You are on page 1of 11

‫‪KHUTBAH IDUL ADHA‬‬

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫إِ َّن ا ْل َح ْم َد ِ َّّلِلِ نَ ْح َم ُدهُ ن َْح َم ُدهُ َونَ ْستَ ِع ْينُهُ َونَ ْستَ ْغ ِف ُرهُ َونَعُ ْوذُ بِا ِ‬
‫هلل‬
‫ض َّل لَهُ‬ ‫ت اَ ْع َما ِلنَا َم ْن يَ ْه ِد هللاُ فَالَ ُم ِ‬ ‫س ِيِّئَا ِ‬‫ش ُر ْو ِر ا َ ْنفُ ِسنَا َو َ‬ ‫ِم ْن ُ‬
‫ِي لَهُ‪ .‬اَ ْش َه ُد ا َ ْن الَ اِلهَ اِالَّ هللاُ َو ْح َدهُ الَ‬ ‫ض ِل ْل فَالَ َهاد َ‬ ‫َو َم ْن يُ ْ‬
‫سالَ ُم‬ ‫صالَة ُ َوال َّ‬ ‫س ْولُهُ َوال َّ‬ ‫ع ْب ُدهُ َو َر ُ‬‫ش َِري َْك لَهُ َوا َ ْش َه ُد ا َ َّن ُم َح َّمدًا َ‬
‫ص َحا ِب ِه َو َم ْن تَ ِبعَهُ اِلَى يَ ْو ِم‬ ‫علَى َءا ِل ِه َواَ ْ‬ ‫علَى نَ ِب ِيِّنَا ُم َح َّم ٍد َو َ‬ ‫َ‬
‫ص ْي ُك ْم َونَ ْف ِسي ِبت َ ْق َو ِ‬
‫هللا‬ ‫هللا ‪ :‬ا ُ ْو ِ‬
‫ال ِ ِّدي ِْن‪ .‬ا َ َّما بَ ْعدُ‪ :‬فَيَا ِعبَا َد ِ‬
‫آن ْال َك ِري ِْم‪:‬‬ ‫عتِ ِه لَعَلَّ ُك ْم ت ُ ْف ِل ُح ْونَ ‪ .‬قَا َل هللاُ تَعَالَى فِى ْالقُ ْر ِ‬ ‫طا َ‬‫َو َ‬
‫يَااَيُّ َها الَّ ِذيْنَ ا َ َمنُوا اتَّقُوا َ‬
‫هللا َح َّق تُقَاتِ ِه َوالَ ت َ ُم ْوت ُ َّن اِالَّ َواَ ْنت ُ ْم‬
‫ُم ْس ِل ُم ْونَ‬
‫هللا أكبر ‪ ×3‬هلل أكبر ‪ ×3‬هلل أكبر ‪×3‬‬
‫ان هللاِ بُ ْك َرةً َوأ َ ِص ْيالً‪،‬‬‫س ْب َح َ‬ ‫هللاُ ا َ ْكبَ ُر َكبِ ْيرا ً َوا ْل َح ْم ُد ِهللِ َكثِ ْيرا ً َو ُ‬
‫الَإلَهَ اِالَّ هللاُ َوهللاُ ا َ ْكبَ ُر‪ ،‬هللاُ ا َ ْكبَ ُر ِوهللِ ا ْل َح ْمدُ‪.‬‬

‫‪Jamaah ‘Aidiin wal ‘aidat rohimakumulloh‬‬


‫‪Puji lan syukur, sumangga kita konjukaken wonten ngarso dalem‬‬
‫‪Allah SWT, ingkang tansah paring kanikmatan dhumateng kita.‬‬
‫‪Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan langkung-‬‬
‫‪langkung nikmat iman lan islam ing manah kita.‬‬
‫شدِيد‪.‬‬ ‫ش َك ْرت ُ ْم أل َ ِزي َدنَّ ُك ْم َولَئِن َكفَ ْرت ُ ْم إِ َّن َ‬
‫ع َذابِيلَ َ‬ ‫لَ ِئن َ‬
‫‪Shalawat saha salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng‬‬
‫‪Rosululloh Muhammad SAW, keluarga, shahabat, tabiin, tabi’it‬‬
‫‪tabi’in, saha sedaya umat ingkang tansah miderek sunnah-‬‬
‫‪sunnah ipun.‬‬
Allohu Akbar-Allahu Akbar Walilahilhamd
Saklajengipun sumangga kita tansah nggatosaken babagan
ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh, sumangga
kita angkah, tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita
dhedepe wanteng ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-
dhawuh ipun lan nilar sedaya kemaksiatan lan awisanipun.

َ ‫يَااَيُّ َها الَّ ِذيْنَ ا َ َمنُوا اتَّقُوا‬


‫هللا َح َّق تُقَا ِت ِه َوالَ ت َ ُم ْوت ُ َّن اِالَّ َوا َ ْنت ُ ْم‬
َ‫ُم ْس ِل ُم ْون‬
Sumangga ing manah kita tansah nglenggana bilih kita menika
titahipun Allah, hambanipun Allah...kdhawuhan supados tansah
ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
‫ُون‬ َ ‫َو َما َخلَ ْقتُ ْال ِج َّن َواإل ْن‬
ِ ‫س ِإال ِل َي ْعبُد‬
Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada
ngibadah marang ingsun Allah.
Sumangga kita tansah muhasabah, naliti kanti permati titi lampah
kita saben ndintenipun...sedaya samukawis bab ingkeng tebih
saking ketaatan dhateng Allah lan Rosululloh.... sageta enggal
kita tilar.kita tebihi... kagantos kanthi titi lampah ingkang midherek
dhawuhipun Allah Robbul Izzati:
ُ ‫َّللا َو ْلتَن‬
ْ ‫ظ ْر نَ ْفس َّما قَ َّد َم‬
َ ‫ت ِلغَ ٍد َۖواتَّقُو‬
ۚ َّ‫َّللا‬ َ َّ ‫يَا أَيُّ َهاالَّذِينَ آ َمنُوا اتَّقُوا‬
َ‫َّللا َخبِير بِ َما تَ ْع َملُون‬
َ َّ ‫ِإ َّن‬
He wong-wong kang iman, padha taqwa-o ana ngersane Allah. Lan
Supaya padha nggatekna apa sing wis ditindhakake kanggo dina
sesuk (akherat). Padha taqwa-o siro ing ngarsane Allah, satemene
Allah iku ngawuningani marang samubarang kang padha sira
tindakake.

Allohu Akbar 3x. Walillahilhamd


Jamaah Idhul Adha rohimakumulloh
Sedherek-sederek kita ingkeng wekdal menika nembe
ngestokaken timbalanipun Allah,.. Labbaik Allahumma Labbaik.
Labbaika La syariika laka labbaik. Innal hamda wa nikmata laka
wal-mulka laa syarii kalak.”
Ing Tangggal 9 Dzulhijjah kala wingi sami makempal ing padang
Arofah. saperlu nindakaken wukuf... kawiwitan bakda zawal
/bakda dhuhur dumugi wekdal maghrib. Kalajengaken ing
ndaluipun bermalam ing Muzdhalifah ngantos injing wekdal fajar
tanggal 10 Dzulhijjah tumuli tumuju wonten Mina nindakaken
lempar jumroh.
Allohu akbar 3x. Walillahilhamd
Wukuf ing padang Arofah menika pinangka intinipun ibadah
haji.....sedaya mawi pengagem kain ihram..kados dene kain
kaffanipun layon..ngemutaken dhateng kita, bilih kita sedaya
badhe sedo, kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah..lan
badhe kakempalaken ing padang mahsyar nampi pengadilanipun
Allloh.
Allohu Akbar-Allohu Akbar Walillahilham.
Wukuf ing Arofah..sedaya sami mboten bekta menapa-menapa....
sami khusyuk tumungkul, dzikir, munajad, muhasabah, takbir,
tahmid, tasbih, istighfar....nglenggana sedaya dosa...sami
sesenggukan, muwun pasrah nyuwun pangaksama...ngajeng-
ajeng kawelasan lan rohmat saking Allah Ta’ala......Wonten
swasana mekaten, sedaya pepaes kandonyan kados dene
pangkat jabatan, kasugihan, asal keturunan..lan sanes-sanesipun
sami ical mboten wonten ajinipun...Saestu ngemutaken
dhumateng kita...bilih yektosipun kita pinangka manungsa ing
ngarsanipun Allah sedaya manungsa menika sami
drajatipun....ingkeng mbentenaken injih menika ketaqwaan nipun.
‫َّللا أَتْقَا ُك ْم‬
ِ َّ ‫ِإ َّن أ َ ْك َر َم ُك ْم ِع ْن َد‬
Saktemene uwong kang paling mulia ing antarane sira ana ing ngarsaning
Allah, yaiku wong kang paling taqwa...

Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahiilham


Ma’asyirol Muslimin rohimakumulloh
Dene kita sedaya, ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, sami
nindakaken amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkeng saestu
ageng sanget ganjaranipun kados katerangan hadist:
‘AN ABI QOTADAH: QOLA ROOSULULLOHI SHALALLAHU ALAIHI
WASALLAM: SHOUMU YAUMI ‘AROFAH YUKAFFIRU SANATAINI MAA
DHIYATANN WA MUSTAQQBILAH
Hadist saka Abi Qotadah, Rosululloh SAW ngendika: pasa ana ing
dina Arofah iku bisa mbusek dosa rong tahun, yaiku setahun
kepungkur lan setahun kang bakal tumeka (HR Muslim).

Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kita sami


kempal manunggal saperlu taqorrub ilallah, nyelak wonten
ngarsanipun Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid,
tasbih lan nindakaken sholat idul adha.
Dene tumrap ingkang mampu...samangke kalajengaken
nindakaken ibadah qurban injih mragat menda utawi lembu lan
nasharruf-aken dagingipun dhateng para fakir-miskin lan
sedherek ingkang kapendeng mbetahaken.Qurban! Katindakaken
ing dinten menika utawi ing dinten tasyrik tanggal 11,12,13
Dzulhijjah.....
Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu Akbar.
Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh
Qurban ingkang kita tindakaken menika, nuladha dhateng
Nabiyulloh Ibrahim Alaihisalam..nalika kauji keimananipun dening
Allah SWT. Rikala semanten, Ibrahim kadhawuhan dening Allah
supados ngurbanaken utawi mbeleh putra kinasihipun ingkang
asma Ismail ingkang nembe kewala mlebet usia remaja.
Saget kita raosaken kados pundi awratipun ujian menika.
Anamung jalaran kandheling keimanan lan ketaatan, Ibrahim
Alaihisalam saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan
tawakal, pitados bilih Allah mboten badhe njomprongaken
kawulanipun ingkang taat.
Perkawis puniko dipun gambaraken wonten ing al quran :
ِ َ‫ظ ْر َماذَا ت َ َرى قَا َل يَاأَب‬
َ ‫ت ا ْفعَ ْل َمات ُؤْ َم ُر‬
ُ‫ست َ ِج ُدنِى إِ ْن شَا َء هللا‬ ُ ‫قَا َل يَابُنَ َّي إِنِى أ َ َرى فِى اْل َمنَ ِام أَنِى أ َ ْذبَ ُحكَ فَا ْن‬
َ‫صابِ ِر ْين‬
َّ ‫ِمنَ ال‬

.Hai anakku saktemene Aku weruh ono ing impen yen Aku
(kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh
penemumu?" Ismail njawab: "duh bapa, katindakna menapa
ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan; Insya
Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2
ingkang sabar

Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd


Nalika Ismail sampun pasrah badhe kasembeleh. Ibrahim
enggal nindakaken dhawuhipun Allah. Gegaman ingkang
sampun kaasah landep.. Tumuli kabelehaken ing
jangganipun Ismail..Subhanalloh!!! .Saknalika, Malaikat
Jibril rawuh lan ngantos Ismail kanthi menda-kibas Tumuli
malaikat Jibril ngendika bilih Ibrahim lan Ismail sampun
lulus ujianipun, lan Ismail mboten perlu kasembeleh, cekap
menda ingkang kaasta malaikat Jibril sewau ingeng
kasembeleh, minangka gantosipun.
Allahu Akbar.Allohu Akbar.Laillaha illallohu Allohu Akbar.
Allohu akbar walillahilhamd.
Jamaah ‘aidiin wal aidat rohimakumullah
Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh
ngelksanakaken qurban kaemot wonten ing al quran..
‫َاك ْال َك ْوث َ َر‬ َ ‫ص ِِّل ِل َربِ َِّك َوا ْن َح ْر إِنَّا أَ ْع‬
َ ‫ط ْين‬ َ َ‫ف‬
Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo
podo tindakno sholat krana robb-mu lan tindakna qurban

Qurban ingkang kita tindakaken minangka tanda syukur wonten


ngarsanipun Allah. Minangka bukti ketaaatan wonten ngarsanipun
Allah. Minangka taqorrub illalloh...nyaket dhumateng Allah. Kados
katerangan ing surah Al Hajj ayat 37 ingkang artosipun: Allah ora
nampa daging lan getihe qurban. Ananging Allah nampa ketaqwaan
nira

Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah


muakaddah. Anamung para sederek ingkang mampu ampun
ngantos owel nindakaken, ampun ngantos eman-eman
bandhanipun kangge ngleksanakaken qurban menika.
Jalaran Rosulullah SAW nate wasiat:
Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem
nindakke qurban, mangka aja cedhak-cedhak papan
sholatku..(HR.Ahmad)
Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allohu Akbar
Jamaah rohimakumulloh
Yektosipun kathah sanget hikmah ing salebeting Syareat
Qurban menika. Keparengo kita aturaken kalih bab hikmah
ipun, sageta kita tindakaken.
Sepisan: Sumangga kita ugi tansah nyembelih sifat-sifat
hewan ingkang mbok bilih tumanduk wonten ing manah
kita.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan,
Mboten wonten dhawuh lan larangan.
Sifat hewan ingkeng mekaten menika kedah sembelih, kita
icali saking manah kita. Bilih kita gesang menika mboten
saget sak kajengipun piyambak kados hewan...ananging
kedah mawi tuntunan inggih al quran lan assunnah. Bilih
kita gesang menika kedah ngestokaken dhawuh lan nilar
larangan ipun Allah.
Allah suka pemut bilih Salah setunggaling ciri tetiyang
ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka
jahanam, injih menika tiang ingkang manahi, mripati lan
talinganipun kados dene gadhahanipun hewan...mboten
pun ginakaken kangge nampi ayat-ayatipun gusti Allah.
‫يرا ِمنَ ْال ِج ِِّن َواإل ْن ِس لَ ُه ْم قُلُوب ال‬ ً ‫َولَقَ ْد َذ َرأْنَا ِل َج َهنَّ َم َك ِث‬
‫ْص ُرونَ ِب َها َولَ ُه ْم آ َذان ال‬ ِ ‫يَ ْفقَ ُهونَ ِب َها َولَ ُه ْم أَ ْعيُن ال يُب‬
‫ض ُّل أُولَئِ َك ُه ُم‬
َ َ‫يَ ْس َمعُونَ ِب َها أُولَئِ َك َكاأل ْنعَ ِام بَ ْل ُه ْم أ‬
َ‫ْالغَافِلُون‬
Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akeh-
akkehe saka jin lan manungsa. Dheweke nduweni ati,ananging ora
kanggo ngrasakake, dheweke nduweni mripat ananging ora kanggo
ndeleng, dhewekke nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake.
Dhewekke iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor saka maneh.
Dhewekke klebu wong-wong sing pada katalumpen

Hikmah kaping kalih:


Hewan menika menawi sampun kacekap kabetahan biologisipun,
pakan, komboran, ... sampun rumaos remen lan cekap
gesangipun.
Anamung menawi manungsa, mboten namung cekap betahipun
kadunyan kemawon... ugi kedah pados cekapipun kampung
akherat,.keslametan ing kampung akherat...kados dhawuhipun
allah:
َ ‫اآلخ َرةَ َوال ت َ ْن‬
‫س نَ ِصيبَكَ ِم َن ال ُّد ْنيَا‬ ِ ‫َّار‬
َ ‫َّللاُ الد‬ َّ َ‫َوا ْبت َ ِغ ِفي َما آتَاك‬
‫َّللاَ ال‬ َّ ‫ض إِ َّن‬
ِ ‫األر‬
ْ ‫سا َد فِي‬ َ َ‫َّللاُ إِلَ ْيكَ َوال ت َ ْب ِغ ا ْلف‬
َّ ‫س َن‬ َ ‫َوأ َ ْحس ِْن َك َما أ َ ْح‬
َ ‫سد‬
‫ِين‬ ِ ‫ب ا ْل ُم ْف‬
ُّ ‫يُ ِح‬
Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang
sira (kabegjan ing kampung akherat) lan aja nglalekake bageanmu
saka kabegjanmu ing ndonya.....

Ing pramila sumangga kita ampun ngantos gesang kita kados


dene hewan namung mbujung kabetahan ndonya, (Hubuddunya)
nglirwakaken kabetahan kampung akherat..ngibadah wegah,
sholat ora kuwat, pasa ora kuwasa, sehat kangge maksiat, duwe
bandha kangge nguja hawa, qurban eman-eman...Naudzubilah hi
min dzalik.
Kosok wangsulipun supados kita tansah ghirah ngibadah pados
mergi kagem nyelak dhumateng Allah, kados dhawuhipun:
‫َّللا َوا ْبتَغُوا ِإلَ ْي ِه ْال َو ِسيلَةَ َو َجا ِهدُوا فِي‬
َ َّ ‫يَا أَيُّ َها الَّذِينَ آ َمنُوا اتَّقُوا‬
َ‫س ِبي ِل ِه لَعَلَّ ُك ْم ت ُ ْف ِل ُحون‬
َ
He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah. Lan
padha goleka dalan kanggo nyaket marang Allah lan pada jihad-a kanthi
bandamu lan jiwa ragamu. Supaya sira dadi wong sing padhaa untung.

Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah maunah saget


ngathah-ngathah aken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan
ing saengga kita saget kagolongaken tetiang ingkang kaparingan
kawilujengan fidunn ya illal akhirah. Amin ya robbbal alaminn.
Jamaah Ied rohimakumullah
Salajengipun sumangga kita konjemaken manah, ndedonga
wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah midhanget donga
kita..Allah ingkang ngabulaken pandonga kita..
‫علَى النَّ ِبيِ‪ ،‬يَا أَيُّها َ الَّ ِذ ْي َن َءا َمنُ ْوا‬ ‫صلُّ ْو َن َ‬ ‫ِإ َّن هللاَ َو َمالَئِ َكتَهُ يُ َ‬
‫علَى‬ ‫علَى ُم َح َّم ٍد َو َ‬ ‫ص ِل َ‬ ‫س ِل ْي ًما‪ .‬اَللَّ ُه َّم َ‬ ‫علَ ْي ِه َو َ‬
‫س ِل ُم ْوا ت َ ْ‬ ‫صلُّ ْوا َ‬ ‫َ‬
‫ص ْح ِب ِه أَ ْج َم ِع ْين‬ ‫آ ِل ِه َو َ‬
‫ت‬ ‫ت َو ْال ُمؤْ ِمنِيْنَ َو ْال ُمؤْ ِمنَا ِ‬ ‫اَللَّ ُه َّم ا ْغ ِف ْر ِل ْل ُم ْس ِل ِميْنَ َو ْال ُم ْس ِل َما ِ‬
‫ْب ال َّدع َْوا ِ‬
‫ت‬ ‫س ِميْع قَ ِريْب ُم ِجي ُ‬ ‫ت اِنَّ َك َ‬ ‫اء ِم ْن ُه ْم َواْأل َ ْم َوا ِ‬ ‫‪.‬اْأل َ ْحيَ ِ‬
‫اط َل با َ ِطالً‬ ‫عهُ‪َ ،‬وأ َ ِرنَا ا ْلبَ ِ‬ ‫ار ُز ْقنَا اتِبَا َ‬ ‫ق َحقًّا َو ْ‬ ‫اَللَّ ُه َّم أ َ ِرنَا ا ْل َح َّ‬
‫اج ِتنَابَهُ‪.‬‬ ‫ار ُز ْقنَا ْ‬ ‫َو ْ‬
‫ُنك َر ْح َمةً‬ ‫غ قُلُوبَنَا بَ ْع َد ِإ ْذ َه َد ْيتَنَا َوهَبْ لَنَا ِمن لَّد َ‬ ‫َربَّنَا الَ ت ُ ِز ْ‬
‫اب‬‫نت ْال َو َّه ُ‬ ‫ِإنَّ َك أ َ َ‬
‫سنَا َو ِإ ْن لَ ْم تَ ْغ ِف ْر لَنَا َوت َ ْر َح ْمنَا لَنَ ُكون ََّن ِمنَ‬ ‫ظلَ ْمنَا أَ ْنفُ َ‬ ‫َربَّنَا َ‬
‫ْالخَا ِس ِرينَ‬
‫ار َح ْم ُه َما َك َما َربَّيَانَا ِصغَ ً‬
‫ارا‬ ‫َربَّنَا ا ْغ ِف ْر لَنَا َو ِل َوا ِل َد ْينَا َو ْ‬
‫اجنَا َوذُ ِريَّا ِتنَا قُ َّرةَ أَ ْعيُ ٍن َو ْ‬
‫اج َع ْلنَا‬ ‫َربَّنَا َه ْب لَنَا ِم ْن أ َ ْز َو ِ‬
‫ين ِإ َما ًما‪.‬‬ ‫ِل ْل ُمت َّ ِق َ‬
‫س ْعيًا َّم ْش ُك ْو ًرا َو َذ ْنبًا َم ْغفُ ْو ًرا‬ ‫اجعَ ْل ُه ْم َح ًّجا َمب ُْر ْو ًرا َو َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم ْ‬
‫ارة ً لَ ْن تَبُ ْو ًرا‬ ‫َوتِ َج َ‬
‫‪Allahhumman shur muslimin wal mujaahidin fii ghaza 3x‬‬

‫ان َو َال تَ ْجعَ ْل‬


‫اإلي َم ِ‬ ‫َربَّنَا ا ْغ ِف ْر لَنَا َو ِ ِإل ْخ َوا ِننَا الَّذِينَ َ‬
‫سبَقُونَا ِب ْ ِ‬
‫ِفي قُلُو ِبنَا ِغ ِّالً ِلِّلَّذِينَ آ َمنُوا َربَّنَا ِإنَّ َك َرؤُوف َّر ِحيم‬
‫ع َذ َ‬
‫اب‬ ‫سنَةً َوقِنَا َ‬
‫سنَةً َوفِى األ َ ِخ َرةِ َح َ‬ ‫َربَّنَا اَتِنَا فِى ال ُّد ْنيَا َح َ‬
‫‪.‬النَّ ِ‬
‫ار‬
‫س ِل ْي َن َوا ْل َح ْم ُد ِ َّّلِلِ‬
‫علَى ا ْل ُم ْر َ‬
‫سالَ ٌم َ‬ ‫ب ا ْل ِع َّز ِة َ‬
‫ع َّما يَ ِصفُ ْو َن‪َ ،‬و َ‬ ‫ان َر ِبكَ َر ِ‬ ‫س ْب َح َ‬
‫ُ‬
‫ب ا ْلعَالَ ِم ْي َن‬
‫َر ِ‬

You might also like