You are on page 1of 21

A.

Struktur lan Kaidah Teks Eksposisi


Teks eksposisi yaiku jinis pangrembakan paragraph ing sajrone wacan kang
nduweni ancas ngandharake,njlentrehake,menehi pangerten,lan menehi kawruh babagan
salah sawijining bab kanthi basa kang gampang,genah,cekak,lan gamblang kanthi
objektif ngenani salah sawijing bab. Saliyane nduweni ancas iku mau teks eksposisi uga
nduweni kagunan njlentrehake lelaku utawa urut-urutan ing sawijing kegiyatan lan proses
dumadine sawijing prastawa kayata urut-urutane nggawe kembang hias,nggawe tas saka
limbah plastik,lan sapiturute.

Ciri utawa titikan teks eksposisi,antarane ing ngisor iki.

1. Ngemot gagasan utawa panemu lan nduweni keyakinan marang teks kang diandharake.
2. Tulisan asipat objektif. Tulisan iku mau nduweni ancas menehi pawarta utawa informasi
marang pamaca babagan wacan kang diandharake tanpa nduweni karep menawa pamaca
kudu nyetujoni apa kang dadi panemune panulis ing teks iku.
3. Tulisan ing teks eksposisi adhedhasar dhata lan kasuyatan.
4. Disengkuyung dening anane anlisis.
5. Karangan dipungkasi kanthi panegasan utawa dudutan.
Teks eksposisi uga nduweni struktur utawa susunan kang kaperang dadi telu,yaiku:
1. Tesis
Tesis yaiku perangan kang isine sudhut pandhang panulis marang perkara kang
dirembug. Tesis bisa awujud ukara baku kang ana ing pambukane teks kang
disengkuyung karo ukara ukara ana ing saburine ukara baku. Ing sajrone teks
eksposisi,perangan iki minangka perangan kang wigati kang kadhang diambali maneh
ing pungkasane teks. Bab kaya mangkono kuwi mau kang sinebut panegasan ulang.
2. Argumentasi
Argumentasi yaiku wujud saka alesan utawa bukti kang digunakake kanggo
nguwatake pendhapat utawa panemu ing sajrone tesis kanthi pangerten-pangerten
kang umum,utawa bisa uga awujud asile dhata kang ditemokake dening
paneliti,pendhapat-pendhapat saka ahli,lan kasunyatan-kasunyatan adhedhasar
sumber kang bisa dipercaya.
3. Penegasan ulang/dudutan
Penegasan ulang/dudutan yaiku bagean paling pungkasan saka struktur teks eksposisi.
Perangan iki ngandhut ukara dudutan kang nerangke meneh tesis kang wis
diwedharake ing pambukane teks lan dibuktrkake sarta disengkuyung dening unsur
argument.
Wondene kanggo nulis teks eksposisi,uga kudu nggatekake trap-trapan kaya ing
ngisor iki.
1. Nemtokake tema tulisan
Supaya anggone nulis teks eksposisi ora kangelan mula tema kang bakal
digunakake kudu diwatesi.
2. Nemtokake ancase panulisan
Ancas utawa tujuan panulisan ditemtokake supaya pokok perkara kang ditulis
gampang dimangerteni dening pamaca.
3. Ngumpulake ancase panulisan
Bahan tulisan teks eksposisi kajupuk saka maneka sumber ing antarane sumber
katulis (Koran,buku,majalah,lan sapituture),wawancara kanthi narasumber,paneliten
langsung menyang sawijing objek,utawa sumber saka angket kang disebarake
menyang masrakat.
4. Nggawe cengkorongan karangan
Sadurunge nggawe karangan teks eksposisi,kang kudu digawe dhisi yaiku
cengkrongan teks kanthi gene plan urut.cengkrongan teks digawe adhedhasr dhata
dhata kang wis dientukake.
5. Panjlentrahan
Sawise cengkrongan teks kasusun banjur dirembakake kanthi luwih pjangkep
supaya titikan-titikan sak teks eksposisi kang asipat informatif,objektif,lan logis bisa
katampa kanthi gambling dening pamaca.
6. Menehi dudutan
Jumbuh karo ancase panulisan karangan eksposisi,dudutan kang ditulis uga kudu
jumbuh lan nguwatake idhe utawa gagasan saka panulis.
7. Nyunting
Sawise teks eksposisi rampung digawe,panulis kudu neliti maneh karangan
kasebut. Ing kene bab-bab kang kudu digatekake yaiku mbenerake tetembungan kang
salah, mbenerake ukara ukara lan basa kang kurang trep digunakake mbenerake
panulisan kang salah lan sapiturute supaya teks kang kagawe mau dadi luwih apik lan
cetha menawa diwaca.
Nalika nulis teks eksposisi,ana saperangan jinising tembung kang kudu
dimangerteni supaya karangane bisa apik lan nduweni bobot. Ing ngisor iki
saperangan jinising tembung kang bisa digunakake ing panulisan teks eksposisi.
1. Tembung aran
Tembung aran yaiku tenbung kang nuduhake jeneng utawa aran sawijing
barang lan apa bae kang dianggep barang.Sajrone tatanan sawijining ukara
tembung aran iki minangka tembung kang bisa dai jejer lan lesan.Tembung aran
ora owah sanajan gunggunge barang luwih saka siji. Tuladha: radio, lemari ,meja,
lan sapiturute.
2. Tembung kriya
Tembung kriya yaiku tembung kang kang mratelakake solah bawa utaw
tandang gawe. Tembung kriya uga bisa ngemu teges lumakunung kahanan. Dene
jinise tembung kriya di loro,yaiku:
a. Tembung kriya tanduk/kata kerja aktif
Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang jejere minangka paraga
kang nindakake sawijing pakaryan biyasane kadhapuk kanthi muwuhake ater-
ater anuswara (m-,n-,ny-,ng-). Tembung kriya tanduk dibedakake dadi loro,
yaiku:
1) Tembung kriya tanduk mawa lesan
Tembung kriya tanduk mawa lesan iku tembung kriya kang
mbutuhake anane lesan (objek),padatan mugunakake ate rater anuswara
(m-, n-, ny-, ng-) ater-ater anuswara lan pananambang -i(m- -i n- -i ny- -i
ng- -i ) utawa panambang -ake (m- -ake,n- -ake, ny- - ake, ng- - ake).
Tuladha : nyerat,nggawani,nyirami,lan sapiturute.
2) Tembung kriya tanduk tanpa lesan
Tembung kriya tanduk tanpa lesan yaiku tembung kriya kang ora
mbutuhake anane lesan utawa objek.Tembung kriya tanduk tanpa lesan iki
padatan lesan iki padatan migunakake ate rater anuswara (m-,n-,ny-,ng-)
ma anuswara,lan mer-
Tuladha : dipangan,kasandhung,diwaca,lan sapiturute.
b. Tembung kriya tanggap/kata kerja pasif
Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang jejere dadi sasaran.
Tembung kriya tanggap iku bisa ndhapuk kanthi muwuhake ater-ater di-, ka-,
ke-, lan seselan -in sarta kawuwuhan ater-ater tripurusa dak/tak-, kok-, lan
di- .Mula jejer jejer ing ukara tanggap tansah dadi sasaran sawijing pakaryan.
Tuladha ; dipangan, kasandhung,diwaca,lan sapiturute.
3. Tembung sesulih
Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine
samubarang.Tembung sesulih kaperang dadi patang jinis,yaiku:
a. Tembung sesulih purusa/wong
Tuladha:aku,kowe,dheweke,lan sapiturute.
b. Tembung sesulih darbe
Tuladha: –ku, -mu, -e,lan sapiturute.
c. Tembung sesulih pitakon
Tuladha : sapa,apa,pira,kapan,lan sapiturute.
d. Tembung sesulih panudhuh
Tuladha: iku,kene, kana,lan sapiturute.
4. Tembung wilangan
Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah.
Tuladha:siji,akeh,loro,sithik,lan sapiturute.
5. Tembung sipat/kahanan
Tembung sipat yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat
samubarang.
Tuladha:lemu,kuru,sugih sabar,dhuwur,nesu,cendhek,lan sapiturute.
6. Tembung katrangan
Tembung katrangan yaiku tembung kang nerangake tebung kriya utawa kahanan.
Tuladha:mesthi,durung,wingi,sore,tansah,banter,biyasane,lan sapiturute.
7. Tembung panggandheng
Tembung panggandheng yaiku tembung kang ngiket utawa
nggandhengake tembung siji,lan sijine.
Tuladha: nanging,saha lan jalaran,dene, miwah,sarta,sarehne,sabab,utawa,
ewadene, amarga, tuwin, lan sapiturute.
8. Tembung ancer-ancer
Tembung ancer ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung.
Tuladha:katur,marang,saka,ingin,lan sapiturute.

B. Pokok pokok Isi Teks Eksposisi


Kanggo ndhapuk teks prelokake pirang-pirang paragrap. Mangerteni jinis jinise
paragraph ancase supaya nggampangake anggone nemtokake wos sajrone teks. Jalaran
ukara pokoke sawijine teks bisa dumunung ing ngendi bae,mula kanggo mangerteni isine
teks eksposisi sira kudu bisa nemtokake jinise paragrap.
Paragrap yaiku perangan saka salah sawijing karangan kang kasusun saka ukara
ukara kang medharake informasi kanthi ukara baku minangka pokok pikirane,lan
disengkuyung dening ukara ukara liyane. Kanthi nintingi pokok pikiran kang ana ing
saben paragrap ing sajrone teks utawa wacan,kita bisa nemtokake isi kang kaandhut ing
wacan mau.
Miturut papan panggonane ukara baku,paragraph kaperang dadi telu,yaiku:
1. Paragrap induktif
Jinis paragraph iku ukara bakune manggon ing pungkasane paragrap.
2. Paragrap deduktif
Paragrap iki ukara bakune manggon ing awal utawa wiwitane paragrap.
3. Paragrap campuran induktif deduktif
Paragrap campuran yaiku jinis paragraph kang ukara bakune manggon ing ngarep lan
pungkasane paragrap. Paragrap kang ukara bakune menggon ing ngarep lan diambali
maneh ing pungkasan,biyasane nduweni makna kang padha.
Supaya bisa nulis paragrap eksposisi kang trep para siswa kudu mangerteni jinis-
jinise pola pengembangan paragrap eksposisi.Pola pengembangan paragrap eksposisi
kapantha dadi pitu ing ngisor iki.
1. Paragrap eksposisi definisi
Titikane paragrap iki yaiku medharake definisi utawa pangerten saka salah
sawijining bab kang nduweni kautaman rembug ing karakteristik utawa cirine.
2. Paragrap eksposisi proses
Jinis paragrap iki isine njlentrehake langkah-langkah utawa urut-urutane
salah sawijining kegiyatan utawa bab.
3. Paragrap eksposisi klasifikasi
Jinis paragrap iki isine mbagi salah sawijing bab lan nglompokake menyang
kategori-kategori.
4. Paragrap eksposisi ilustrasi
Pangrembakane jinis paragraph iki nggunakake gambaran sedherhana
utawa wujud nyata salah sawijing panemu.
5. Paragrap eksposisi pertentangan
Pola pengembangan paragrap iki nerangke pertentangan antarane salah
sawijining bab karo bab liya.
6. Paragrap eksposisi perbandingan
Paragrap iki medharakake idhe utawa panemu ing sajrone ukara baku
kanthi cara mbandhingake karo bab liya.
7. Paragrap eksposisi laporan
Pola pengembangan paragrap iku awujud carita kang nggambarake
kahanan ing wayah kasebut lan neliti asile dilapurake kaya kang ana ing sajrone
pawarta lan teks medhia massa.

C. Budaya Wewaler
Wewaler yaiku unen unen kang isine larangan utawa pepacuh nindakake
sawijining tumindak, amarga tumindak iku dianggep ora becik ditindake.
Jinise wewaler ana 6 warna,yaiku:
1. Wewaler kang megepokan karo ketuhanan Y.M.E., kayata:
a. Aja ndhisiki kersa.
b. Aja sira wani marang wong tuwanira,jalaran sira bakal kena bebendu saka Kang
Murbeng Dumadi.
c. Aja mung kelingan barang kang katon wae sebab kang katon gumelar iki anane
malah ora langgeng.
2. Wewaler kang magepokan karo kerohanian,kayata:
a. Aja duweni pangira yen lelembut iku mesthi alane jalaran sing apik uga ana,ora
beda karo manungsa.
b. Aja lali saben ari eling marang Pangeranira,jalaran sejatine sira iku tansah
katunggon Pangeran.
c. Aja seneng gawe rusaking liyan,jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru
Sejatinira.
d. Aja sira nyacad piyandeling liyan,jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing
bener dhewe.
3. Wewaler kang magepokan karo kemanusiaan,kayata:
a. Aja lali marang kabecikaning liyan.
b. Aja sira degsura ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
c. Aja rumangsa bener dhewe,jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.
d. Aja wedi kangelan,jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
e. Aja gawe seriking ati liyan.
4. Wewaler kang magepokan karo kebangsaan,kayata:
a. Aja seneng yen lagi darbe panguwasa lan aja serik yen lagi ora darbe panguwasa,
jalaran kuwi ana bebendune dhewe-dhewe.
b. Aja mung kepengin menange dhewe kang bisa marakake arahing nagara lan
bangsa,kudu seneng rerembungan njaga katentreman lahir batin.
5. Wewaler kang magepokan karo kekeluargaan,kayata:
a. Aja mung ngaku wong tuwa lamun wong tuamu katon mulya lan dhuwur drajade,
jalaran sira iku asale saka wong tuamu senajan kaya ngapa wujude.
b. Aja mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha,iku mau bisa sirna
sadurunge sira pralaya.
c. Aja rumangsa bisa nanging bisa rumangsa.
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan,kayata:
a. Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake drajat lan pangkat iku perlu ning
aja dipamer-pamerake,sebab bisa mlesetake awakmu dhewe.
b. Aja melik darbeking liyan,marga raja brana lan wanita iku bisa gawe congkrahing
para sujana lan gawe nisthaning ati.
c. Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat,sebab bandha bisa lunga,
pangkat bisa oncat.
d. Aja seneng marang wong kang lagi nguja hawa nepsu marga akeh bandhane,
jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha mau barang
kang resik.

Gladhen Mandiri 1
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Aja lali marang Pangeran,jalaran
Jalaran sejatine siro iku tansah katunggon Pangeran niro
2. Aja lali marang kabecikane liyan,karepe yaiku
Karepe yaiku sap gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku,ing tembe bakal
tampa kanugrahing Pangeran
3. Aja malik darbeking liyan,jalaran
Jalaran panggawe becik iku minangka dalane mulya nira
4. Aja rumangsa bisa,nanging bisa rumangsa,tegese yaiku
Tegese aja seneng rumangsa bisa yen durung bisa,nanging bisa ngrumangsani yen
durung bisa
5. Aja seneng nguja hawa nepsu,amarga
Amarga akehing bandha driya. Jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung
mesthi bandha kang resik
D. Pilihan Tembung
Aja Ngomong Waton,Nanging Ngomonga Nganggo Waton
Tegese yen omong aja mung waton muni,nanging prayogane nggunakake
landhesaning gumathok,cetha,bener,lan pener. Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja
seneng glenyengan,ngrasani liyan,utawa nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong
akeh. Kajaba saka iku,omong kudu nggunakake tata karma sing becik. Apa kang
dikandhakake kudu cetha lan kepriye carane kandha kudu nganggo subasita,amrih ora
nuwuhake panyakrabawa sing kleru (kleru penampa) tumrap sing diajak kekandhan.
Murih ora ngalami gesrek anggone srawug karo sanak-kadang pawong
mitra,tembung saklimah rong klimah kudu dijaga. Tegese,ngucap celathu diarah-arah,aja
nganti nyatur alane liyan sing durung mesthi bener,babar pisan ora ana pikolehe. Apa
maneh yen nganti keprungu sing dicatur,kandhane mung nglarakake ati. Marakake
padudon utawa ndhem-ndheman rasa.
Paribasan iki uga kena kanggo pepeling tumrap sapa bae kang kerp nganakake
sesorah marang wong akeh. Menehi sesorah prayogane nggunakake basal an trapsila
sing ora cengkah karo adat turun-temurun ing papan anggone sesorah mau. Yen nganti
anggone sesorah nggugu karepe dhewe,sing ngrungokake mesthi nggrundel. Salah-salh
mbaka siji bisa lunga tanpa pamit.
“Aja Nggege Mangsa” tegese aja seneng ngowah-owahi mangsa (adat sing wis
gumathok). Kang diarani mangsa ing paribasan iki ana gandheng cenenge karo takdir
sing wis ginaris dening Gusti. Mula,kadadeyan ing donya prayogane aja
dipeksa,dicepetake,utawa dialonake. Tembung liya, sakbehing kahanan ing donya
anggone mawujud duwe wektu dhewe-dhewe kang wis ditemtokake dening Kang
Murbeng Jagad.
Paribasan tuwuh sak kapiyatan,menawa kabeh kedadeyan ing donya duwe
gandheng ceneng sing ora karuan akehe karo kahan sakiwa tengene. Uga ora kena
diselaki,mawujud lan orane kadadeeeeeyan mau jalaran saka keparengane Gusti Kang
Maha Kuwasa. Kayata,kelahirane bayi. Sepira gedhene pangarep-ngarepe wong tuwa
murih enggal duwe anak,dheweke kudu sabar. Kudu nunggu titi wancine lair nganti
kurang luwih sangang sasi sepuluh dina. Nyepetake utaw ngrendhtake kelairan utawa
ngowahigarise pepesthen bakal nuwuhake rubeda kang ndrawasi tumrap si bayi lan
ibune.
Paribasan iki uga isi pitutur murih sadhengah wong gelem sabar. Aja
kemrungsung,aja nganti tumindak sing cengkah karo laku jantraning urip. Aja mung
mburu nepsu,jalararan apa wae kang kumelip ing donya wis ginaris dening kang murbeng
jagad. Manungsa bisane mung nyenyuwun lan ngundi,murih apa kang dijangka bisa
kelakon (mawujud) kanthi becik lan murakabi bebrayan. Dene kapan tekane asil kang
ditunggu-tunggu ana garise dhewe.
Gladhen Mandiri 2
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Omong nganggo waton mengku karep apa?
Tegese yen omong aja mung muni,nanging prayogane nggunakake landhesaning
gumathok,cetha,bener,lan pener
2. Omong nganggo waton kasebut sejatine kene kanggo pepeling sapa?
Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja seneng glenyengan,ngrasani liyan,utawa
nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong akeh
3. Omongan iku supayane tumata kudu kepiye?
Omong kudu nggunakake tata karma sing becik. Apa kang dikandhakake kudu cetha
lan kerpriye carane kandha kudu nganggo subasita,amrih ora nuwuhake
panyakrabawa sing kleru (kleru panampa)tumrap sing diajak kekandhan
4. Wong iku aja ndhisiki karsa,mengku tegese kepiye?
Tegese,ngucap celathu diarah-arah,aja nganti nyatur alane liyan sing durung mesthi
bener ,babarpisan ora ana pikolehe
5. Mengku paribasan apa dene wong iku ora kene ndhisiki karsa?
Paribasan iki uga kena kanggo pepeling tumrap sapa bae kang kerep nganakake
sesorah marang wong akeh. Menehi sesorah prayogane nggunakake bas lan trapsila
sing ora cengkah karo adat turun-temurune ing papan anggone sesorah mau

Garapan Ing Omah


Tindakna tugas ing ngisor !
I. Wacanen teks ing ngisor iki kanthi premati!
Sikeping Badan
Sikep badan umume mujudake gegambaraning dhoronganing ati lan kita
tindakake tanpa sadhar. Sikep badan bisa diarani basa awak (body language).
Saperangan tuladha basa awak kang nimbulake kesan utawa interpretasi ora ilok
antarane ing ngisor iki
1. Aja sok mlerok,mbesuk ana kanane,matane mundhak dicukil Malaikat
Mlerok angel ditegesi, nanging kurang luwih bisa ditegesi mlirik kanthi
mlorok. Sakora-orane ana loro kahanan kang bakal kadadean kang thukul saka
wong kang nampa plerokan mau. Kapisan, kang mlorok lagi nesu utawa ora
seneng marang sawijing bab, dene kang kaping pindho yaiku sikep ugungan lan
kumayu
Bab kasebut akeh ditindakake dening kaum wanita. Sikep kasebut klebu basa
awak kang kurang becik lan bisa nyebabake salah panrima. Ancemane nglibatake
Malaikat. Mbesuke sawise misah raga, matane dicukil Malaikat.
2. Aja sok mencep, mbesuk ana kanane lambene mundhak digunting Malaikat
Mencep ateges ngajokake lambe ngisor menyang ngarep kanggo
nuduhake rasa ora seneng utawa ngenyek. Panjlentrehane padha karo mlerok.
Amarga iki urusane karo lambe,mula sawise seda,lambene digunting Malaikat.
3. Aja sok nuding nganggo tangan kiwa, mundhak ora ilok
Kanggone wong Jawa, panggunaan tangan kiwa nuduhake sipat degsura
utawa ora ngerti tata karma lan unggah-ungguh. Sanajan among nuding, aja
nggunakake tangan kiwa. Ancemane ora nglibatake Malaikat,nanging cukup ora
ilok. Dadi, tingkatane isih luwih cethek dibandhingake karo nomer 1 lan 2 ing
ndhuwur.
4. Aja sok nampani nganggo tangan kiwa, mundhak ora ilok
Panjlentrehane padha karo nomer 3 ing ndhuwur. Nampani apa bae
nggunakake tangan kiwaklebu tumindak degsura.
5. Aja sok sangga uwang, mundhak nyangga susahe wong patang puluh
Sangga uwang nuduhake ati kang lagi susah utawa lagi nandhang lelara
utawa perkara. Menawa kita ora lagi susah, kanggo apa sangga uwang,mengko
malah dikira lagi keranta-ranta. Disawang wong liya uga katon ora pantes. Supaya
kita sadhar, mula dielingake kanthi anceman menawa wong kang seneng sangga
uwang mengkone bakal nyangga susahe wong patang puluh, kepara ndadekake
kahanan kita ora kepenak lan angel.
6. Aja sok sedhakep, mundhak diadohi rejeki
Sedhakep nalika kita lagi ora kadhemen uga nuduhake kahanan wong
kang lagi nandhang kasusahan. Kajaba iku, sedhakepn nduweni konotasi ora
perduli marang saliwa tengene lan ora semangat. Sikep iki klebu basa awak kang
kurang pantes, mula diwenehi anceman sedherhana nanging ora kepenak,yaiku
adoh saka rejeki.
Mangkono mau saperangan tuladha basa awak kang ora ilok. Basa awak
nggambarake isi atine kita. Ngendhalekake bab kasebut pancen angel. Nanging,
kanthi kesadharan menawa isi ati kang kagambarakesajroning basa awak iku bisa
didadekake tetengere wong liyo kanggo mangerteni pangrasaning ati kita ing
wektu kasebut. Muga-muga kita bisa ngendhalekake sikep kang ora ilok kasebut.
Wong Jawa kanthi alamiyah wis diwulang supaya samudana,ateges tetep
gumbira sanajan lagi ora kepenak atine,tetep grapyak sanajan lagi susah. Kahanan
kasebut bisa dibiyantu kanthi anceman lumantar gugon tuhon utawa wewaler
muga-muga kasil.

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !


1. Nitik saka ukara lan susunane paragraph,apa teks ing ngarep klebu
teks eksposisi?
Teks ing nduwur klebu teks eksposisi,amarga mbabarke cara dening
tata cara sikeping badan kang bisa diarani basa awak(body language)
Wenehana alesan miturut pemahaman sira!
2. Menawa teks kasebut klebu teks eksposisi,tuduhna susunan utawa
bageane teks !
a. Tesis
Ing teks kasebut tesis utawa perangan kang isine sudut pandhang
panulis marang prakara ana ing paragrap 1
b. Argumentasi
Ing teks kasebut bagean argumentasi utawa wujud saka alesan
utawa bukti kanggo nguwatake pendhapat utawa bagean paling
pungkasan saka struktur teks eksposisi ana ing paragrap 8
3. Jlentrehna werdi lan gegayutan wos teks kasebut karokahanan
masarakat jaman saiki!
III. Tulisen wangsulane ing buku tugas sira,banjur lukiren asile karo garapane
kancanira supaya padha ngoreksi!

E. Pitutur Luhur kang Kinandhut


Tuladha teks Wewaler kang awujud teks tembang.
Tembang Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagad
Nyaking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang klawan pangan
Yaiku bageanipun
Wong melek sabar narina
Langgam Aja Lamis
Aja sok gampang janji wong manis
Yen ta among lamis
Becik aluwung prasaja nimas
Ora agawe gela
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul among lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga
Aku iki pra sasat
Lara tan antuk jampi
Mbok aja mung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Akeh tuladha kang dhemen cindra
Uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung bisa mukti

Gladhen Mandhiri 3
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Aja turu sore kaki. Turu sore kena apa ora kena?
Turu sore ora kena amarga menawa turu ing jam 4 sore nganthi tangi
maghrib,biyasane menawa tangi iso ndadekake sirah ngelu lan uga nyawane durung
genep,akibate kerep ngawang-awang
2. Sapa sing gelem melek ing wayah wengi bakal antuk kabegjan,nduweni maksud apa?
Maksud melek wayah wengi yaiku nindakake sholat sunah tahajud ing saben wengi
sawise turu sadurunge sholat subuh. Niscaya kabeh donga bakal kangajab dening
gusti lan bakal entuk kabagyan urip ing donya
3. Kanugrahan iku diparingake marang sapa?
Kanugrahan iku diparingake dening Gusti kang gawe urip. Kabeh kang duwene
manungsa kuwi asale saka Gusti Allah Taala. Mula kita manungsa kabeh kudu sujud
syukur marang kuwasane Gusti ingkang Maha Agung
4. Aja sok gampang janji wong manis yen ta among lamis,nduweni makna apa?
Luwih apik jujur amarga ngecewakake wong liya
5. Manawa ora bisa nepati janji,prayogane kepiye?
Kita kudu njaluk ngapura marang wong liya kang kita ajeni

F. Pitutur Luhur sing Kakandhut lan Gegayutane karo Kahanan Masarakat Saiki
Aja Adigang Adigung Adiguna
Tegese yaiku sipat sendel-ngendelake kekuwatan,panguwasa,lan kepinteran sing
didarbeki. Adigang yaiku sipat kang ngegul-gulake kakuwataning awak (raga). Kayadene
kidang,tandang tanduke cukat trengginas,playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat
kang ngongasake pangkat,drajat,keluhuran,apadene trah tedhak turune priyagung (wong
gedhe). Pawongan kang duweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake
gedhe,ora ana sing madhani,lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna iku sipat kang
ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarakake kaya watune ula. Ula
iku katone ringkih ,nanging wisane mbebayani.
Ancas tujuane paribasn iki ngelingake supaya manungsa ngedohi watak adigang
adigung adiguna jalaran watak mau bisa nuwuhake angkara murka lan marakake lali
marang sapadha-padha saengga tumindake sering nglarakake atine liyan. Menawaa wong
iku duwe kaluwihan aja banget-banget diendel-endelake. Awit kasunyatane,kidang sing
kawentar playune iku uga bisa ditubruk macan lan sidane mung dadi mangsane raja wana
mau. Nate didongengake uga,kepriye gajah kalah dening semut. Ula weling utawa kobra
sing wisane ngegrisi iku uga bakal mati lemes yen disabet nganggo carang pring ori.
Paribasan iki uga menehi pepeling menawa kaluwihaning manungsa
bisa”migunani”uga “mbenayani”. Migunani angger digunakake kanggo kabecikan lan
kemanungsan,mbebayani yen mung kanggo nguja hawa nepsu.

Aja Njagakake Endhoge Si Blorok


Yen dilaras,dideleng saka ukurane,paribasn iki bisa dimaknani aja njagakake
endhoge si Blorok,utawa aja njagakake endhoge (dadi) blorok. Teges aja duwe pengarep-
arep sing ngayawara utaw angel kelakone. Wong sing duwe pengarep kaya mangkono
diparibahasake kayaden njagakake anane endhog (pitik) sing wernane blorok,kemangka
endhog pitik sakjege wernane ora tau werna-werna.
Dhek semana endhog sing umum dipangan dening wong Jawa mung endhog
bebek,pitik,lan menthog. Endhog pitik lan menthog warnane putih,dene endhog bebek
biru enom semu ijo. Wektu semana durung ana pakulinan mangan endhog gemak sing
cangkoke dlemok-dlemoke soklat. Mula nganti ana paribasan kaya ngono,awit miturut
penganggepe wong Jawa endhog mung sawerna.
Patrap seneng njagakake apa wae sing durung kalakon (kasunyatan),banget ora
disarujuki dening wong Jawa. Awit sapa kang duwe pakulinan njagakake mau mesti
kurang marsudi,kurang tumemen,lan ngenthengake samubarang. Iya yen sing dijagakake
netes (kelakon),lha yen ora ? sidane malah kapiran. Kemangka,sajroning ngarep-arep
(nunggu) wis mesthi kelangan wektu,kelangan wragad,lan sapanunggalane.

Gladhen Mandhiri 4
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Adigang iku watak kang ora becik.Adigang apa tegese?
Adigang tegese sipat sendel-ngendelake kakuwataning awak (raga)
2. Adigung iku watak kang ora prayoga.Adigung apa maksude?
Adigung tegese sipat kang ngongasake pangkat,drajat,keluruhan,apadene trah tedhak
turune priyagung (wong gedhe)
3. Apa ancas ngedohake watak adigang,adigung lan adiguna iku?
4. Aja njagakake endhoge si Blorok nduweni teges?
Aja njagakake endhoge si blorok nduweni teges yaiku aja duwe pangarep-arep sing
ngayawara utawa angel kalakone
5. Sapa sing kulina njagakake wong liya wekasane bakal nemoni apa ?
Sing kulina njagakake wong liya wekasane bakal nemoni pakulinan njagakake mau
mesti kurang marsudi,kurang tumemen,lan ngenthengake samubarang

G. Teks eksposisi
Parafrase yaiku istilah linguistic (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake maneh
sawijing teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha,nanging tanpa ngowahi
maknane.
Wewaler Basa Gancarane
Aja golek mungsuh Aja seneng memungsuhan marang wong
liya
Aja ngumbar hawa nepsu Aja seneng ngumbar hawa nepsu
Aja melik darbeking liyan Aja duwe rasa melik marang barang
duweke wong liya
Aja cidra ing janji Aja seneng nyidrani janji
Aja dumeh Aja rumangsa nduweni kaluwihan banjur
ngasorake wong liya
Aja kumal ungkung Aja seneng ngumukake dhiri pribadi
Aja kumengsun Aja rumangsa unggul dhewe
Aja gumedhe Aja rumangsa gedhe dhewe
Aja ngrusak pager ayu Aja ngrusak tatanan sing wis becik
Aja panasten Aja gampang nesu

Gladhen Mandhiri 5
Wewaler ing ngisor iki wenehana basa gancarane!
Wewaler Basa Gancarane
Aja nggebyah uyah padha asine. Supaya kita ora ngelakokake tindakan sing
padha karo tindakan biasane sing elek
Aja dadi wong pinter keblinger. Wong pinter sing kesasar ing kapinterane
dhewe
Aja gampang kelu ing swara. Aja gampang kegawa swara wong liya
sedurung kuwe ngerti dhewe
Aja pisan nyacad liyan,ora ana wong kang Ojo seneng mencela wong liyo amarga ora
ora cacad. ono wong sing sempurna
Aja wedi marang penggawe becik,lan wani
marang penggawe ala.

Garapan Ing Omah


Wacanen teks eksposisi ing ngisor iki kanthi premati,banjur tindakna prentahe!
Pasaran Pahing Dadi Sirikan Ing Desa Mejing
Pasaran pahing, kanggone masarakat Desa Mejimg, Kecamatan
Candimulyo,Kabupaten Magelang,klebu pasaran dadi sirikan. Kang dikarepake sirikan
ing kene yaiku ora kena nindakake pagaweyan kang bisa njalari cilaka,utawa njalari
kadadean kang ora dikarepake. Kayata ora kena ijab,ora kena kanggo mijeti wong,ora
kena supitan,ora kena kanggo negor wit,lan sapanunggale. Pokoke pagaweyankang
mbebayani utawa duwe resiko gedhe,masarakat ora wani nindakake ing pasaran Pahing.
Miturut critane wong wong tuwa,biyen pasaran Pahing kuwi minangka pasaran
kang biyasa digunakake kanggo ngukum mati wong. Prastawa iki kawiwitan ing jaman
Walanda. Kreteg kang ana ing Dhusun Kalibening Mejing,minangka papan kang
digunakake kanggo ngukum mati wong-wong tahanan utawa wong kang luput marang
pamarentahaning Walanda. Mulane kreteg iku saiki dadi angker.
Pasaran Pahing dianggep pasaran kang sangar kanggone masarakat Mejing.
Ananing warga kang cetha ora kena nglanggar pasaran iku,warga kang asli klairan Desa
Mejing. Yen menawa pendhatang ora dadi ngapa. Senajan ora dadi ngapa,warga
pendhatang uga ora wani nglanggar sirikan mau.
Ana kedadeyan nyata kang dialami dening warga asli Mejing,jenenge Ikhsan.
Dheweke nalika ijab,nganggo pasaran kuwi,nadyan wis dipenging supaya ora ijab ing
pasaran iku,meksa dheweke nglanggar. Ora suwe saka ijabe,udakara telung dina sawise
ijab,bojone tiwas ketabrak motor.
Ana meneh Mbah Surti, nalika ing pasaran Pahing dheweke dikongkon mijeti
tanggane kang ora percaya anane sirikan iku. Senajan Mbah Surti ora gelem
mijeti,nanging dheweke dipeksa kudu gelem mijeti kanthi upah kang gedhe. Banjur
kepeksa dheweke mijeti tanggane mau. Sabubare mijeti,awake Mbah Surti malah dadi
lara kabeh,pating greges,banjur masuk angina nganti seminggu suwene.
Kadadeyan kaya kang wis diandharake ing dhuwur mau,dadi wewaler tumrape
masarakat Mejing. Isih ana maneh prastawa-prastawa kang nganeh-nganehi ing pasaran
Pahing,nalika masarakat kang ora percaya banjur nerak sirikan iku. Nganti saiki nadyan
jaman wis malih rupa sakabehane,nanging sirikan mau tetep dadi urusan kang nggegirisi
tumrape masarakat Mejing.
Sawise teks-teks ana ing dhuwur kok waca,banjur tindakna parentah ing
ngisor iki!
1. Gawea klompok kang anggotane patang siswa!
2. Rembugna karo klompok sira ngenani pokok-pokok wos teks eksposisi ing
dhuwur!
3. Presentasekna asil rembugan klompok kasebut ing ngarep kelas kanthi gilir
gumanti karo klompok liya!
4. Koreksinen presentasi klompok liyane,banjur lapurna katur guru!

Pandadaran Padinan
Penilaian Kompetensi Sikap
Wacanen pratelan kang ana gegayutane karo sikep social (Jujur,dhisiplin,tanggung
jawab,santun,preduli,lan percaya dhiri)kang ana kolom kanthi teliti wenehana tandha
centhang miturut karo kahanan saben dinamu!
No Pratelan OT KL KR TS
1. Aku nggarap ulangan kanthi jujur ora nurun garapan kanca
liyane.
2. Aku mangkat sekolah ora tau telat.
3. Aku mesthi nggarap PR nalika wis ana omah.
4. Atur salam nalika ketemu Guru.
5. Ngrewangi kanca nalika ana wulangan sing durung
dimangerteni.
6. Wani crita ana ing ngarepe kanca-kancaku.
Katerangan:
OT(Ora tau) ,KL(Kala-kala),KR(Karep),TS(Tansah)
Guru nuntun para siswa kanggo ngisi penilaian dhiri. Nilai KKM ditemtokake dening
Guru

Penilaian Kompetensi Pengetahuan


A. Wenehana tandha (x) ing salah sawijing aksara a,b,c,d utawa e,yaiku wangsulan
sing koanggep paling bener!

1. Wewaler iki bacutna:Aja adigang,adigung


a. Adicara
b. Adimangsa
c. Adinegara
d. Adiguna
e. Adilaksana
2. Aja rumangsa pinter,pintere kanggo minteri wong liya iku diarani pinter
a. Keblinger
b. Keputer
c. Ketheker
d. Keteter
e. Kepener
3. Aja nganti kebanjur,sabarang polah kang
a. Ora mujur
b. Ora kojur
c. Ora jujur
d. Tansah mujur
e. Tansah jujur
4. Aja cedhak kebo gupak,tegese aja nganti cedhak marang
a. Wong kang becik
b. Wong kang pinter
c. Wong kang wicaksana
d. Wong kang ala tumindake
e. Wong kang sregep nyambut gawe
5. Aja rebut balung tanpa isi,tegese unen-unen iki yaiku
a. Rebutan barang warisan
b. Rebutan barang gadhen
c. Rebutan barang titipan
d. Rebutan barang sing ana ajine
e. Rebutan barang sepele
6. Aja nguthik-uthik macan kang lagi turu,maknane aja gawe
a. Senenge liyan
b. Bungahe liyan
c. Nesune liyan
d. Tentreme liyan
e. Kepenake liyan
7. Giri lusi jalma tan ingina,maknane yaiku
a. Aja ngalem marang pinter
b. Aja nguja marang wong wasis
c. Aja marahi wong bodho
d. Aja mbantu wong mlarat
e. Aja ngasorake martabate liyan
8. Aja dumeh ayu,banjur kemayu,wong kang adol ayu tegese
a. Nutupi ayune
b. Mamerake ayune
c. Ndhelikake ayune
d. Nyingitake ayune
e. Ninggalake ayune
9. Wong iku mbutuhake wong liya,mula saka kuwi aja nggugu
a. Karepe wong liya
b. Karepe kanca
c. Karepe sedulur
d. Karepe pandhuwur
e. Karepe dhewe
10. Wong iku ajanganti nggage mangsa,kang ateges
a. Sawijining perkara sing durung kalakon kudu kudu diupayakake supaya
enggal kalakon
b. Sawijing perkara sing durung kalakon kudu enggal kalakon
c. Sawijing perkara sing durung kalakonaja disengkake supaya enggal kalakon
jalaran bisa dadi ala wekasane
d. Sing durung kalakon perlu digoleki cara supaya enggal kalakon
e. Sing durung kalakon wajibe kudu enggal klakon
11. Dadi wong iku aja mung pijer mangan lan nendra. Nendra tegese
a. Dolan
b. Danja
c. Plesir
d. Turu
e. Nginum
12. Aja nuhoni benere dhewe jalaran wong liya iku
a. Mesthi salah
b. Mesthi ora bener
c. Mesthi ora pener
d. Durung karuwan salah
e. Durung karuwan duwe kabecikan
13. Aja girang gumuyu yen menang,adakane wong sing marang yen ora bisa
ngendhaleni dhiri banjur tumindak
a. Welas asih
b. Sewenang wenang
c. Tresna asih mring pedapaning urip
d. Suka derma mring sapadha padha
e. Mulat sarira andhap asor
14. Aja lali saben ari eling marang Pangeranira,jalaran sejatine sira iku tansah
a. Ninggalake pangeran
b. Nyingkur pangeranira
c. Katunggon pangeranira
d. Lali marang pangeranira
e. Ora eling pangeranira
15. “Aja sira nyacad piyandeling liyan,jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing
a. Ala dhewe
b. Salah dhewe
c. Kurang dhewe
d. Bener dhewe
e. Luput dhewe
16. Aja lali kabecikaning liyan,supaya ora lali kabecikaning liyan iku katulis ana ing
watu item supaya
a. Gampang dilakake
b. Cepet dilalikake
c. Gampang dieling eling
d. Gampang dibusak
e. Gampang dimusnahake
17. Aja lali marang panggawe becik,jalaran panggawe becik iku minangka dalaning
a. Kamulyanira
b. Rekasanira
c. Kacintrakanira
d. Nelangsanira
e. Karibetanira
18. Aja rumangsa sugih dhewe,jalaran kabeh iku kagunganing Gusti,drajat pangkat
iku
a. Mung silihan
b. Gadhuhan
c. Silihan
d. Sampiran
e. Titipan
19. Aja wedi kangelan,jalaran urip aneng donya iku
a. Pancen gampang
b. Pancen mayar
c. Pancen ora susah
d. Pancen ora angel
e. Pancen angel
20. Aja ngumbar hawa nepsu,mundhak uripe
a. Rekasa
b. Lumintu kepenak
c. Terus mapan
d. Tansah mujur
e. Ajeg beja
21. Aja kulina memaoni marang wong tuwa. Memaoni tegese
a. Mundi dhawuhe wong tuwa
b. Mbadal dhawuhe wong tuwa
c. Ngestokake dhawuhe wong tuwa
d. Nindakake dhawuhe wong tuwa
e. Ngladeni dhawuhe wong tuwa
22. Aja cidra ing janji,sayektine janji iku ora kena
a. Diblenjani
b. Dibekteni
c. Dituruti
d. Diudaneni
e. Digemateni
23. Wewaler kang ana sambungrapete karo karesikan
a. Aja nyacad wong liya
b. Aja maida wong tuwa
c. Aja angkuh marang sapadha-pada
d. Aja ngidu saenggon-enggon
e. Aja sewenang wenang
24. Wewaler kang ana sambungrapete karo tatakrama
a. Aja nginum
b. Aja madat
c. Aja gumunan
d. Aja kagetan
e. Aja maido
25. Aja nganti cidra.Wong kang cidra wahyune
a. Bakal sirna
b. Bakal teka
c. Bakal ditampa
d. Bakal katarima
e. Bakal ginawa
26. Aja wani-wani menawa wedi, aja wedi-wedi manawa
a. Sekti
b. Wani
c. Kendel
d. Kuwat
e. Santosa
27. Aja dhemen nguthik-uthik macan sing
a. Lagi turu
b. Lagi kuru
c. Lagi diburu
d. Lagi diluru
e. Lagi ditembus pluru
28. Wewaler iku sejatine isine ngrembug babagan
a. Piwulang
b. Pituduh
c. Pitutur
d. Larangan
e. Panemu
29. Aja nampik tumindak kang becik.Amarga sapa sing becik bakal
a. Katitik
b. Ketoro
c. Kalirik
d. Kapetik
e. Kaslenthik
30. Aja wani karo wong tuwa,jalaran anak kang wani marang wong tuwa iku diarani
a. Anak digdaya
b. Anak sampurna
c. Anak durhaka
d. Anak kang sembada
e. Anak kang tumata
B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi tembung wangsulan sing pratitis!
1. Aja duwe watak adigang,yaiku wong sing seneng mamerake kekuwatane
2. Aja dhemen duwe watak adigung,sing tegese mamerake panguwasane
3. Aja duwe watak adiguna,adiguna tegese mamerake kapinteran sing diduweni
4. Aja gampang gawe janji,mula saka kuwi manawa jaji aja cidra ing janji
5. Aja mung kelingan barang kang katon bae, sebab barang kang katon anane malah
ora langgeng
6. Aja nganti kegedhen empyak kurang cagak
7. Aja nganti keminter,supaya ora keblinger
8. Sanajan bagus mula aja nganti gemagus
9. Sanajan ayu nanging aja nganti kemayu
10. Aja sewenang-wenang Manawa kowe duwe kewenangan

Pambecik
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Aja angkuh ana sajroning tembang kasebut nduweni makna?
Aja dumeh marang apa kang kita nduweni sakniki,lan aja nyepelekke apa
kang dadi isine tembang kasebut
2. Apa sing dikarepake ladak kecengklak?
Ladak kecengklak nduweni makna nggambarake wong sing tansah
mbanggake dhiri lan kaluwihane akhire nemu cilaka amarga saka pokale mau
3. Aja serakah,nduweni pangangkah supaya kepiye?
Aja serakah nduweni pangankah supaya dadi wong ora oleh serakah merga
wong seng serakah bakal digetingi Gusti sing maha kuasa merga serakah
kuwi sipat kang ala
4. Aja nganti celimat,sing dikarepake yaiku?
Ora penging dadi perayaan
5. Aja mburu aleman,bab iku nduwe karep?
6. Aja mburu sleman tegese dadi manungsa aja kepengen mung dipuji-puji
Pengayaan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Aja ladak,wong kang ladak pan gelis mati,iku maknane?
Dadi wong aja dagel lan gawe atine wong liya sengsara,amarga wong
kang ladak iku cepet stress lan nggawe abote pikiran lan ndadekake mati
(gerah)
2. Aja duwe ati ngiwa,iku duwe karep kepiye?
Yen dadi manungsa aja ngasi nduweni niat kang ala
3. Aja dadi tuwa tuwas.Apa maksude?
Aja nganti sok zaman wes tuwa utawa sepuh dadi wong kang sia-sia utawa
tuwa sia-sia (ora migunani lan isone mung nyusahno wong)
4. Aja aja seneng yen dialem aja nesu yen dicacat.Apa karepe?
Dadi wong aja nganti seneng yen wes dialem wong apik lan aja nganti
ngamuk yen diarani kang elek-elek
5. Aja gawe gendra,jalaran gendra iku bisa nuwuhake apa?
Gendra bisa nuwuhake tukaran utawa kapecahan

You might also like