You are on page 1of 2

Jaka Sembung

Dina iku, kompeni nglakoni upacara lan latihan nembak ing ladang. Banjur Letnan Van
Aden teko.

Letnan Van Aden: “Pokoke kowe kabeh kudu iso nyekel Jaka Sembung, embuh kepriye
carane!”

(Centeng - centeng padha teko)

Letnan Van Aden: “Kowe kabeh sing dadi pasukan tameng.” (Karo nunjuki centeng-centeng)

Jaka Sembung minangka prajurit sing dianggep berontak lan mbebayani pamarentah
Walanda nalika iku. Dheweke minangka buron e Walaanda, lan sopo wae sing iso nyekel Jaka
Sembung bakal diwenehi hadiah gedhe.
Weruh yen bakale ana centeng-centeng sing njaga, Jaka Sembung banjur marani kanca
- kanca ne.

Jaka Sembung: “Centeng - centeng iku dilut ngkas bakal e rene. Awakdhewe kudu siap nyerang
saka saben arah.”

Ora suwi, centeng-centeng iku wis teko lan awit perang sengit antarane loro karone.

Wong Kompeni: “Hahaha... Ora iso mlayu kowe, Jaka Sembung.”(saka arah ngguri nyergep
Jaka Sembung)

Jaka Sembung akhire kecekel banjur digowo ing tangsi kompeni.

*Ing Loji*

(Maria lan Bunjang lagi omong-omongan karo guyon)

Banjur Kapten Seriem teko.

Kapten Seriem: “Ayo, ndang padha kumpul ing Istall. Ana berita penting soko Letnan Van
Aden.”

Kabeh sing ana ing Loji kalebu Maria lan Bujang padha moro ing Istall. Letnan Van
Aden arep mgumumake yen Jaka Sembung wis kecekel.

*Ing Ladang*

Jaka Sembung saiki ana ing Ladang. Dheweke dijaga ketat karo centeng lan kompeni.
Banjur Kapten Seriem nginguk Jaka Sembung.
Kapten Seriem: “Heh, Jaka Sembung! Kowe gak usah ngeyel. Kari ngomong nyerah wae, opo
susah e!”

Jaka Sembung: “Ciih... Ora bakal aku nyerah dening wong – wong koyok kowe – kowe iki!”

Kapten Seriem: “Kurang ajar! Kowe ancen e pengin disiksa, ya!”

Kapten Seriem: “Entekne saiki!” (Banjur ngongkon centeng ngehajar Jaka Sembung.)

Dumadakan Maria teko.

Maria: “Sik..sik! Mandek! Ojo kesusu dientekne disik. Apa ora mending yen Jaka Sembung
kerja rodi wae?”

You might also like