You are on page 1of 14

SOAL LATIHAN PAKET 2

UJIAN SEKOLAH BERBASIS NASIONAL BAHASA DAERAH


KOTA SURABAYA
TAHUN PELAJARAN 2018/2019

1. Gatekna teks geguritan iki!

MANGSA KETIGA
(Dening: Aris Irianti)

Mangsa ketiga wis teka


Sawah-sawah padha nela
Ora bisa ditanduri
Kamangka kita butuh pari
Tegalan ya semono uga
Arep ditandur ana tela
Thukule amung suket teki
Dhuh Gusti paringana rejeki
Amung kangge nedha
Anak putu lan keluarga
Mugio kanthi angin kang gumanti
Panjenengan tansah maringi
Margi kang amba
Wonten ing mangsa ketiga menika

(PS No.38 - 23 September 2017)

Tema kang mathuk kanggo geguritan kasebut yaiku....


A. Mangsa ketiga
B. Sawah ora bisa ditanduri
C. Among tani
D. Keluarga

2. Gatekna teks geguritan iki!

BUKU
(Dening Anggit Panggrahita, S.Pd.)

Buku iku sumbere ilmu


Bisa dadi gantine guru
Tanpa buku, siswa ora bisa maju
Sumbering kawruh tumprap sing ngeluru
Mundhak kawruhe, tambah wasise lan pintere
Ya merga saka buku

Buku ora kena kanggo lemek tahu


Kudune diwaca lan disinau
Sing ora seneng maca buku kuwi wong sing mblilu
Yen kepengen sugih ilmu
Ya kudu taberi anggone sinau
Guru ora bisa pisah karo buku
Jagading pendhidhikan ora bisa uwal
Ninggalake buku sing mutu
(PS. No. 20 – 19 Mei 2018)

Pesen utawa amanat kang kinandhut saka geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. Yen kepingin sugih kudu maca buku
B. Buku bisa digawe bunthel tahu
C. Yen kepingin pinter kudu sregep maca buku
D. Jagading pendhidhikan ora bisa uwal saka buku

3. Wacanen kanthi setiti!

Prabu Klana Sewandana ngupaya syarat abot ing patembaya kasebut. Panjenengane wis
kasil yasa gamelan kanggo pangiring lan prajurit kembar kang cacah 140. Mung wae durung
kasil nekakake kewan asirah loro. Ana nata saka kraton Lodaya, Blitar aran Prabu Singobarong
kang kawentar sekti mandraguna uga ngersakake Dwi Sanggalangit kapundhut garwa. Prabu
Singobarong pasuryane medeni, rikmane gimbal lan brewok.

Pethikan teks tanggapan deskriptif ing ndhuwur, kalebu ing struktur ….


A. dheskripsi bageyan
B. idhentifikasi
C. klasifikasi
D. orientasi

4. Wacanen kanthi setiti!

Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang
sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan
yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa
nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora
gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

Ide pokok teks tanggapan deskriptif ana ing wacanan paragraf ing dhuwur yaiku …
A. Pesisir Sendang Biru obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae.
B. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon
njenggerenge Pulo Sempu.
C. Pesisir Sendang Biru obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae
lan dijangkepi fasilitas kang nyengkuyung.
D. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru
dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

5. Wacanen kanthi setiti!

KI HAJAR DEWANTARA

Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogyakarta tanggal 2 Mei 1889, kagungan asma asli RM
Suwardi Suryaningrat. Panjenengane miyos ing lingkungan kulawarga bangsawan saka trah
Kraton Ngayogjakarta. Ki Hajar Dewantara kepengin bisa srawung lan cedhak karo kawula
cilik, mula gelar kebangsawanane ora diagem lan ganti asma dari Ki Hajar Dewantara.
Sawise ngrampungake pendhidhikan dhasar Ki Hajar Dewantara nerusake pasinaon
menyang STOVIA nanging ora nganti tamat, jalaran nandang gerah. Sabanjure Panjenengane
nyambut gawe dadi wartawan yaiku ing layang kabar De Express, utusan Hindia, lan kaum
muda. Liwat tulisan-tulisane mau Ki Hajar Dewantara ngobarake semangat anti kolonialisme.
Saka wacan kasebut, Ki Hajar Dewantara ora tamat saka STOVIA amarga ….
A. ora nduwe bandha
B. nandang gerah
C. kepengin nyambut gawe
D. ora duwe semangat

6. Wacanen kanthi setiti!

BAYU SKAK

Bayu Eko Moektito utawa sing luwih kondhang disapa Bayu Skak lair ing Malang, Jawa
Timur, 13 November 1993. Ing era modheren iki ora ana sing ora kenal Bayu Skak apa maneh
kawula mudha. Bayu Eko Moektito kalebu Youtube creator kang nduweni pangaribawa
(pengaruh) kanggo ngleluri (melestarikan) budaya Jawa utamane basa Jawa. Basa kang
digunakake karo Bayu Skak nalika gawe konten video akeh-akeh migunakake basa Jawa.
Senadyan migunakake basa Jawa, nyatane sing nonton Youtube Channel Bayu Eko Moektito
ora mung wong Jawa. Iki bisa dibuktekake saka kolom-kolom komentar kang akeh sing takon
apa arti kang diomongake karo Bayu Skak.
Bayu Skak sekolah ing SMK Grafika lan lulus taun 2011. Sabanjure, dheweke nerusake
kuliyah ing Universitas Negeri Malang jurusan Art and Design. Ana kene dheweke sempet ora
kuliyah 3,5 taun amarga nggarap filem kanthi judhul Yo wis Ben. Filem iki kalebu filem kang
ringan kang nyeritakake kadadeyan sabendinane. Ananging pangurbanane kasebut ora siya-siya
amarga filem kang digawe kasebut ngolehake apresiasi kang apik saka penonton uga presiden
Jokowi. Saka kedadeyan kuwi Bayu Skak oleh dispensasi cuti saka pihak kampus kanthi
cathetan kudu ngasilake (menghasilkan) karya sing bisa dikenal kanthi tingkat nasional.
Minangka kawula mudha kita kudu nduweni semangat kanggo nyengkuyung kabudayan
Jawa. Prestasi ora mung ana ing pelajaran wae, tuladhane wis bisa dilakokake Bayu Skak.
Wiwit saiki awake dhewe kudu bisa mangerteni potensi apa kang ana ing awake dhewe,
saengga bisa ngukir prestasi kaya Bayu Skak.

Saka akehe viewer utawa penonton ing channel Bayu Skak bisa didudut yen channel youtube
Bayu Skak nduweni konten kang ….
A. lucu
B. gawe sedhih
C. narik kawigaten
D. megelake

7. Wacanen kanthi setiti!

PETRUK DADI RATU

Petruk kang dadi ratu anyar pengin ngedekake negara anyar. Dheweke pengin ngobrak-
abrik Ngamarta, nanging sadurunge sowan marang Prabu Kresna, Gathuktkaca matur yen
Petruk ngosak-asik Ngamarta. Sadurunge kuwi Werkudara matur karo kakange Kresna yen
Jimat Kalimasada ilang ora ngerti parane, Kresna duka lan diireh-ireh Baladewa.

Piwulang kang bisa dijupuk saka wacan kasebut yaiku ….


A. Gegayuhan kang dhuwur kudu dibarengi angkara murka
B. Kepenginan kang mulya dibarengi kanthi niat kang sabar
C. Kekarepan kang dhuwur kudu gunakake tumindhak kang becik
D. Gegayuhan kang dhuwur kudu dibarengi kanthi temenan
8. Wacanen kanthi setiti!

Ratu Ayodya, Prabu Dasarata peputra Rama sing sabanjure nggenteni dadi ratu ing kang
jejuluk Prabu Rama.Kanggo ngganepi jejering urip Prabu Rama nggarwa Dewi Sinta putri saka
Prabu Janaka ing Manthili.

Garwane Prabu Rama iku putru saka Kraton ....


A. Ayodya
B. Pancawati
C. Manthili
D. Dwarawati

9. Gatekna tembang-tembang iki!

1) Cublak-Cublak Suweng
2) Gambuh
3) Sewu Kutha
4) Sluku-Sluku Bathok
5) Kuncung

Tembang-tembang kasebut sing kalebu jenis tembang kreasi yaiku ….


A. 1 lan 4
B. 3 lan 5
C. 1 lan 5
D. 2 lan 4

10. Gatekna teks tembang iki!

Lumbung desa pra tani padha makarya, ayo dhi


Jupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yu
Padha nutu yen wis rampung nuli adang, ayo kang
Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Pesen kang kinandhut saka Tembang Dolanan ing ndhuwur yaiku ....
A. para tani padha makarya bareng
B. njupuk pari karo nyandhak alu
C. ngajak para tani supaya makarya bareng
D. dadi wong kudu sregep nyambut gawe

11. Gatekna aksara Jawa iki!

kupi=gjh
Sandhangan kang digunakake ana ing frasa kasebut yaiku ....
A. suku, wulu, pepet, wigyan
B. suku, wulu, cecek, wigyan
C. suku, wulu, wignyan, cecek
D. suku, wulu, layar, taling

12. Gatekna aksara Jawa iki!


tumBsGenDis\
Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….
A. Tumbas gandhis
B. Tumbas gandis
C. Tumbas gendhis
D. Tumbas gendis

13. Gambaran ngenani jaman, adat istiadat lan budaya, perilaku sarta sikap masyarakat sing bisa
ditinting saka cerkak diarani ….
A. unsur intrnsik
B. unsur ekstrinsik
C. unsur budaya
D. unsur swasana

14. Wacanen kanthi setiti!

ENDHOGE BLOROK
Dening: Imam H.

Lagi wae Yatik lungguh, bel telepon saka kamar tengah muni. Kepeksa cah kuwi
mlayu marani. Batine, sapa bengi-bengi ngene kok nelpon. Sajake ana kabar penting saka
ndesa. Ing kana pancen akeh krandhane: wong tuwane, adhi, lan pakdhene. Yen ana kabar
penting, tengah wengia pisan mesthi ngebel.

Saka wacan kasebut, bel telpon muni saka ….


A. kamar ngarep
B. kamar tengah
C. mbale
D. ngemper

15. Setitekna wacan iki!

Sawise kapilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe dadi tansaya akeh, saliyane ngayahi
jejibahane minangka murid dheweke kudu bisa ngoordhinir kanca-kancane saengga ora ana
kang nglanggar aturan sekolahan. Saliyane iku dheweke uga bisa dadi sesulihe bu guru nalika
ora bisa rawuh jalaran gerah. Utawa ana tugas saka sekolahan. Saka akehe jejibahan
kadhangkala dheweke ngrasa ora sanggup maneh dadi ketua kelas.

Pesen sing kinadhut ing cerkak kasebut yaiku ….


A. dadi bocah dadi koordinator
B. dadi bocah nglanggar aturan sekolah
C. dadi siswa kudu dadi ketua kelas
D. dadi bocah kudu dhuwe tanggung jawab

16. Setitekna ukara iki!

Supri kuwi jane bocah sing apik nanging amarga seneng kumpul karo Rusdi dheweke dadi
bocah nakal. Supri cocok karo unen-unen cedhak celeng gudhiken.
“Cedhak celeng gudhiken” klebu jinise basa rinengga ….
A. Paribasan
B. Bebasan
C. Saloka
D. Purwakanthi

17. Ukara-ukara iki kang mujudake basa rinengga sing anggone ngrengga sarana nggunakake
purwankanthi yaiku….
A. Sepi ing pamrih rame ing gawe
B. Pranyata wus tata, titi, lan tatas
C. Keparengan kula badhe matur
D. Suwene wus nawa candra dasa ari

18. Setitekna pethikan wawan rembug iki!

Desi : Kados pundi langkah-langkah pandamele kripik bu?


Bu Ninik : Pisang dionceki, diumbah banjur diiris lan diumbah maneh nganti resik. Sawise
kuwi dibumboni lan dikum watara 10 nganti 20 menit, banjur digoreng nganggo
minyak panas.
Risky : Punapa kemawon raos kripik pisang prodhuk panjenengan bu?
Bu Ninik : Nganti seprene prodhuksine original, rasa asin, manis, pedhes, lan rasa bawang.

Wawancara ing dhuwur kalebu struktur teks bagian ....


A. identifikasi
B. klasifikasi
C. deskripsi
D. koda

19. Gatekna pethikan wawancara iki!

Esti : Kripik gedhang punika dados menapa, Bu?


Bu Atik : Kripik Gedhang Agung didadekake unggulan Kabupaten Lumajang.

Saka pethikan wawancara kasebut, bu Atik nggunakakake basa ….


A. krama lugu
B. ngoko alus
C. ngoko lugu
D. krama alus

20. Setitekna jinise layang iki!

1) layang kitir (telegram)


2) layang ulem (undhangan)
3) layang dhawuh (perintah)
4) layang pribadi (iber-iber)

Kang kalebu layang resmi yaiku ….


A. 1 (siji)
B. 2 (loro)
C. 3 (telu)
D. 4 (papat)

21. Setitekna jinise layang iki!

1) Peprenah
2) Tapak Asma
3) Isi/surasa
4) Adangiyah
5) Papan lan titi mangsa
6) Panutup/wasana
7) Asma Terang
8) Pambuka

Urut-urutane layang kang trep yaiku ….


A. 5, 4, 8, 3, 6, 7, 1, 2
B. 5, 8, 4, 3, 6, 1, 7, 2
C. 5, 4, 8, 3, 6, 7, 2, 1
D. 5, 4, 8, 3, 6, 1, 2, 7

22. Setitekna layang iki!

Madiun 16 Juni 2019


Katur dhumateng
Pakdhe Kartasumarma
Ing Surabaya

Atur pamuji rahayu,


Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing
Madiun tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung,
mugi-mugi Pakdhe saha sedaya kulawarga wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng,
kalis saking rubeda.
Kejawi saking punika, ….
Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula
nyuwun lubering samudra pangaksami.

Katur dhumateng
Ingkang Putra

Layang ing ndhuwur kalebu jinise layang....


A. pribadi
B. resmi
C. ulem
D. kitir

23. Setitekna layang iki!


Madiun, 16 Juni 2019 (1)

Katur dhumateng
Pakdhe Kartasumarma
Ing Surabaya (2)

Atur pamuji rahayu,


Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing
Madiun tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung,
mugi-mugi Pakdhe saha sedaya kulawarga wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng,
kalis saking rubeda. (3)
Kejawi saking punika keng wayah atur kabar bilih sapunika keng wayah kanthi
pandonganipun eyang kekalih sampun kasil minggah kelas 8 SMP wonten ing Madiun.
Sekedhap malih piwulangan semester ganjil ndungkap purna. Keng wayah nyuwun
pandonganipun eyang kekalih, mugi-mugi rapor kula samangke pikantuk biji ingkang sae.
(4)
Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula
nyuwun lubering samudra pangaksami. (5)
Nuwun.

Ingkang Putra (6)

Wijaya (7)

Perangan layang nomer (6) kang nerangake panggonan, tanggal nalika layang ditulis diarani ....
A. peprenah
B. adangiyah
C. pambuka
D. surasa basa

24. Setitekna tembang macapat iki!

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh kang dadi awon

Sawise maca tembang macapat ing dhuwur, guru lagune yaiku ….


A. u, u, li, uh, o
B. ur, ur, li, uh on
C. u, u, i, u, o
D. u, u, a, uh, on

25. Gatekna tembang macapat Gambuh iki!

Tutur bener puniku


Sayektine apantese tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

Manut tembang Gambuh ing dhuwur, cacahe guru wilangan saka gatra kaping siji yaiku ....
A. 6
B. 7
C. 8
D. 9

26. Gatekna tembang macapat iki!

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh kang dadi awon

Cacahe guru gatra manut tembang Pocung kasebut yaiku ....


A. 4
B. 5
C. 6
D. 7

27. Kutha Surabaya.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Murda yaiku …


A. ?kuq$urby.
B. ?kuq!urby.
C. ?kuq^urby.
D. ?kuq@urby.

28. Wulan April.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Swara yaiku …


A. ?wulnHp]il\,
B. ?wuln\Up]il\,
C. ?wuln\Ap]il\,
D. ?wuln\Ip]il\,

29. Tahun 2019.

“2019” yen ditulis nganggo aksara Angka yaiku …


A. ;1028;
B. ;1029;
C. ;2018;
D. ;2019;

30. Wacanen kanthi permati!

Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing
pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti
gosong. Raine rada gosong, gulune asat ngelak lan luwe. Swara kendharaan ing prapatan pasar
manukan iku gemrubug nambahi ati susah.
Paragraf ing dhuwur miturut struktur teks klebu perangane ….
A. Eksposisi
B. Komplikasi
C. Klimaks
D. Ending

31. Gatekna pethikan drama iki!

“Bareng nyumurupi ana kenya elek lan ambune ora enak. Yuyu Kangkang ora gelem
nyabrangake Kleting Kuning. Mesthi wae Kleting Kuning banjur muring. Senajan elek rupane,
banger ambune, kenya iku cerak karo Dewa. Awit saka iku, dheweke nate diganjar pusaka
dening Jawata. Senajan wujude pusaka kuwi prasaja dayane ngedab-edabi. Pusaka mau awujud
sawijining sada lanang. Mula nalika kaline disabet nganggo pusaka sada lanang, sanalika asat
banyune.

Latar panggonan/setting saka cuplikan drama kasebut yaiku ….


A. Dhukuh Dhadhapan
B. Sapinggiring alas
C. Praja Jenggala
D. Pinggire Kali

32. Gatekna pethikan drama iki!

RUDI LAN PS3

Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.
Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet)
Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.
Salim : Padha, aku iya. Amerga aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)
Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak durhaka kowe iku Lim, Lim. dikongkon mbokmu
jaga toko kok malah dolan.
Salim : (ngendha saka kethakane Hasan) Heh! San, awakmu iki kok ngethak-ngethak
wong sakenake dhewe wae? Kok kira aku iki anakmu ngono ta? (rada nesu)
Hasan : Ya ora ngono Lim, mung aku iki ora tega karo ibumu, wis randha duwe anak siji
wae kok angel menawa dikongkon rewang-rewang. (sinambi ngelus dhadha)
Apa awakmu ora mesakake mbokmu?
Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan ya pengin dolan barang.
Mosok arep neng omah terus, boring man, boring! (karo tangane melu obah-
obah, ekspresif)
Hasan : Perasaanku wiwit biyen gaweanmu mung dolan thok. (karo nglirik, nyindir
salim)

Alur saka pethikan teks wacan kasebut yaiku alur ....


A. maju
B. mundur
C. maju mundur
D. campuran

33. Gatekna pethikan drama iki!

Ing ruang tamu Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng.
Sajake padha asyik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakke nggone
lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, lan tela godhog, banjur lungguh neng kursi
njejeri Pak Narko. Sawetara wektu wong telu padha meneng.

Pak Narko : “Lara rasane atiku!” (rada mbesengut)


Bu Narko : “Mbok ya uwis ta pak ra sah dipikir jero. Mandak mung diunekne ngono wae ya
aja lara ati. Pokoke sing penting nyatane rak ora ta.”
Pak Narko : “Lha wong wis kadhung lara tenan atiku dicap kaya ngono iki. anake dhewe
pancen ya kurang ajar, ning lek wong tuwane dicandhak-candhak elek, sapa sing
ora muntab!”
Bu Narko : “Mulane bener jare unen-unen kae Pak, anak polah bapa kepradhah.”

Basa kang digunakake dening Pak Narko ing pacaturan kasebut yaiku ….
A. Krama alus
B. Ngoko alus
C. Ngoko lugu
D. Krama alus

34. Wacanen kanthi titi!

Program Adiwiyata iku mujudkae kerja bareng antarane Kemendikbud karo Kementerian
Lingkungan Hidup ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestariane
lingkungan. Program ini diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Adiwiyata
mujudakae sawijinine program kang duwe tujuan kanggo mujudake warga sekolah sing
nduweni tanggungjawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-
program kegiyatan ing sekolah.

Pethikan struktur teks observasi ing ndhuwur kalebu perangan ....


A. dhefinisi umum
B. dheskripsi bagean
C. dheskripsi manfaat
D. dheskripsi dhefinisi

35. Wacanen kanthi permati!

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan
anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-
uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh
sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-
liyane.
Sakabehi nguwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora
enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Saka wacan kasebut, plastik, wesi, kaca kalebu uwuh ....


A. organik
B. anorganik
C. campuran
D. gas

36. Wacanen kanthi titi!


Diserang kiwa tengene, Kepala BBWS Yudi Pratondo kandha yen BBWS nganggarake
dhana gedhene Rp 10 miliar kanggo normalisasi sedimentasi kali Lamong. Kamangka manut
etungane total dhana sing dibutuhake sejatine nganti Rp 900 miliar. Manut kandhane Yudi
rencanane kali Lamong bakal diambakake.

Manut wacan ing ndhuwur sing diandharake Kepala BBWS ing babagan beya yaiku ….
A. BBWS nganggarake dhana gedhene Rp 900 miliar kanggo normalisasi sedimentasi kali
Lamong
B. BBWS nganggarake dhana gedhene Rp 10 miliar kanggo normalisasi sedimentasi kali
Lamong
C. BBWS nganggarake dhana gedhene Rp 90 miliar kanggo normalisasi sedimentasi kali
Lamong
D. BBWS nganggarake dhana gedhene Rp 20 miliar kanggo normalisasi sedimentasi kali
Lamong

37. Setitekna struktur pidhato iki!

1) Panyapa
2) Salam panutup
3) Pangarep-arep
4) Dudutan
5) Salam pambuka
6) Purwaka/Pambuka
7) Isi/Surasa
8) Panutup/Wasana Basa

Urut-urutane pidhato sing bener yaiku ….


A. 5, 6, 1, 7, 8, 4, 3, 2
B. 1, 5, 6, 7, 8, 4, 3, 2
C. 5, 1, 6, 7, 4, 3, 8, 2
D. 1, 5, 6, 7, 4, 3, 8, 2

38. Wacanen pethikan pidhato iki!

Mugi-mugi sedaya siswa mangke sageda lulus kanthi … ingkang sae sarta sageda
katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken. Aamiin.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing naskah pidato kasebut yaiku ….
A. biji
B. buku
C. ijazah
D. soal

39. Wacanen pethikan pidhato iki!

Puji syukur konjuk Gusti kang Maha Welas ingkang sampun paring kanugrahanan
dhumateng kita sedaya saengga kula lan panjenengan saged rawuh ing adicara pepisahan kelas
IX menika.

Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan ….
A. salam pambuka
B. purwaka
C. pangarep-arep
D. panutup

40. Wacanen pethikan pidhato iki!

Bapak, ibu saha para rawuh ingkang kula kurmati, adicara menika ugi mbetahaken dana.
Dana ingkang sampun kaimpun kaginakaken kangge ragad sewa sound system kaliyan sewa
piranti sanes-sanesipun. Dana kalawau ugi kaginakaken kangge tumbas konsumsi
sawontenipun. Amargi winates ing kekiyatan, pramila panitia namung saged ngaturi pasugatan
ingkang prasaja kagem para rawuh.

Punggelan teks pidhato kasebut diaturake dening ketua panitia sawijining adicara sing
ngrembug babagan ....
A. laporan pertanggung jawaban panganggone dana adicara
B. urut-urutan lan rerangkene adicara
C. sejarah singkat ngenani kamardikan RI
D. pengumuman pemenang lomba-lomba

URAIAN

1. Sebutna tokoh Punakawan ing pewayangan!

Wangsulan:
- Semar
- Gareng
- Petruk
- Bagong

2. Ridho tuku gedhang.

Owahana ukara kasebut ing aksara Jawa!

Wangsulan:
?ri[dotukuged=.

3. Doni kuwi pancen rai gedheg, ora isin anggone njaluk dhuwit marang kancane.

Terangna tegese tembung entar kang kacithak kandel!"

Wangsulan:
Rai gedheg tegese ora duwe isin.

4. Bapak lunga menyang Solo sesuk sore.

Owahana ukara kasebut ing basa krama alus!


Wangsulan:
Bapak tindak dhateng Solo benjing sonten.

5. Sebutna tembang macapat sing duweni guru gatra cacahe 7 (pitu)!

Wangsulan:
- Asmarandana
- Durma
- Pangkur

You might also like