You are on page 1of 3

PACELATHON NGGINAKAKEN BASA JAWI KRAMA ALUS KANTHI TEMA

"NONTON KETHOPRAK ING RRI SURAKARTA"


Paraga :Pak Lurah
Pak Basuki
Wisnu (Putranipun pak Basuki)
Dalu menika Pak Lurah tidak dhateng Gedhung RRI Surakarta saperlu mirsani kethoprak kanthi
lakon “Babad Alas Wanamerta”. Pak Basuki ugi mirsani sesarengan kaliyan Wisnu.

(Ing kursi dheretan paling ngajeng, pak Lurah pinarak piyambak banjur pak Basuki rawuh)
Pak Basuki : “Sugeng Dalu Pak Lurah. Sampun dangu rawuhipun, Pak?”
Pak Lurah : “Sugeng dalu ugi, Pak Basuki. Nembe sawatawis.”
Pak Basuki : “Boten kadherekaken ingkang Ibu, Pak?”
Pak Lurah : “Piyambakan mawon. Saweg wonten prelu piyambak. Panjenengan, ugi
piyambakan mawon?”
Pak Basuki : “Wau sareng kaliyan Wisnu, nanging kepanggih kancanipun lajeng ngempal.”
Pak Lurah : “Waah. Wisnu ugi remen ningali kethoprak ta, Pak?”
Pak Basuki : “Janipun nggih radi kapeksa, amargi pikantuk tugas saking gurunipun kapurih
ngringkes cariyos kehoprak ing dalu menika.”
Pak Lurah : “Oalah… ning nggih sampun sae, sampun purun senajan kapeksa.”

(Wisnu saking jawi manggihi bapakipun amargi kepengin ningali kethoprak kanthi langkung
cetha. Wisnu salaman kaliyan pak Lurah.)
Wisnu : “Sugeng dalu, Pak.”
Pak Lurah : “Sugeng dalu, Nang. Angsal tugas ningali kethoprak ing RRI mriki ta, Nang?”
Wisnu : “Nggih, Pak. Dipundhawuhi guru basa Jawi supados ngringkes cariyos lampahan
kethoprak dalu menika.”
Pak Basuki : “Lha kanca-kancamu padha neng endi, Le? Kok ora padha melu mrene?”
Wisnu : “Sami wonten bangku wingking, Pak. Kula kepenging langkung cetha, lajeng kula
pindhah ngriki mawon.”
Pak Lurah : “Lakon kethoprak niki kareman Bapak lho, Nang. Babad Alas Wanamerta.”
Wisnu : “Wah, kaleresan sanget. Menawi mangke kula kirang paham kaliyan isinipun, saged
nyuwun pirsa kaliyan Bapak.”
Pak Lurah : “Oh,nggih. Kanthi legawa.”
Wisnu : “Matur nuwun sanget, Pak.”
Pak Basuki : “Wah, matur nuwun sanget Pak Lurah. Malah mangke ngrepoti panjenengan. Nggih
mangga sugeng mirsani, sampun wiwit menika…”
Pak Lurah : “Boten dados menapa, Pak. Kula remen menawi saged mbiyantu. Nggih, mangga.
Sugeng mirsani ugi.”
(Pak Lurah, Pak Basuki, lan Wisnu sami-sami mirsani kethoprak)
PANATACARA ING ADICARA WIWAHA SANGGAMA ( IJAB QABUL)

Paraga
Penganten priya (PPa) : Jalu Tantra Sudira
Penganten wanita (PPi) : Dhatu Kanya Subroto
Bapak penganten priya : Wijaya Sudira
Bapak penganten wanita : Harya Subroto
Panatacara : Nisrina
Wakil kulawarga PPa : Baskara
Wakil kulawarga PPi : Sucipto

Assalamualaikum. Wr. Wb.


Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangemban pangembating
praja ingkang tuhu sinudarsana. Sanak kadang, pawong mitra kakung sumawana putri ingkang satuhu
kinasih ing Gusti. Kadang mudha-mudhi, waradinipun dhumateng sedaya para rawuh ingkang minulya.
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira
dhumateng jiwangga kita sawegung, waradin sagung dumadi. Sholawat saha salam mugi tansah
cumondhok dhumateng Nabi kita Muhammad SAW, ingkang kita tengga syafaatipun benjang wonten ing
dinten ingkang pungkasan.
Sabda minangka panggeh, tembung minangka kekenceng, wacana minangka panancang.
Ing titi wanci menika kula kadhawuhan ngaturaken reroncening adicara wonten ing pawiwahan dhaupipun
Nimas Dhatu Kanya Subroto, putrinipun bapak Harya Subroto, kaliyan Dhimas Jalu Tantra Sudira
priyatmajanipun bapak Wijaya Sudira sekaliyan. Ingkang menika kula badhe hangaturaken reroncen
lampahing adicara enjing menika ingkang asasana ing Jl. Puspawara Nomer 23 Semarang, inggih dalemipun
calon penganten putri. Amarengi hari Anggoro Kasih, surya kaping 14 Februari 2020 inggih menika kados
mekaten.
 Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka
 Dwi tyaacara inggih menika waosan ayat suci Al-Quran
 Adicara kaping tiga inggih menika pasrah panampi calon penganten priya
 Adicara kaping sekawan inggih menika, upacara wiwaha sanggama (Ijab qabul)
 Adicara kaping gangsal inggih menika hastungkara
 Pungkasan inggih menika panutup
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan.
Menika wau rantaman adicara ingkang badhe kalampah. Minangka purwakaning pahargyan menika,
sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang ngrasuk agama
sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun sowang-sowang. Sumangga kula dherekaken.
Matur nuwun. Mugi-mugi lumantar waosan basmallah wau andadosaken gancaring adicara ing enjing
menika. Adicara ingkang kaping kalih inggih menika waosan ayat suci Al-Quran ingkang badhe
dipunwaosaken dening sedherek Fatimah. Dhumateng sedherek Fatimah, kula sumanggaken.
———————————————————
Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih. Mugi kanthi waosan ayat suci Al
Qur’an wau, ndadosaken tambahing iman islam kita sedaya.
Adicara ingkang salajengipun inggih menika pasrah saking kulawarga calon penganten priya.
Dhumateng panjenenganipun Bapa Baskara ingkang sampun kajibah, sumangga.
———————————————————
Menika wau pasrah saking kulawarga calon penganten priya. Dene ingkang sampun kapitaya hanampi
saking kulawarga calon penganten putri, inggih menika Bapa Sucipta, kula aturi nampi. Sumangga.
———————————————————
Mekaten calon penganten priya sampun katampi dening kulawarga calon penganten putri.
Menggah gatining karya ing adicara menika, nuwun inggih upacara wiwaha sanggama. Dhumateng
Bapak petugas saking Kantor Urusan Agama ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.
———————————————————
Para rawuh ingkang minulya. Mekaten upacara wiwaha sanggama ingkang sampun kalampahan
kanthi gancar, lancar, nir ing sambekala. Ingkang salajengipun, inggih menika adicara hastungkara ingkang
pinandhegan dening Bapak Mukmin. Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan kula aturaken.
———————————————————
Mekaten para rawuh. Setunggal mbaka setunggal adicara sampun kalampah tanpa wontening reridu
satunggal menapa. Ndungkap paripurnanipun adicara, mangga dipunpungkasi kanthi maos hamdallah
sesarengan.
Hambok bilih anggen kula ngaturaken reroncening adicara pawiwahan menika wiwit ngantos purna
kathah babagan ingkang kirang ing trapsila, saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula pun Nisrina
nyuwun agunging pangaksami.
Minangka pungkasaning atur,
Waasalamualaikum. Wr. Wb.

You might also like