You are on page 1of 2

Pengajian Akbar

Assalamuaikum Wr Wb

Wonten ngarsanipun Shahibil Fadhilah, Al Mukarram, Bapak KH. Wachid Muchtarom M.Pd.I saking
tlatah Sinanjer, Madukoro, Banjarnegara ingkang minulyo.

Dhumateng panjenenganipun para alim ulama, ugi para sesepuh, ingkang dhahat kinabekten.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Desa Gumingsir Kecamatan Pagentan Banjarnegara,


Bapak Bejo Suroso saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.

Dhumateng sagunging poro rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah.

Langkung rumiyin, wonten kalenggahan ingkang insyaallah kebak berkah punika, monggo kawula
dhereaken, ngunjuaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Swt, kanthi waosan
"alhamdulillahi rabbil 'alamien", dene punapa ngantos saat punika, kawula panjenengan sedaya
taksih pinaringan mapinten-pinten nikmat, rahmat, taufik, hidayah soho inayahipun, sahingga katitik
wonten ing siang punika, wanci punika, kawula panjenengan saget kempal manunggal wonten ing
punika majlis, ing saperlu angrawuhi Pengetan Isra' Mi'raj Nabi Muhammad Saw tahun 1435 H,
ingkang dipun dilaksanaaken dening Majlis Ta'lim Al Huda Kalikidang, Desa Gumingsir, Pagentan,
Banjarnegara. Mugi-mugi pakempalan puniko kacatet minangka amal kesaenan kawula panjenengan
sedaya ingkang mangke wonten ing akhirat badhe nuwuhaken ganjaran saking ngarso dalem Allah
Swt. Amien.

Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun Nabi Muhammad Saw,
kanthi waosan

"allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammad wa 'ala ali sayyidina Muhammad",

Nabi akhiriz zaman ingkang dados suri tauladan tumrap kawula panjenengan sedoyo wonten ing
panggesangan punika. Mugi-mugi kawula panjenengan sedaya, khususipun ingkang hadir wonten ing
punika majlis kalebet golonganipun ummat ingkang badhe pikantuk syafaatipun benjeng wonten ing
Dinten Akhir. Allahumma amien.

Saklajengipun, minongko pranoto adicoro, kirang prayogi menawi kawula ngathahaken atur.
Pramilo, keparengo kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening
panitia:

Adicara ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.

Adicara ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al- Qur'an.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan- sambutan.

Kalajengaken adicara ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara
ingkang inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenenganipun Bpk. Drs. KH. Wachid
Muchtarom, M.PdI. Ingkang badhe dipun iringi kalian pagelaran seni budoyo Wayang Kulit Dakwah
"Ngudi Nugeroho" pimpinan Ki Dalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara

Wondene adicara ingkang pungkasan, nun inggih panutup.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu puniko kito awiti
sesarengan kanthi maos surah Fatihah.
Liridhalilahita'ala wa syafa'ati rasulillah shalallahu 'alaihi wasalam alfatihah:

Mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah punika, adicara punika mangke sagedo lancar wiwit awal
dumugi akhir. Amien.

Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang dalu punika
badhe dipun aturaken dening sedherek Hadiman kanthi Saritilawah sedherek Hesti Rahayu,

Dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, mugi-mugi amal kesaenan
panjenengan pikantuk ganjaran ingkang murwat saking ngarso dalem Allah Swt. Kawula
panjenengan ingkang midhangetaken ugi pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah swt. Mugi-mugi
kanthi waosan ayat suci Al- Qur'an kalawau, saged dados sarana saya lancaripun adicara wonten ing
dalu punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kito lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka tiga, inggih
punika sambutan-sambutan.

Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun
Bapak Aji Nur Wibowo. Dhumateng panjenenganipun Bapak Aji Nurwibowo kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Aji Nurwibowo ingkang sampun kerso paring sambutan amawili
panitia.

Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Bapak Kepala Desa Gumingsir.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Bejo Suroso, kawula sumangga'aken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Bejo Suroso minangka Kepala Desa Gumingsir ingkang sampun
kerso paring sambutan wonten ing adicara dalu punika.

Hadirin wal hadirat rahimakumullah' Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur
wonten ing ngarso panjenengan sedoyo.

Saklajengipun, lumebet dhumateng adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti,
Pengaosan Akbar babagan Isra' Mi'raj ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun
wedharaken dening Panjenenganipun Bapak KH. Wachid Muchtarom, M.PdI ingkan badhe dipun
iringi kalian pagelaran Wayang Kulit Dakwah "NGUDI NUGEROHO" pimpinanipun Ki Dhalang
Wahyono saking Madukoro Banjarnegara. Lajeng mangke wonten akhiring Pengaosan dipun suwun
barakah doa'ipun sekaliyan adicoro panutup.

Para lenggah ingkang kinurmatan, Sakderengipun panjenengan Almukarom Bapak KH. Wachid
Muchtarom medharaken pengaosan, kawula minongko pranoto adicara mbokbilih wonten klenta
klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging sih
samudra pangaksami.

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Drs.KH. Wachid Muchtarom, M.Pdi, wekdal sakcekapipun


sumonggo katur.

Minongko pranoto adicoro Kawulo akhiri Billahittaufiq wal hidayah, wa rridha wal inayah.
Tsumassalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.

You might also like