo sapa ?
4. Pak Lurah sing anyar iku asmane sapa ?
Basa Krama Inggil inggih punika basa ingkang dipunginakaken dhumateng tiyang
ingkang dipunaosi. Anngenipun aosi amargi :
1. Tiyang dereng akrab.
2. Yuswonipun langkung sepuh.
3. Pangkatipun langkung inggil.
4. Tiyang enem marang tiyang sepuh.
5. Murid marang guru.
Tuladha :
1. Kala dalu Pak Ahmad kundur saking Surabaya nitih bis ngasta oleh-oleh katah
sanget.
2. Ibu mbenjang minggu panjenengan mundhut uwos gangsak kilo kangge kula nggih ?
3. Punapa laporanipun Amir sampun dipunaturaken panjenengan ?
4. Socanipun bapak ketingal abrit amargi kliliben.
Ing desa Watermanik ana perayaan lamarane Panji Asmarabangun karo Dewi
3
Sekartaji.Ujug-ujug ana lindu kang gedhe,kabeh wong panik lan bubar dhewe-dhewe.Dewi
Sekartaji uga mlayu terus,nganthi ora ngerti daerah ingkang dilewati sehingga mlebu ing tengah
alas.Nanging Panji Asmarabangun isih ing kana.Banjur ngerti yen Dewi Sekartaji lunga,Panji
gela.Dheweke terus lunga nggoleki Dewi Sekartaji lan ngganti asmane dadi Andhe-Andhe
Lumut.Panji akhire tinggal ing omahe Bu Dhadapan.
Sawetara kuwi,amargakeselen Dewi Sekartaji akhire semaput ing alas.banjur wis tangi,Dewi
Sekartaji ora ngerti dheweke ana ing ngendi.Dewi Sekartaji mlaku-mlaku lan weruh villa kang apik
ing pinggir alas.Dewi Sekartaji langsung marani villa kuwi.
ADEGAN 1
Dewi Sekartaji : “ Kulanuwun.....Permisi.....”
Dewi Biru : “ (mbuka lawang) Kowe sapalan arep ketemu sapa ? ”
Dewi Sekartaji : “ Kula Dewi,kula niki kesasar ing mriki.Kula nyuwun ijin kangge tinggal
ing mriki lan kula nyu wun dadekaken kula niki adhine sampeyan,... ”
Dewi Biru : “Arep dadi adhiku ? omah iki wis kebak ! ”
Dewi Sekartaji : “kula purun dikengken napa mawon. ”
Dewi Biru : “Lunga wae kana ! ”
Tapi Dewi Skartaji tetep meksa. Akhire ibune Dewi Biru melu metu.
Bu Wati : “ Ana apa tha iki kok ribut-ribut? (ngampiri Dewi Sekartaji) Lho,sapa iki ?
Ayu banget kowe tha,nduk...? ”
Dewi Sekartaji : “ Bu,kula Dewi,kula niki mboten gadhah griya.Kula nyuwun didadosaken
anggota ing keluwarga niki,”
Bu Wati : “ Yo wis,kowe mlebu dhisik. Ayo ! ”
Dewi Pink : “ Alah,Bu..Ora ana gunane nanggepi dheweke. ”
Dewi Biru : “ Iya,,lagian ing kene wis akeh wong wadon,Bu ! ”
PANUTUP
5
1. Dudutan
Saperlu ningkatake unggah-ungguh basa bisa ditrepaken wonten pawiyatan SD
babagan ketrampilan micara. Kangge ndadosaken kabiasaan lare anggenipun ngendikan
kanthi sae.
Kadosta wonten dalem ngginakaken basa krama marang bapak lan ibu (tiyang
sepuh), wonten pawiyatan ngginakaken basa krama inggil nalika ngendikan marang bapak
ibu guru. Ngangge basa ngoko lugu anggenipun gineman kaliyan rencang-rencang.
Katingal saking tindak-tanduk, caranipun ngendikan marang tiyang saged
mangertosi kepribadian lare.
2. Saran
Ningkataken katrampilan micara wau saged dilaksanakaken kanthi cara guru maringi
tuladha ingkang langkung sae lan ngawontenaken pakulinan ngendika ngangge unggah-
ungguh basa ingkang leres uga trep.
Kangge dosen, menawi wonten kalepatan ing makalah punika kita nyuwun
panuntunipun supados makalah punika saged bermanfaat kangge sanesipun.
Kapustakan
6
Pedoman Guru Basa Jawa kelas IV. CV Sindunata. Kartasura, Sukoharjo.
Sungkono. Tembung Jawi. 2008.
http://planetdemam.blogspot.com/2009/11/dialog-drama-basa-jawa-ngawur.html