You are on page 1of 1

Ki Poleng lan Ki Remeng, abdi Dewi nyembah : "Aduh gusti sesembahan kawula", saenipun gusti wangsul

menyang Keling, Dewinipun ngulatne. "Dadi Kang Mas boten purun nrima kula ten mriki?" Ki Poleng lan
Ki Remeng nyembah meneh "Apike Gusti bali menyang Keling"

Dewinipun kaget, raine abang, dheweke isin lan nesu, Dewi mudun saking usungan lan gedrug gedrug
mlayu menyang bondo usunganne, banjur bondo mau di orak arik, keringete dewi nelesi kabeh awake
lan deweke nangis. Akhire dewi nyesel lan isin, Dewi meneng ngadep Tuhanne, serampunge donga,
kerisipun di tusuk ning dadanipun. Akhire Dewi mati.

Dewi sampun ngakhiri uripe, Ki Poleng lan Ki Remeng boten ngalangi laku Dewine wau. Sebabipun
menika cara ingkang alus dingge sang dewi, lan boten enten cara liyanipun kang saget nebus isin lan
boten mungkin bali menyang Kalingga.

Makam Dewi (Putri Keling) panggonipun ing Timur Sendang Bulus. Kurang saking 100 meter.

Gambar menika nontonake :

Makam Ratu Putri Dewi Wahdi (Ratu Jimbung) ingkang sampun ngakhiri uripe dewe. Lan tekan saiki
makamipun teseh indah.

Ki Poleng lan Ki Remeng melu bela, prajurit siap siaga, Poleng lan Remeng nggunakake kerisipun kangge
nghancurke Joko Patohan Ratu Jimbung. Joko Patohan meneng nyuwun tulung menyang Tuhanipun.
Banjur Ki Poleng lan Ki Remeng dikutuk dados Bulus, ingkang liyanipun tunduk.

You might also like