You are on page 1of 1

SALAH DADI WAKIL

Dening : Imam Anthony Muslim/ XIIMIA8/ 21

Lungguh ing DPR, awake lemu lan makmur, gaji perwulane ratusan rupiah. Waduh!!!
Enak tenan ya dadi DPR. Ya sapa sing ora kenal wong saka DPR iki, wong nomer loro sing
ngewakili kabeh rakyat Indonesia. Sebut wae jeneng e “Badhut." (Samaran). DPR sing gelek
banget ngunggah foto preiyan luar negerie deweke, kayata kaadaan rakyat lan negarae ora
ana masalah apa-apa lan wes makmur kabeh.

Malah Badhut tau nggungah foto ruangan kantor e seng megah ing internet. Ing
pojokkan kantor sing ana ing foto iku, eh malah katon ranjang turon. Waduh, langsung akeh
banget wong sing komentar amarga kok iso ana ranjang turon ing kantor DPR.

“Waduh pantes banget DPR lemu-lemu ya, wong mari mangan turu, ora mikiri rakyat e.”
Celetuk e salah siji wong sing komentar.

“Waduh ya apa iku lek ditinggal turu pak ?” Celetuk wong liyane.

Amarga akeh wong sing komentar nyindir, foto iku digusek ambek Badhut lan
ngomong lek dheweke salah ngunggah foto.

“Waduh pak, sing salah iku duduk foto e, tapi wong-wong iki milih sampeyan dadi
wakil e.” Celetuk komentar siji wong banjur foto iku digusek.

You might also like