You are on page 1of 1

Para Pamiarsa,

Sugeng pepanggihan kaliyan kula Vita Listiani ing Pawartos Basa Jawi Ngayogyakarta.
Wekdal punika pawartos basa Jawi badhe mbabar warta ingkang dumados wonten wewengkon
Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu
punika.
Gagal Panen Njalari Regi Lombok Awis
Kathahipun pategalan Lombok ingkang katerak sesakit najalari produksi Lombok ing kabupaten
Bantul anjlok. Tundhanipun regi Lombok saya awis.
Dinas Perindagkop mawas regi Lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi
pasar. Kepala bidang Peradagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken,
nagntos samangke regi sawetawis komoditas kadosta Lombok lan sayur sampun mindhak awis.
Kawontenan punika jalaran cuaca ingkang mboten kantenan satemah kathah taneman Lombok
ingkang katerak sesakit. Tundhanipun pasokan Lombok randhat lan winates satemah regi Lombok
mindhak sakalangkung awis. Sinaosa makaten DIsperindagkop dereng badhe nindakaken operasi
pasar, awit reginipun taksih kapetang limrah.
Samangke dhateng perkawis, regi Lombok rawit abrit ngantos sewidak ewu rupiyah saben
kilo. Sinaosa reginipun awis nanging pasokan kawawas taksih aman lan nyekapi. Lombok kedah
masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah. Dipunpenggalih, kalih ngantos
tigang minggu ngajeng regi badhe wangsul popog malih awit para petani Lombok ing Gunung
Kidul tumapak wanci panen.

You might also like