You are on page 1of 3

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN SEKOLAH

‫السال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬


ُ ‫صالَة‬ ْ ْ
َّ ‫ َوال‬.‫سبِ ْي ِل َربِِّنَا بِال ِحك َم ِة‬ َ
َ ‫ع ُه ْم إِلال‬ ْ َ ْ ْ َ ْ ُ ْ ُ َ
ُ ‫ َونَد‬.‫ َونَ ْسئل نَف َع َها ِلننذ َِر ِب َها اه َل الق ْر يَ ِة‬.‫س ِة‬ َ ‫اَ ْل َح ْمد ُ ِهللِ الَّذِى َعلَى َما َخت َ ْمنَاهُ ِمنَ ال ِد َِّرا‬
َّ َّ ْ َ
َ ‫ص َحا بِ ِه َو َم ْن َواالَ ْه َو َعلَى َم ْن أقَا َم َه ِذ ِه ال َمد َْر‬
‫ َو َم ْن َعل َم َوتَعَل َم فِ ْي َها‬.‫س ِة‬ َ
ْ ‫ َو َعلَى ا َ ِل ِه َوأ‬,ِ‫سيِِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد ِإب ِْن َع ْب ِد هللا‬ َ ‫سالَ ُم َعلَى‬ َّ ‫َوال‬
ُ ‫ ا َ َّما َب ْعد‬.ِ‫ِال ْعالَ ِء َك ِل َم ِة هللا‬

Hadratul mukarromin, poro Ulama’ul amilin poro Bapak guru dan bu guru ingkang kulo taati,
poro Bapak wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-konco sedoyo siswa-siswi
madrasah……… ingkang kulo sayangi. Poro hadirin sekalian ingkang kulo hormati.

Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin kulo
muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan
panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan
bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat.

Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Ta’dzim Alloh tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro ahli
keluarga lan sohabatipun.

Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi acara
ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, sa’perlu nyampeaken sambutan
atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang
sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing Madrasah puniko.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili sangking sedoyo siswa-
siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah wonten ing madrasah puniko. Wonteng
ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang sa’agungipun dumateng Poro Bapak
Kyai, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga,
tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi jawah sak perlu
mendidik soho membina dumateng kawulo sa’konco awit milahi mlebet wonten ing
madrasah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat tsanawiyah.
Wonten ing mriki kulo sa’konco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih payahipun,
utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo namung saget
ngaturaken….

‫سنَ ْال َجزَ اء َكثِي ًْرا‬


َ ْ‫َجزَ ا ُك ُم هللاُ أَح‬

Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro Bapak Kiyai,
Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sa’sahe-sahenipun, soho ingkang katah.
Amien yaa Robbal Aalamien.

Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sa’konco ngaturaken sedoyo
kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko, sebab
kulo sa’konco sering damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro Bapak Guru sami
ugi wonten ing sa’lebetipun Madrasah utwai wonteng ing jawinipun madrasah. Pramilo
sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin.
Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu dumateng Poro Bapak Kiyai soho Bapak
Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking madrasah puniko,
sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi dumateng pribadi kulo,
masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran kangge taqorrub
dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen.

Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah puniko sageto
nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito
cita-citaaken. Amien.

Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo,
kulo nyuwun agengipun pangapunten.

‫و باهلل التو فيق و الهداية‬

Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa


Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMPN 1 Taman, Bapak ugi ibu guru, staf
TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani.
Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang
Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados
kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 sapunika. Kula
siswa kelas 9E ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 9 kagem
ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur
sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco
dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika. Kula sakonco inggih badhe nyuwun
pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang
sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang
migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco
kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen
kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget
wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering.
Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula
aturaken matur sembah suwun
Pidato bahasa jawa krama
Ass. Wr.wb.
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten
ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.
Saderek-saderek sedanten……..
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang
menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko
sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius……..
Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko
disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo
Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-
budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara
televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar
negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae……..
Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….
Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri
“tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang
produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng
Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget ndhatengaken
perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.
Matur suwun kulo sampekaken………
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP N 5 Ambarawa, ingkang
kinurmatan dewan guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan
tamu undangan saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji
syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan
keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal
pinanggih ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2013/2014, dinten senin,
3 maret 2014 ingkang enjang menika.
Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara
perpisahan niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna
dungkanipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula menika
taksih adhapur latihan.
Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken
maturnuwun dhumaten Kepala Sekolah ingkang sampun maringi sarana lan
prasarana ingkang cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten
kesupen kula ngaturaken matur nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga
sekolah ingkang tumut membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita
saged ngrampungaken belajar lan angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat.
Kangge bapak ibu, matur nuwun kangge pengorbananipun ingkang sampun
nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki lan kawula sedaya nyuwun
doa restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah ingkang lewih inggil.
Ingkang kaping kalih, kula sedaya ngaturaken pangapunten kangge
bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi
kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap semangat
kangge belajar lan meraih cita-citanipun.
Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi
kathah atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula
nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

You might also like