You are on page 1of 2

KAGUNGAN DALEM GUSTI

Bapak ibu, tuwin para kadang kinasih, sugeng dalu lan Berkah Dalem
Wonten ing ibadat memule mengeti 1000 dinten bapak/ibu ……. kapendhet dening
Gusti, kula badhe paring panglimbang babagan “Kagungan Dalem Gusti”. Kula gadhah
pengalaman nalika kula tumut kaluarga kula sesarengan kempal wonten ing griyanipun simbah
nalika Bakdha. Kula raos bingah nalika saged kempal lan dolanan sesarengan kaliyan simbah,
pakdhe, budhe, om, bulek. Manah ingkang bingah menika amargi saged kempal malih kaliyan
kaluarga ageng menika ingkang ugi samenika dipunraosaken dening bapak/ibu …… ingkang
samenika kempal sesarengan kalih Gusti lan para suci wonten ing alam kalanggengan Dalem.
Wonten ing waosan kapisan ngandharaken bilih Gusti nganaake kembul yasa bojana tumrap
sakehing bangsa lan ndadosaken sedaya umat manungsa sami surak gambira. Gusti menika
temtu bingah sanget nalika wonten salah satunggiling umat Dalem ingkang tumuju wonten ing
kratoning Dalem sesarengan kaliyan Gusti, ngantos panjenenganipun menika yasa bojana
ingkang ageng supados umat menika mboten kera. Mboten namung kempal sesarengan kaliyan
Gusti lan para suci, nanging bapak/ibu … ugi kembul bojana sesarengan kaliyan Gusti lan para
suci ngantos salami-laminipun.
Dene wonten ing waosan Injil kaandharaken bilih sok sintena ingkang pracaya marang
Gusti Yesus samenika dados kagunganing lan gadhahan Gusti piyambak. Bapak/ibu … menika
temtu sampun pracaya marang Sri Yesus Kristus ingkang dados pamomong lan ugi panebus,
sarana baptisan lan sakramen sanesipun ingkang sampun dipuntampi dening bapak/ibu …
nalika taksih sugeng. Nalika bapak/ibu …. menika pracaya marang Gusti Yesus, bapak/ibu …
sampun dados kagunganipun Gusti; lan amargi dados kagunganipun Gusti, bapak/ibu … nalika
wangsul wonten ing kratoning Allah minangka griyanipun ingkang enggal, Gusti lan ugi
sedaya malaikat, para suci sami bungah gambira amargi kagungan Dalem sampun wangsul
(kayadene putra/putri ingkang wangsul wonten ing kampung halaman saksampunipun
nyambut damel).
Kagem kita sedaya ingkang dipuntilar dening bapak/ibu … kedhah raos bingah lan
ngaturaken pepudyan amargi sedherek kita sampun katunggilaken kaliyan Gusti, dados
kagunganipun Gusti. Kita menika ugi kedhah tansah anggadahi semangat anggenipun pracaya
marang Gusti Yesus, celak kaliyan Gusti, manunggal kaliyan Gusti supados mbenjing nalika
kita sedaya mboten wonten ing donya niki malih, kita sedaya sampun kempal sesarengan
kaliyan Gusti wonten ing kembul bojana ingkang Gusti paringaken tumrap ing kita sedaya.
Sembahyang berkahan sekar
Allah Hyang Rama, endah lan ganda aruming sekar menika mralambangaken kamulyan
lan aruming asma Dalem Gusti. Kawula nyuwun mugi kaberkahana sekar menika ingkang
badhe kawula wur-wuraken ing makamipun abdi Dalem ingkang sampun timbalan marak ing
ngarsa Dalem. Mugi aruming sekar menika saged anelakaken kamulyan Dalem ingkang
amenuhi bumi sarta abdi Dalem menika. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

Sembahyang berkahan doro


Allah Hyang Rama, nalika semana peksi doro dieburaken dening Nabi Nuh
saksampunipun banjir bandang. Peksi doro menika ugi mralambangaken katentreman ingkang
dipunparingaken Gusti tumrap ing kita. Kawula nyuwun mugi kaberkahana peksi menika
ingkang badhe kawula uculaken. Mugi kanthi maburing peksi menika saged ngaturaken abdi
Dalem wonten ing alam kalanggengan lan ketentreman Dalem Gusti kanthi penuh ing manah
ingkang bingah. Lantaran Sang Kristus Gusti Kawula. Amin.

You might also like