You are on page 1of 1

Jaman wus katon paceklik

Wong sinoman akeh sing ora makaryo lunguhan ngrokok ngopi mangani cekakik
Pinter sandiwara karo ngotbahi ndakik ndakik
Jamane pralambang ali ali akik
Angkarane manungsa adol umuk dadi kacekik
Akik watu,akik jare teka alam goib kang metu
Iku mau amung arane amung kemaremane wong sing tuku
Arepo akik jimat akeh isene kang diromat
Iku amung aran aran wong seneng
Nglamat
Nangging sejatine kang bener lan pener iku tanpa reka reka
Sregep makarya agawe mareme keluarga awak dewe sarta nora di ino ino para kadang mitrane
Iku kahanan kang sanyata
Dudu ampuhe akik lan jimat kemat
Sing baku iku jiwa ragane sehat
Awake kuat karana pinter ngrumat
Sartane ngibadah dzikir kang kuwat
Anyekseni dununge para sekabat kanthi iklas anglampahi jejeking sariat kang hanuju keslametan
donya tekaning akhirat
Akik amung hiasane manungsa kang apik di agem neng jenthik

You might also like