You are on page 1of 1

Kutha Malang

Kutha Malang iku kutha sing ijo, pinggir dalan e ana akeh wit-witan. Malang ana
ing dataran dhuwur sing nggarai kutha iki adem.

Kutha iki uga disebut kutha pendidikan amarga akeh sekolah favorit sing ana ning
Malang, nyaris kabeh sekolah ing Malang tergolong apik

Kutha Malang iku kutha sing akeh ditekani turis amarga hawane sing isih seger lan
uga akehe panggon wisata sing iso ditekani kayata alun-alun Malang, Kampung
Wisata Jodipan, Pantai Balekambang, lan liya-liyane.

Sakliyane panggon wisata, ana uga panggon kuliner kayata bakso khas Malang, es
dempo, kripik tempe sanan, lan liya-liyane sing mesthi narik atine turis.

Kutha Malang pancen akeh keunggulane saengga iso narik turis lokal lan turis
mancanegara. Mula saka iku awake dhewe dadi warga kutha Malang kudu njaga
keasrian, keresikan, lan keunggulan kang diduweni saka kutha iki.

You might also like