Professional Documents
Culture Documents
Teks Eksposisi
Teks Eksposisi
1. Ngemot gagasan utawa panemu lan nduweni keyakinan marang teks kang diandharake.
2. Tulisan asipat objektif. Tulisan iku mau nduweni ancas menehi pawarta utawa informasi
marang pamaca babagan wacan kang diandharake tanpa nduweni karep menawa pamaca
kudu nyetujoni apa kang dadi panemune panulis ing teks iku.
3. Tulisan ing teks eksposisi adhedhasar dhata lan kasuyatan.
4. Disengkuyung dening anane anlisis.
5. Karangan dipungkasi kanthi panegasan utawa dudutan.
Teks eksposisi uga nduweni struktur utawa susunan kang kaperang dadi telu,yaiku:
1. Tesis
Tesis yaiku perangan kang isine sudhut pandhang panulis marang perkara kang
dirembug. Tesis bisa awujud ukara baku kang ana ing pambukane teks kang
disengkuyung karo ukara ukara ana ing saburine ukara baku. Ing sajrone teks
eksposisi,perangan iki minangka perangan kang wigati kang kadhang diambali maneh
ing pungkasane teks. Bab kaya mangkono kuwi mau kang sinebut panegasan ulang.
2. Argumentasi
Argumentasi yaiku wujud saka alesan utawa bukti kang digunakake kanggo
nguwatake pendhapat utawa panemu ing sajrone tesis kanthi pangerten-pangerten
kang umum,utawa bisa uga awujud asile dhata kang ditemokake dening
paneliti,pendhapat-pendhapat saka ahli,lan kasunyatan-kasunyatan adhedhasar
sumber kang bisa dipercaya.
3. Penegasan ulang/dudutan
Penegasan ulang/dudutan yaiku bagean paling pungkasan saka struktur teks eksposisi.
Perangan iki ngandhut ukara dudutan kang nerangke meneh tesis kang wis
diwedharake ing pambukane teks lan dibuktrkake sarta disengkuyung dening unsur
argument.
Wondene kanggo nulis teks eksposisi,uga kudu nggatekake trap-trapan kaya ing
ngisor iki.
1. Nemtokake tema tulisan
Supaya anggone nulis teks eksposisi ora kangelan mula tema kang bakal
digunakake kudu diwatesi.
2. Nemtokake ancase panulisan
Ancas utawa tujuan panulisan ditemtokake supaya pokok perkara kang ditulis
gampang dimangerteni dening pamaca.
3. Ngumpulake ancase panulisan
Bahan tulisan teks eksposisi kajupuk saka maneka sumber ing antarane sumber
katulis (Koran,buku,majalah,lan sapituture),wawancara kanthi narasumber,paneliten
langsung menyang sawijing objek,utawa sumber saka angket kang disebarake
menyang masrakat.
4. Nggawe cengkorongan karangan
Sadurunge nggawe karangan teks eksposisi,kang kudu digawe dhisi yaiku
cengkrongan teks kanthi gene plan urut.cengkrongan teks digawe adhedhasr dhata
dhata kang wis dientukake.
5. Panjlentrahan
Sawise cengkrongan teks kasusun banjur dirembakake kanthi luwih pjangkep
supaya titikan-titikan sak teks eksposisi kang asipat informatif,objektif,lan logis bisa
katampa kanthi gambling dening pamaca.
6. Menehi dudutan
Jumbuh karo ancase panulisan karangan eksposisi,dudutan kang ditulis uga kudu
jumbuh lan nguwatake idhe utawa gagasan saka panulis.
7. Nyunting
Sawise teks eksposisi rampung digawe,panulis kudu neliti maneh karangan
kasebut. Ing kene bab-bab kang kudu digatekake yaiku mbenerake tetembungan kang
salah, mbenerake ukara ukara lan basa kang kurang trep digunakake mbenerake
panulisan kang salah lan sapiturute supaya teks kang kagawe mau dadi luwih apik lan
cetha menawa diwaca.
Nalika nulis teks eksposisi,ana saperangan jinising tembung kang kudu
dimangerteni supaya karangane bisa apik lan nduweni bobot. Ing ngisor iki
saperangan jinising tembung kang bisa digunakake ing panulisan teks eksposisi.
1. Tembung aran
Tembung aran yaiku tenbung kang nuduhake jeneng utawa aran sawijing
barang lan apa bae kang dianggep barang.Sajrone tatanan sawijining ukara
tembung aran iki minangka tembung kang bisa dai jejer lan lesan.Tembung aran
ora owah sanajan gunggunge barang luwih saka siji. Tuladha: radio, lemari ,meja,
lan sapiturute.
2. Tembung kriya
Tembung kriya yaiku tembung kang kang mratelakake solah bawa utaw
tandang gawe. Tembung kriya uga bisa ngemu teges lumakunung kahanan. Dene
jinise tembung kriya di loro,yaiku:
a. Tembung kriya tanduk/kata kerja aktif
Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang jejere minangka paraga
kang nindakake sawijing pakaryan biyasane kadhapuk kanthi muwuhake ater-
ater anuswara (m-,n-,ny-,ng-). Tembung kriya tanduk dibedakake dadi loro,
yaiku:
1) Tembung kriya tanduk mawa lesan
Tembung kriya tanduk mawa lesan iku tembung kriya kang
mbutuhake anane lesan (objek),padatan mugunakake ate rater anuswara
(m-, n-, ny-, ng-) ater-ater anuswara lan pananambang -i(m- -i n- -i ny- -i
ng- -i ) utawa panambang -ake (m- -ake,n- -ake, ny- - ake, ng- - ake).
Tuladha : nyerat,nggawani,nyirami,lan sapiturute.
2) Tembung kriya tanduk tanpa lesan
Tembung kriya tanduk tanpa lesan yaiku tembung kriya kang ora
mbutuhake anane lesan utawa objek.Tembung kriya tanduk tanpa lesan iki
padatan lesan iki padatan migunakake ate rater anuswara (m-,n-,ny-,ng-)
ma anuswara,lan mer-
Tuladha : dipangan,kasandhung,diwaca,lan sapiturute.
b. Tembung kriya tanggap/kata kerja pasif
Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang jejere dadi sasaran.
Tembung kriya tanggap iku bisa ndhapuk kanthi muwuhake ater-ater di-, ka-,
ke-, lan seselan -in sarta kawuwuhan ater-ater tripurusa dak/tak-, kok-, lan
di- .Mula jejer jejer ing ukara tanggap tansah dadi sasaran sawijing pakaryan.
Tuladha ; dipangan, kasandhung,diwaca,lan sapiturute.
3. Tembung sesulih
Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine
samubarang.Tembung sesulih kaperang dadi patang jinis,yaiku:
a. Tembung sesulih purusa/wong
Tuladha:aku,kowe,dheweke,lan sapiturute.
b. Tembung sesulih darbe
Tuladha: –ku, -mu, -e,lan sapiturute.
c. Tembung sesulih pitakon
Tuladha : sapa,apa,pira,kapan,lan sapiturute.
d. Tembung sesulih panudhuh
Tuladha: iku,kene, kana,lan sapiturute.
4. Tembung wilangan
Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah.
Tuladha:siji,akeh,loro,sithik,lan sapiturute.
5. Tembung sipat/kahanan
Tembung sipat yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat
samubarang.
Tuladha:lemu,kuru,sugih sabar,dhuwur,nesu,cendhek,lan sapiturute.
6. Tembung katrangan
Tembung katrangan yaiku tembung kang nerangake tebung kriya utawa kahanan.
Tuladha:mesthi,durung,wingi,sore,tansah,banter,biyasane,lan sapiturute.
7. Tembung panggandheng
Tembung panggandheng yaiku tembung kang ngiket utawa
nggandhengake tembung siji,lan sijine.
Tuladha: nanging,saha lan jalaran,dene, miwah,sarta,sarehne,sabab,utawa,
ewadene, amarga, tuwin, lan sapiturute.
8. Tembung ancer-ancer
Tembung ancer ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung.
Tuladha:katur,marang,saka,ingin,lan sapiturute.
C. Budaya Wewaler
Wewaler yaiku unen unen kang isine larangan utawa pepacuh nindakake
sawijining tumindak, amarga tumindak iku dianggep ora becik ditindake.
Jinise wewaler ana 6 warna,yaiku:
1. Wewaler kang megepokan karo ketuhanan Y.M.E., kayata:
a. Aja ndhisiki kersa.
b. Aja sira wani marang wong tuwanira,jalaran sira bakal kena bebendu saka Kang
Murbeng Dumadi.
c. Aja mung kelingan barang kang katon wae sebab kang katon gumelar iki anane
malah ora langgeng.
2. Wewaler kang magepokan karo kerohanian,kayata:
a. Aja duweni pangira yen lelembut iku mesthi alane jalaran sing apik uga ana,ora
beda karo manungsa.
b. Aja lali saben ari eling marang Pangeranira,jalaran sejatine sira iku tansah
katunggon Pangeran.
c. Aja seneng gawe rusaking liyan,jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru
Sejatinira.
d. Aja sira nyacad piyandeling liyan,jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing
bener dhewe.
3. Wewaler kang magepokan karo kemanusiaan,kayata:
a. Aja lali marang kabecikaning liyan.
b. Aja sira degsura ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
c. Aja rumangsa bener dhewe,jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.
d. Aja wedi kangelan,jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
e. Aja gawe seriking ati liyan.
4. Wewaler kang magepokan karo kebangsaan,kayata:
a. Aja seneng yen lagi darbe panguwasa lan aja serik yen lagi ora darbe panguwasa,
jalaran kuwi ana bebendune dhewe-dhewe.
b. Aja mung kepengin menange dhewe kang bisa marakake arahing nagara lan
bangsa,kudu seneng rerembungan njaga katentreman lahir batin.
5. Wewaler kang magepokan karo kekeluargaan,kayata:
a. Aja mung ngaku wong tuwa lamun wong tuamu katon mulya lan dhuwur drajade,
jalaran sira iku asale saka wong tuamu senajan kaya ngapa wujude.
b. Aja mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha,iku mau bisa sirna
sadurunge sira pralaya.
c. Aja rumangsa bisa nanging bisa rumangsa.
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan,kayata:
a. Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake drajat lan pangkat iku perlu ning
aja dipamer-pamerake,sebab bisa mlesetake awakmu dhewe.
b. Aja melik darbeking liyan,marga raja brana lan wanita iku bisa gawe congkrahing
para sujana lan gawe nisthaning ati.
c. Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat,sebab bandha bisa lunga,
pangkat bisa oncat.
d. Aja seneng marang wong kang lagi nguja hawa nepsu marga akeh bandhane,
jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha mau barang
kang resik.
Gladhen Mandiri 1
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Aja lali marang Pangeran,jalaran
Jalaran sejatine siro iku tansah katunggon Pangeran niro
2. Aja lali marang kabecikane liyan,karepe yaiku
Karepe yaiku sap gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku,ing tembe bakal
tampa kanugrahing Pangeran
3. Aja malik darbeking liyan,jalaran
Jalaran panggawe becik iku minangka dalane mulya nira
4. Aja rumangsa bisa,nanging bisa rumangsa,tegese yaiku
Tegese aja seneng rumangsa bisa yen durung bisa,nanging bisa ngrumangsani yen
durung bisa
5. Aja seneng nguja hawa nepsu,amarga
Amarga akehing bandha driya. Jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung
mesthi bandha kang resik
D. Pilihan Tembung
Aja Ngomong Waton,Nanging Ngomonga Nganggo Waton
Tegese yen omong aja mung waton muni,nanging prayogane nggunakake
landhesaning gumathok,cetha,bener,lan pener. Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja
seneng glenyengan,ngrasani liyan,utawa nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong
akeh. Kajaba saka iku,omong kudu nggunakake tata karma sing becik. Apa kang
dikandhakake kudu cetha lan kepriye carane kandha kudu nganggo subasita,amrih ora
nuwuhake panyakrabawa sing kleru (kleru penampa) tumrap sing diajak kekandhan.
Murih ora ngalami gesrek anggone srawug karo sanak-kadang pawong
mitra,tembung saklimah rong klimah kudu dijaga. Tegese,ngucap celathu diarah-arah,aja
nganti nyatur alane liyan sing durung mesthi bener,babar pisan ora ana pikolehe. Apa
maneh yen nganti keprungu sing dicatur,kandhane mung nglarakake ati. Marakake
padudon utawa ndhem-ndheman rasa.
Paribasan iki uga kena kanggo pepeling tumrap sapa bae kang kerp nganakake
sesorah marang wong akeh. Menehi sesorah prayogane nggunakake basal an trapsila
sing ora cengkah karo adat turun-temurun ing papan anggone sesorah mau. Yen nganti
anggone sesorah nggugu karepe dhewe,sing ngrungokake mesthi nggrundel. Salah-salh
mbaka siji bisa lunga tanpa pamit.
“Aja Nggege Mangsa” tegese aja seneng ngowah-owahi mangsa (adat sing wis
gumathok). Kang diarani mangsa ing paribasan iki ana gandheng cenenge karo takdir
sing wis ginaris dening Gusti. Mula,kadadeyan ing donya prayogane aja
dipeksa,dicepetake,utawa dialonake. Tembung liya, sakbehing kahanan ing donya
anggone mawujud duwe wektu dhewe-dhewe kang wis ditemtokake dening Kang
Murbeng Jagad.
Paribasan tuwuh sak kapiyatan,menawa kabeh kedadeyan ing donya duwe
gandheng ceneng sing ora karuan akehe karo kahan sakiwa tengene. Uga ora kena
diselaki,mawujud lan orane kadadeeeeeyan mau jalaran saka keparengane Gusti Kang
Maha Kuwasa. Kayata,kelahirane bayi. Sepira gedhene pangarep-ngarepe wong tuwa
murih enggal duwe anak,dheweke kudu sabar. Kudu nunggu titi wancine lair nganti
kurang luwih sangang sasi sepuluh dina. Nyepetake utaw ngrendhtake kelairan utawa
ngowahigarise pepesthen bakal nuwuhake rubeda kang ndrawasi tumrap si bayi lan
ibune.
Paribasan iki uga isi pitutur murih sadhengah wong gelem sabar. Aja
kemrungsung,aja nganti tumindak sing cengkah karo laku jantraning urip. Aja mung
mburu nepsu,jalararan apa wae kang kumelip ing donya wis ginaris dening kang murbeng
jagad. Manungsa bisane mung nyenyuwun lan ngundi,murih apa kang dijangka bisa
kelakon (mawujud) kanthi becik lan murakabi bebrayan. Dene kapan tekane asil kang
ditunggu-tunggu ana garise dhewe.
Gladhen Mandiri 2
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Omong nganggo waton mengku karep apa?
Tegese yen omong aja mung muni,nanging prayogane nggunakake landhesaning
gumathok,cetha,bener,lan pener
2. Omong nganggo waton kasebut sejatine kene kanggo pepeling sapa?
Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja seneng glenyengan,ngrasani liyan,utawa
nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong akeh
3. Omongan iku supayane tumata kudu kepiye?
Omong kudu nggunakake tata karma sing becik. Apa kang dikandhakake kudu cetha
lan kerpriye carane kandha kudu nganggo subasita,amrih ora nuwuhake
panyakrabawa sing kleru (kleru panampa)tumrap sing diajak kekandhan
4. Wong iku aja ndhisiki karsa,mengku tegese kepiye?
Tegese,ngucap celathu diarah-arah,aja nganti nyatur alane liyan sing durung mesthi
bener ,babarpisan ora ana pikolehe
5. Mengku paribasan apa dene wong iku ora kene ndhisiki karsa?
Paribasan iki uga kena kanggo pepeling tumrap sapa bae kang kerep nganakake
sesorah marang wong akeh. Menehi sesorah prayogane nggunakake bas lan trapsila
sing ora cengkah karo adat turun-temurune ing papan anggone sesorah mau
Gladhen Mandhiri 3
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Aja turu sore kaki. Turu sore kena apa ora kena?
Turu sore ora kena amarga menawa turu ing jam 4 sore nganthi tangi
maghrib,biyasane menawa tangi iso ndadekake sirah ngelu lan uga nyawane durung
genep,akibate kerep ngawang-awang
2. Sapa sing gelem melek ing wayah wengi bakal antuk kabegjan,nduweni maksud apa?
Maksud melek wayah wengi yaiku nindakake sholat sunah tahajud ing saben wengi
sawise turu sadurunge sholat subuh. Niscaya kabeh donga bakal kangajab dening
gusti lan bakal entuk kabagyan urip ing donya
3. Kanugrahan iku diparingake marang sapa?
Kanugrahan iku diparingake dening Gusti kang gawe urip. Kabeh kang duwene
manungsa kuwi asale saka Gusti Allah Taala. Mula kita manungsa kabeh kudu sujud
syukur marang kuwasane Gusti ingkang Maha Agung
4. Aja sok gampang janji wong manis yen ta among lamis,nduweni makna apa?
Luwih apik jujur amarga ngecewakake wong liya
5. Manawa ora bisa nepati janji,prayogane kepiye?
Kita kudu njaluk ngapura marang wong liya kang kita ajeni
F. Pitutur Luhur sing Kakandhut lan Gegayutane karo Kahanan Masarakat Saiki
Aja Adigang Adigung Adiguna
Tegese yaiku sipat sendel-ngendelake kekuwatan,panguwasa,lan kepinteran sing
didarbeki. Adigang yaiku sipat kang ngegul-gulake kakuwataning awak (raga). Kayadene
kidang,tandang tanduke cukat trengginas,playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat
kang ngongasake pangkat,drajat,keluhuran,apadene trah tedhak turune priyagung (wong
gedhe). Pawongan kang duweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake
gedhe,ora ana sing madhani,lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna iku sipat kang
ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarakake kaya watune ula. Ula
iku katone ringkih ,nanging wisane mbebayani.
Ancas tujuane paribasn iki ngelingake supaya manungsa ngedohi watak adigang
adigung adiguna jalaran watak mau bisa nuwuhake angkara murka lan marakake lali
marang sapadha-padha saengga tumindake sering nglarakake atine liyan. Menawaa wong
iku duwe kaluwihan aja banget-banget diendel-endelake. Awit kasunyatane,kidang sing
kawentar playune iku uga bisa ditubruk macan lan sidane mung dadi mangsane raja wana
mau. Nate didongengake uga,kepriye gajah kalah dening semut. Ula weling utawa kobra
sing wisane ngegrisi iku uga bakal mati lemes yen disabet nganggo carang pring ori.
Paribasan iki uga menehi pepeling menawa kaluwihaning manungsa
bisa”migunani”uga “mbenayani”. Migunani angger digunakake kanggo kabecikan lan
kemanungsan,mbebayani yen mung kanggo nguja hawa nepsu.
Gladhen Mandhiri 4
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Adigang iku watak kang ora becik.Adigang apa tegese?
Adigang tegese sipat sendel-ngendelake kakuwataning awak (raga)
2. Adigung iku watak kang ora prayoga.Adigung apa maksude?
Adigung tegese sipat kang ngongasake pangkat,drajat,keluruhan,apadene trah tedhak
turune priyagung (wong gedhe)
3. Apa ancas ngedohake watak adigang,adigung lan adiguna iku?
4. Aja njagakake endhoge si Blorok nduweni teges?
Aja njagakake endhoge si blorok nduweni teges yaiku aja duwe pangarep-arep sing
ngayawara utawa angel kalakone
5. Sapa sing kulina njagakake wong liya wekasane bakal nemoni apa ?
Sing kulina njagakake wong liya wekasane bakal nemoni pakulinan njagakake mau
mesti kurang marsudi,kurang tumemen,lan ngenthengake samubarang
G. Teks eksposisi
Parafrase yaiku istilah linguistic (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake maneh
sawijing teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha,nanging tanpa ngowahi
maknane.
Wewaler Basa Gancarane
Aja golek mungsuh Aja seneng memungsuhan marang wong
liya
Aja ngumbar hawa nepsu Aja seneng ngumbar hawa nepsu
Aja melik darbeking liyan Aja duwe rasa melik marang barang
duweke wong liya
Aja cidra ing janji Aja seneng nyidrani janji
Aja dumeh Aja rumangsa nduweni kaluwihan banjur
ngasorake wong liya
Aja kumal ungkung Aja seneng ngumukake dhiri pribadi
Aja kumengsun Aja rumangsa unggul dhewe
Aja gumedhe Aja rumangsa gedhe dhewe
Aja ngrusak pager ayu Aja ngrusak tatanan sing wis becik
Aja panasten Aja gampang nesu
Gladhen Mandhiri 5
Wewaler ing ngisor iki wenehana basa gancarane!
Wewaler Basa Gancarane
Aja nggebyah uyah padha asine. Supaya kita ora ngelakokake tindakan sing
padha karo tindakan biasane sing elek
Aja dadi wong pinter keblinger. Wong pinter sing kesasar ing kapinterane
dhewe
Aja gampang kelu ing swara. Aja gampang kegawa swara wong liya
sedurung kuwe ngerti dhewe
Aja pisan nyacad liyan,ora ana wong kang Ojo seneng mencela wong liyo amarga ora
ora cacad. ono wong sing sempurna
Aja wedi marang penggawe becik,lan wani
marang penggawe ala.
Pandadaran Padinan
Penilaian Kompetensi Sikap
Wacanen pratelan kang ana gegayutane karo sikep social (Jujur,dhisiplin,tanggung
jawab,santun,preduli,lan percaya dhiri)kang ana kolom kanthi teliti wenehana tandha
centhang miturut karo kahanan saben dinamu!
No Pratelan OT KL KR TS
1. Aku nggarap ulangan kanthi jujur ora nurun garapan kanca
liyane.
2. Aku mangkat sekolah ora tau telat.
3. Aku mesthi nggarap PR nalika wis ana omah.
4. Atur salam nalika ketemu Guru.
5. Ngrewangi kanca nalika ana wulangan sing durung
dimangerteni.
6. Wani crita ana ing ngarepe kanca-kancaku.
Katerangan:
OT(Ora tau) ,KL(Kala-kala),KR(Karep),TS(Tansah)
Guru nuntun para siswa kanggo ngisi penilaian dhiri. Nilai KKM ditemtokake dening
Guru
Pambecik
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Aja angkuh ana sajroning tembang kasebut nduweni makna?
Aja dumeh marang apa kang kita nduweni sakniki,lan aja nyepelekke apa
kang dadi isine tembang kasebut
2. Apa sing dikarepake ladak kecengklak?
Ladak kecengklak nduweni makna nggambarake wong sing tansah
mbanggake dhiri lan kaluwihane akhire nemu cilaka amarga saka pokale mau
3. Aja serakah,nduweni pangangkah supaya kepiye?
Aja serakah nduweni pangankah supaya dadi wong ora oleh serakah merga
wong seng serakah bakal digetingi Gusti sing maha kuasa merga serakah
kuwi sipat kang ala
4. Aja nganti celimat,sing dikarepake yaiku?
Ora penging dadi perayaan
5. Aja mburu aleman,bab iku nduwe karep?
6. Aja mburu sleman tegese dadi manungsa aja kepengen mung dipuji-puji
Pengayaan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Aja ladak,wong kang ladak pan gelis mati,iku maknane?
Dadi wong aja dagel lan gawe atine wong liya sengsara,amarga wong
kang ladak iku cepet stress lan nggawe abote pikiran lan ndadekake mati
(gerah)
2. Aja duwe ati ngiwa,iku duwe karep kepiye?
Yen dadi manungsa aja ngasi nduweni niat kang ala
3. Aja dadi tuwa tuwas.Apa maksude?
Aja nganti sok zaman wes tuwa utawa sepuh dadi wong kang sia-sia utawa
tuwa sia-sia (ora migunani lan isone mung nyusahno wong)
4. Aja aja seneng yen dialem aja nesu yen dicacat.Apa karepe?
Dadi wong aja nganti seneng yen wes dialem wong apik lan aja nganti
ngamuk yen diarani kang elek-elek
5. Aja gawe gendra,jalaran gendra iku bisa nuwuhake apa?
Gendra bisa nuwuhake tukaran utawa kapecahan