You are on page 1of 4

Drama punika dipentasaken:

Ing papan : Aula SMA 1 Kudus


Dinten : Minggu, 27 Maret 2011
Wekdal : pk 15.00 WIB
Dening : Pak Bambang
Sutradara : Pak Gus Anom
Paraga : Arsa, Kholisna, Hanggar, Igo', Silvia,
Titis, Fara, Latef, lan Supri

Salah sawijining dhusun ing tlatah Jawa nembe


sami geger riwut. Sumber gegeripun warga dhusun punika yaiku
salah sawijining pabrik ingkang jumeneng ing dhusun punika.
Leresipun, masalah ingkang
kapendhem ing sukmane warga
dhusun marang pabrik punika
sampun kathah. Lepen ingkang
saderengipun buthek kaca, hawa
ingkang saderengipun kados-
kados hawa Surga, lan
katentreman dhusun kados-
kados sampun ilang sampun
paras telas mboten ngertos pundi
parake. Limbah-limbah reged
ingkang dialiraken ing lepen
kados-kados ndamel tilaripun
nyawa-nyawa lepen ingkang
saderengipun sugih wader,
yuyu, lan rebon-rebon legi. Cerobong-cerobong asep ingkang
wathuk-wathuk lan nyebarake hawa nyegrak ingkang ireng-ireng,
lan suwantenan gemrudhuk dados gantinipun kasunyatan lan
katentreman dhusun.

Gorohipun warga uga indhak sanalika keprungu kabar yen pasarean ing
dhusun punika badhe didamel lahan kangge miyarake pabrik ingkang sejatosipun sampun
ndamel goroh batosipun warga. Mengkono uga batosipun Bongkrek, salah sawijining enem-
eneman dhusun punika. Saben dintenipun, Bongkrek naming saged gremang-gremeng ing
salah sawijining panggenan ing dhusun punika. Ngertos punika, salah sawijining warga
ingkang saben dintene dados tukang pijet ing desa, ingkang asmanipun Mbok Senik
ngendikan marang Bongkrek menawi beras wutah arang bali menyang takere. Dados punika,
gremengane Bongkrek mboten wonten asile. Naming, Bongkrek ngendelake tekade
piyambakipun kanggo demo ageng-agengan nolak penggusuran pasareanipun amargi
pasarean punika sampun dangu dados pusat ritual-ritual lan adatipun dhusun punika. Amargi
punika, Juragan pabrik bingung lan dados setres. Salah sawijining astanipun pabrik punika
ingkang asmanipun Bedor ugi bingung ndeleng juragane setres kados tiyang kelebon.
Mboten dinyana-nyana, Bongkrek ndamel rencana enggal. Piyambakipun
pamit kaliyan Mbok Senik, Janaka, Pak Rebo, lan Kecik yen piyambakipun badhe siram lan
nglangi ing lepen. Sesampunipun siram, Bongkrek nindakaken rencananipun. Piyambakipun
tindak menyang pabrik. Piyambakipun mriksani kucingipun juragan pabrik ingkang aran
Bagong. Piyambakipun mbujeng Bagong nganti kucing punika kecepit mesin lan gosong,
lajeng mesinipun risak. piyambakipun nyerat layang ingkang surasanipun piyambakipun
ngaku ngrisak mesin punika. Sesampunipun, piyambakipun mblayu.

Sesampunipun juragan ngertos kadadeyan punika, piyambakipun ngutus


salah sawijining kangge madosi Bongkrek. Ing dhusun, tiyang utusan wau kepanggih kaliyan
Pak Rebo, juru kuncinipun pasarean lan Kecik, Janaka, lan Mbok Senik. Pak Rebo ngendika
yen Bongkrek nembe siram ing lepen. Sesampunipun punika, Bongkrek kondur lan
kepanggih kaliyan para warga wau. Salah sawijining kembang dhusun ingkang asmanipun
Kecik ndhawuhi Bongkrek kangge ndelik. Nanging piyambakipun mboten kersa amargi
mboten tegel ninggalaken kaluwarganipun. Bongkrek ngendika marang Kecik lan Mbok
Senik yen putranipun sing loro ning omah sido ora ketulungan alias seda lan garwanipun
nyuwun pegat. Keprungu kabar wau punika, Kecik nangis lan Bongkrek tindak menyang
dalemipun.

Mboten dangu, mesin pabri punika kobong amargi Bagong kecepit lan
ngadangi lakunipun mesin, dados mesinipun pabrik kabenteren amargi urip naming mboten
saged mlampah lan wasananipun mbledhos. Sedaya warga dhusun sami geger lan buruh
pabrik sami miyos nylametaken barang-barang ingkang taksih wonten. Juragan kaliyan Bedor
miyos madosi Bongkrek lan badhe disedani kangge miwalesake dendamipun juragan. Pabrik
wau sampung kobong sedaya lan badhe keno dalemipun warga dhusun. Bongkrek miyos
kangge nylametaken piyambakipun punika. Mboten ngertos yen kepanggih juragan lan
Bedor.

Sesampunipun punika, Bongkrek seda ditembak Bedor lan Kecik nangis.


Pak Rebo ndhawuhi para warga kangge sami nyelametake piyambakipun-piyambakipun.
Wasananipun, pangersanipun para warga sampun sami kelakon. Naming salah sawijining
warga yaiku Bongkrek dados tumbalipun punika. Tumbal kangge nyelametake dhusun lan
pasareanipun ingkang dados bandhanipun para warga. Kadadeyan punika diliput dening salah
sawijining wartawan ingkang ndeleng sedayanipun kadadeyan ing dhusun alit punika.
UNSUR-UNSURIPUN DRAMA JAWA "LENG"

 Paraga:

 Bongkrek (dening Arsa) : wantun, goroh, lan mustaka sela


 Juragan (dening Kholisna) : goroh, acuh, lan kejem
 Pak Rebo (dening Hanggar) : sae, lan wantun
 Bedor (dening Igo') : bingungan,lan kejem
 Mbok senik (dening Silvia) : sae, lan bijak
 Kecik (dening Titis) : sae, lan gampil nangis
 Janaka (dening Fara) : sae
 Utusan (dening Latef) : goroh
 Wartawan (dening Supri) : sae

 Latar Panggenan:

 Ing margi dhusun


 Ing pabrik
 Ing dalemipun Bongkrek

 Latar Wekdal:

 Nalika enjing
 Nalika rinten

 Alur: darama Jawa unika migunakake alur majeng


 Amanat: sedaya tindak-tanduk ingkang badhe dilakokaken wajib
dipunpenggalih supados mboten ndamel susahipun tiyang sanes lan
piyambakipun saengga seda masalah saged diatasi sae-sae tanpa goroh.
 Komentar : umumipun, pentas drama ingkang irah-irahanipun "Leng" sampun
sae. Para paraga saged ndamel improvisasi. Amargi punika, ngalebeti karakter
lan watekipun lakon ingkang dipunparagakaken. Suwantenanipun uga sampun
sora saengga penonton saged mahami surasanipun cariyos. Pocapan lan
artikulasinipun uga sampun sae sanget lan sampun cetha.

You might also like