You are on page 1of 2

Tegese “Sun Miwiti Muji ing Alloh Kelawan Singir”

Bait 1 :Akal iku bisa berubah-ubah. Kita bisa mbeneri supaya bisa entuk
mufadhilahe Gusti Allah.

Bait 2 : Bapak iku wajib maringi anake sandhang pangan lan ngajari ngamal gawe
sangu ing akhirat.

Bait 3 : Kabeh manungsa kudu nduweni ilmu lan ngolek ilmu ojo sampe leren.

Bait 4 : Bapak iku contoh gae anak lan bojone. Kudu ngajarake kewajiban agama
islam lan kudu nuntun ben gak maksiat.

Bait 5 :Ilmu iku bakal ono lin digoleki. Ilmu apik bakal nuntun kita mlebu
suwargo.

Bait 6: Manungsa saiki luwih seneng maksiat ketimbang golek ilmu apik gawe
ing akhirat.

Bait 7 : Manungsa iku wajibe kudu syukur lan gak njaluk neka-neka marang gusti
Allah.

Bait 8 : Takdire Allah iku meti apik, masio awake dewe ngeroso yen takdir iku
ora nyenengake.

Bait 9 : Yen uripmu kerasa penak. Ojok lali ngamal gawe sangu ing akhirat.

Bait 10 : Ilinga karo siksa kubur. Yen amalmu apik bakal tentrem ing kubur.

Bait 11 : Kabeh manungsa ing donya, akhire mesti mati.

Bait 12 : Yen ono keadaan lara, ojo sambat. Ilinga marang Gusti Allah sing
maringi pitulungan.

Bait 13 : Awak kabeh bakal dadi saksi ing akhirat marang kabeh sing deweke
perbuat.

Bait 14 : Awake dewe kudu mbayango sing apik-apik. Ojok mbayangno elek.
Bait 15 : Manungsa sing wes gila donya bakal lali karo agamane lan akhirate.

Bait 16 : Manungsa sing kuat agamane bakal tentram pikirane ing akhirat.

Bait 17 : Manungsa sing maksiat bakal susah ing akhirat.

Bait 18 : Manungsa yen wes mati gaiso maneh mbeneri amale. Kari nerima siksa
utawa ganjar.

Bait 19 : Yen manungsa ngerti siksa kubur. Mesti manungsa bakal ngamal terus
lan ngadohi maksiat.

Bait 20 : manungsa ora eling yen umure saben dina saya ngurang.

Bait 21 : Kabeh sing awake dewe nduweni ing donya bakal ditinggal yen mati.

Bait 22 : Manungsa sing gak taat syariat lan perintahe Gusti Allah bakal susah
ing akhirat.

Bait 23 :Manungsa kudu bisa ngendalikno nafsune dewe sing bisa gawe
manungsa lali marang Gusti Allah

Nama : Gitty Ristiana J. (13)


Miftah Nuriel R. (16)

You might also like