You are on page 1of 2

Nama : Nurkhakiki

NIM : 23010170077
Kelas : PAI L
No. : 19

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil
ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa ashaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna
muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Bapak Wido Murwadi ingkang kinurmatan lan konco-konco ingkang kulo


tresnani. Puji syukur monggo kita unjukaken dhumateng allah SWT ingkang
sampun paring nikmat lah hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya
saget makempal wonten ing papan menika kanti kadaan sehat wal afiat. Solawat lan
salam mugi katetepna dhumateng Nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam
dumateng para keluarga, sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman
samangkih amin.

“Jer Basuki Mawa Beya”. Jer (mesthine), basuki (aman utawa sejahtera),
mawa (mbutuhake utawa migunakake), beya (biaya utawa pangorbanan).
Tegesipun yaiku kanggo mujudake idham-idhamane, manungsa perlu ngetokake
ongkos utawa pangorbanan sing samurwat. Sing dikarepake ongkos utawa
pangorbanan ora mung awujud bandha donya, nanging uga sing magepokan karo
patrap lan batin. Kayata, nyambut gawe tumemen, jujur, sabar, lan sapanunggalane.
Tegese ora ana gegayuhan bakal kaleksanan yen mung dilakoni kanthi ongkang-
ongkang.

Sing baku unen-unen iki aja diplesetake, jalaran nggegegi paribasan iki.
Tegese, mbenerake sadhengah cara utawa rekadaya kang salah sajroning mujudake
gegayuhan. Contone kepengin enggal sugih banjur wani kendel korupsi, nyogok
mrana-mrene amrih lancar dalane.

1
Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging
pangapunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

You might also like