You are on page 1of 4

SENGKALAN

(CANDRA SENGKALA)

(Riantina Puspitasari/16020114062/2016-C)

1. Tegesipun Sengkalan

Tembung sengkalan (sangkalan) menika sejatosipun saking tembung akakala,

tegesipun : kala Çaka (warsa Çaka) inggih menika taunipun krajan aka ing India,

taunipun Çaka dipunwiwiti taun 78 M pramila kagem nemtokaken taun Masehi saking
petangan taun Çaka menika kedah dipuntambahi 78. Tuladhanipun, taun 900 , petangan
taun awewaton lampahipun surya, pramila umuripun sami kalihan taun Masehi. Rikala

semanten piyantun Jawi sami ngginakaken petangan taun aka, lajeng wonten jaman

jumenengipun Sultan Agung dipunowahi dados taun Jawi (1555 C = 1633 M) ingkang
petanganipun anud lampahipun rembulan.

Saking andhran ing inggil, saged dipundudud bilih sengkalan menika kaperang
dados kalih, inggih menika surya sengkala lan candra sengkala. Dene tegesipun surya
sengkala inggih menika pengetan taun kanthi paugeran lampahipun surya/srengenge, dene
candra sengkala menika pengetan taun kanthi paugeran lampahipun candra utawi
rembulan. Ananging wonten jaman samenika namung kaginaaken tembung sengkalan
kemawon (Sidomulyo, 1984:1)

2. Pamaosipun Sengkalan
Tembung-tembung sengkalan dipunwaos saking wingking mangajeng, amargi
tembung-tembung wau ngemu watak ingkang mujudaken angkanipun taun. Dene watak
menika tegesipun sami kalihan tembung ”batak” ingkang tegesipun pepanthan
‘golongan’. Milanipun tetembungan ingkang kapetha ing sengkalan ngemu pengetan
tuladhanipun : panggung luhur sangga buwana punika sengkalanipun kraton Surakarta,
ingkang tegesipun, panggung = Pa agung (tumrap aksara Jawi) ingkang tegesipun 8, luhur
= 0, sangga = 7, buwana = 1 dados mungel taun 1708.
3. Ukara ingkang dipunagem sengkalan.
Sengkalan menika ginanipun kagem mengeti kedadosan utawi lampahan
ingkang kedadosan wonten ing taun sinandi. Ukara pengetan kalawau mliginipun kedah :
a. Ngemu suraos ingkang laras kalihan ingkang dipunpengeti
b. Pangrakitipun tembung kedah mujudaken ukara ingkang sekeca upami
dipunucapaken.
c. Pamilihipun tembung kedah migunakaken tembung limrah kasrambah. Tegesipun
tembung-tembung ingkang dipunginakaken kedah leres lan laras, kanthi
migunakaken tembung-tembung ingkang trep. Gampil dipunmangertosi, miwah
jumbuh kalih tegesipun ukara.
Saking andharan ing inggil, punika tuladhanipun sengkalan ingkang kirang
prayogi, upaminipun 1980 : Swarga rong gajah ratu. Upami dipuntegesi, sampun
nuduhaken taun 1980, ananging ukaranipun mboten kenging dipuntegesi. Dene
sengkalan ingkang sae tuladhanipun, taun 1877 : wulanging dwija ingesthi putra.
Menika laras kalihan taunipun, lan ukaranipun saged dipuntegesi kanthi maton.
4. Caranipun negesi watakipun tembung
Cara negesi wataking tembung punika wonten ingkang gampil, wonten ugi
ingkang mboten mudhengaken, rumiyin kados mboten mekaten, jalaran caranipun
nyuraos wataking tembung sadaya pinanggih nalar, upaminipun:
- Dwi tegesipun kalih, wataking inggih kalih
- Tangan : ingkang gadhang tangan punika manungsa, kanthi cacah kalih
mila upami dipundadosaken sengkalan tegesipun ugi kalih sami kalihan
peranganipun badan ingkang tegesipun anut cacahipun.
- Bumi : ing jagad wontenipun namung satunggal mila mengku watak
setunggal. Semanten ugi lintang, surya, rembulan watakipun inggih
setunggal.

Upami tembung-tembung ingkang dipunginakaken menika wonten sambung


rapetipun kalih kahanan samangke, anggenipun negesi langkung gampil. Ananging
upami ngemu suraos ingkang mboten gathuk kalihan kahanan samangke kadosta
migunakaken basa sansekerta lan sanesipun menika anggenipun negesi rekasa sanget
pramila saget njalari melesed ing panyuraos.

5. Pangrimbagipun tembung ingkang dipunagem dhateng sengkalan


Pangrimbagipun tembung ingkang dipunagem dhateng sengkalan adhedhasar :
- Guru dasanama : tembung ingkang nunggil teges kaanggep sami
watakipun, kadosta : gunung, prawata, aldaka, giri lsp.
- Guru sastra : tembung-tembung ingkang sami panyeratipun kaanggep
nunggil watak, kadosta : tri watak 3, stri ugi kadamel watak 3, astha
watak 8, isthi, hasti ugi watak 8, marga watak 5 (gangsal) marga,
margana ugi lajeng watak 5.
- Guru warga : tembung-tembung nunggil golongan (warga) kaanggep
sami watakipun : srengenge, rembulan, lintang lsp.
- Guru wanda : tembung-tembung ingkang ing panyerat sami
wandaanipun, kaanggep nunggil watak, kadosta tri, suka lan bisuka,
guling lan gumuling lsp.
- Guru sarana : namaning parantos minangka srana nindakaken pakaryan
kaanggep sami watakipun kaliyan tembung ingkang nindakaken
pakaryan kala wau. Upaminipun : pancakara watak 5, panah inggih
watak 5, tumbak, pedhang lan sedaya gegaman pirantosin perang
watakipun ugi 5. Rasa watak 6, lidhah, ilat ugi watak 6.
- Guru karya : pakaryan ugi kaanggep nunggil watakipun kaliyan
ingkang nindakaken pakaryan kala wau kadosta : tangan watak 2,
nyembah ugi watak 2, netra (mripat) watak 2, swiwi watak 2, mabur
watak 2, lsp.
- Guru darwa : tembung sipat/kaanan kaanggep nunggil watak kaliyan
ingkang kadunungan sipat, upamanipun : tirta, toya, banyu watak 4,
suci, bening, anyep watakipun ugi 4. Lajeng gunung watak 7, gedhe,
luhur ugi watalk 7.
- Guru jarwa : tembung-tembung ingkang mengku teges sami memper
kaanggep sami watakipun tuladhanipun : manis, hartati, raos, raras
sami watak 6, obah watak 6, retu oyag ugi nggadhahi watak 6.
Ingkang katur nginggil punika estunipun namung ancer-ancer, kenginga
kangge ngudhari sengkalan, wondene sagedipun mangertosi.

6. Tembung ingkang nunggil watak / wilangan


Watak 1 : bumi, srengenge, rembulan, lintang, bupati, ratu gusti, buntut, urip,
janma, (peranganing badan ingkang naming setunggal) wungkul, lsp.
Watak 2 : kembar, penganten, mripat, kuping, tangan, swiwi, alis, pipi, lsp.
Watak 3 : geni, murub, panas, lsp.
Watak 4 : toya, wening, suci, anyep, sumber, wedang, warna, lepen lsp.
Watak 5 : pandhawa, pancakara, panah, tumbak, pedhang, lsp.
Watak 6 : rasa (tikta = pait, lona=pedhes, mla=kecut, kyasa=gurih, dura=asin,
sarkara=manis) susah, ilat.
Watak 7 : pandhita, resi, gunung, jaran, angsa, lsp.
Watak 8 : astha, esthi = gajah, tengah, madya, lsp.
Watak 9 : bolongan, leng, lawing, gapura, guwa, pintu, lsp.
Watak 0 : suwung, kosong, rusak, ilang, lunga, langit, musna, lsp.

7. Pangagenipun sengkalan
Sengkalan mekaten limrahipun kangge mengeti satunggaling lelampahan
ingkang wigatos, kadosta : pengetan panganggiting serat, lairipun putra, miwiti damel
griya, lsp. Wondene manawi kangge ing serat (karya sastra) kimahipun dipun
papanaken wonten purwakaning serat, utawi panutuping serat.

Tuladha sengkalan ing purwakaning serat:


Serat Rama : tabuh sapta nudya budha manis, wulan surakaping dasa, ing mangsa
kapatwukune kuranthil je kang taun, sirnengtata pandhita siwi,
(1750), sangkala duk anurat, agnya, maha nurun, mangun langening
caritane bhathara Rama ing kawi, jinarwaken ing karma.

Sengkalan ing panutuping serat :


Salokatama : iti panwunging ruwiyadi, ri so m a katongton, kaping sapta sapar
wimbaning lek, tabuh astha dal sengkaleng warsi, dwara trusing ardi,
risang mahaprabu (1799).

Ing ngandhap punika sawetawis tuladha-tuladha candra sengkala:


1. Sirna ilang kertaning bumi (0 . 0 . 4 . 1) dados taun : 1400 menika titi mangsa
sirnanipun agunging Majapahit.
2. Rupa sirna retuning bumi (1 . 0 . 6 . 1) dados taun : 1601 menika titimangsa
nalika Trunajaya kacepeng dening wadyanipun Sunan Amral.
3. Sangsaya luhur salira sang aji (5. 0 . 8 . 1) dados taun : 1805 menika panembrana
mahargya PB. IX, yasan Mangkunagara IV.
4. Rasaning maharsiwinulang neng sunu (6 . 7 . 7 . 1) dados taun :1776 menika
sedanipun K G P AA Mangku Nagara IV.
5. Janma trus kaswareng jagat (1 . 9 . 7 . 1) dados taun : 1791 menika titimangsa ing
serat HIdayat jati.

You might also like