You are on page 1of 2

Telaga Warna – Telaga Pengilon Dieng

Ing jaman biyen,gesang ratu misuwur ing segara jembar minangka penguasa.Sang Ratu nduweni
puteri kang ayu.Wektu kuwi ayune puteri misuwur nganti tekan ngendi – ngendi sahengga ing salah
sawijining dina teka kesatria loro ,kesatria nom sing gagah prakosa kang nduweni tujuan memperistri
puteri.

Ing salah sawijining dina,ratu bingung amarga kudu milih salah sijine kesatria seng arep
didadekake mantune.Akhire ratu nduweni ide arep nganakake sayembara yaiku nggawe telaga.Sapa sing
luwih cepet anggone nggawe,iku wong sing bisa dadi garwane puteri.

Ing wektu sing wis ditentukake,loro kesatria gagah kuwi lomba nggawe telaga.Ing akhir
perlombaan,kesatria pertama luwih cepet anggone nggawe telaga kang diarani Telaga Menjer.Akhire
kesatria pertama dinyatakake dadi pemenang lan bisa dadi garwane puteri Ratu.

Wis rong dina anggone kesatria dadi garwane puteri,Ratu kalian puteri pelesir menyang
Dieng.Wektu Ratu lan puteri tiba ing Dieng ,Ratu mandheng telaga kang diarani Telaga Pengilon.Ratu
terkesan marang endahe Telaga Pengilon banjur nggoleki sapa sing gawe Telaga Pengilon.Ora ngira yen
sing gawe Telaga Pengilon iku kesatria ke loro sing kalah ing perlombaan.

Ratu banjur ndhawuhi pengawale supaya nimbali mantune.Tiba mantune madep marang
Ratu,banjur Ratu ngendika marang mantune “ Koe tak batalke dadi mantuku,koe tak kutuk dadi naga
supaya njagani segara “.Sawise,posisi kesatria pertama kang dadi mantune digantekake kesatria ke loro
sing kalah ing perlombaan.

Kena apa Ratu ngubah keputusane?Nalika Ratu lagi nikmati endahe Telaga Pengilon,Ratu lan
puterine seneng banget.Ing jero ati Ratu lan puteri mbandingake karo Telaga Menjer gaweane kesatria
pertama kang gaweane luwih cepet,nanging gaweane kasar.Banyune ngalon,iki nandhakake yen sifate
kesatria pertama kurang becik.Sebalike,Telaga Pengilon gaweane kesatria ke loro banyune
resik,tenang,dama lan kuwi kabeh nandhakake yen kesatria ke loro sing nggawe Telaga Pengilon kuwi
nduweni sifat lan ati sing becik.

Saking enenge,Ratu lan puteri nyeblung menyang telaga lan nyanthelake klambine ing wit –
witan.Ing tengah – tengah kesenengane,saknalika teka angina kang gedhe ngaburake klambine Ratu lan
puteri sing werna – werni lan nyebur menyang bagian telaga liyane,saknalika banyu ing telaga malih
wernane,banjur dadi Telaga Warna amaga tibane klambine Ratu lan puteri sing luntur ing jero telaga.
TUGAS BAHASA JAWA

“ Menulis Legenda “

Kelompok :1.Faridhotun Tri Khasanah

2.Suranti

You might also like