You are on page 1of 2

Nama : Sri Lestari

No : 27

Lumantar Sun Gegayuhan

Ing saben lumakune titi wanci


Durung bisa gegrambyang ing awang-awang
Gegayuhan ingsun minangka siswa
Kang wus meh tri wangsa
Mlebet papan pasinaon sinebat SMA

Sanadyan sun yuswa uga wis punjul,


Saka ing satelone emas
Nanging sun prana tan bisa weruh
Bakal mlampah menyang ngendi
Laku gesang ingsun ing jagad gumilang

Kairing mletek angsluping aditya


Lumantar sun gegayuhan
Karem kekarepaning tyas estu
Sacuil mbaka sathithik den kawula weruh
Jinejer ing antaraning kartika
Semarak grapyak sinanding ratuning dalu

Lumantar sun gegayuhan


Ngudhar irenge pepeteng kalbu
Nggugah gumregahing langkah
Agawe ngrembakaning semangat dhiri
Ing laku njajagi wukir kawruh
Tumuju papaning perkuliahan
Estu tan bisa ingsun lampahi
Nalika sun ra kuat mamah paiting pamulangan
Ra kuat napaki rekasaning ngudi ngilmu

Lumantar sun gegayuhan ugi,


Kairing ing jejeg bagusing tekad
Sun panjangkah tan bisa mulya
Tanpa restuning dwija klawan tiyang sepuh
Ugi tanpa memuji donga mring Hyang Gusti
Nggayuh Kamulyaning Gesang
Nalika jagad sing gumelar jembar
Maleh cahya dadi ndedhet
Gumlathuk tunggak melu ngrameni
Agawe pikirku tambah sumelang
Kairing ati lan lathi kang ora sarujuk

Atiku kegawa mring kahanan


Mengeti yen kawula mung siswa alit
Kang pengin nggayuh kamulyaning gesang
Lumantar kawruh kang dwija paring

Namung lumantar papan iki


Papan pasinaon kan wus dak saba
Ing sakjrone dwi wangsa luwih
Ngeterke awak kang wus kelas 12
Ngugemi gegayuhan tumujweng perkuliahan

Kairing yuswa nenambah ing saben ari


Tekading kalbu tan bisa kapadakno
Marang taun-taun kepungkur
Kalbu kang atos, tanpa ngugemi mring gegayuhan
Kalbu kang ngingeri mring kuwajiban

Lumakune titi wanci ing saben ari


Nggugah tekad lan kalbu sadar
Mring semangat ngungguhi kawruh
Mring gegayuhan, nggayuh kamulyaning gesang

You might also like