You are on page 1of 2

KUMBAKARNA GUGUR

Sasampunipun Bendungan ing seganten ingkang tumuju Nagari Alengka iku kabangun, andamel gampil
Prabu Rama anggenipun mbidhalaken wadya bala Rama ingkang badhe njebol beteng Alengka. Menapa
malih Wibisana adhinipun Rahwana ingkang boten sarujuk kalian rakanipun ingkang nggadhaho trekah
adigang, adigung, adiguna. Wibisana nilaraken Alengka manggihi saha njurungi Rama Manunggalipun
Wibisana mbiyantu Rama ndadosaken kekiyatanipun wadya bala ingkang badhe mbrastha murka ing
Nagari Alengka sansaya santoso.

Cekaking cariyos betenging Nagari Alengka sampun kinepung wakul binaya mangap dening wadya bala
Rama ingkang dipunpandhegani dening Lesamana, Sugriwa, Anoman, Anggada, Anila, saha rajaning
bruwang anama Jembayan. Mangertos negarinipun sampun kinepung agul – aguling wadya balaning
Rama, Rahwana ngempalaken para pangageng dalah para ingkang pinunjul ing perang supados
mapagaken. Rama Wijya dereng ngantos prentah bala tantranipun mrwasa mengsah, bala Alengka
sampun ngrumiyini ambyug ing yuda. Ingkang dados gegedhuging Nagari Alengka pamanipun piyembak
boten sanes Patih Prahasta , anakipun Rahawana ingkang digdaya, sekti, saged ngical, ingkang nama
Indrajit lan kathah para senapati ingkang digdaya kadosta: Dumreksa, Kampana, Wirupaksa, Pragongsa,
Brajamusti dalah Mintragna. Tempuking bala tantra Kosala kalian bala tantra Alengka dados perang
sampyuh Bala tantra kalih – kalihipun kathah ingkang sami pralaya. Para senapati gegedhuging Nagari
Alengka sami gugur ing madyaning peperangan.

Kajawi para senapatining Nagari Alengka ingkang pinunjul ing perang sami pejah dening wadya balaning
Rama Wijaya, pamanipun ingkang kinasih inggih patih Prahasta gugur ing madyaning perang kajuwing –
juwing dening Anila.

Midhanget palapuran menawi paman kinasihipun gugur ing madyaning peperangan Rahwana leleg
penggalihipun. Jalaran para senapatinipun ingkang pinunjul ing perang sami pralaya ing palagan
peperangan. Rahwana ndhawuhi para bupati nimbali Kumbakarna supados sowan marak ing paseban.
Amargi Kumbakarna satunggal – tunggaling ingkang saged dipunadelaken. Jalaran Kumbakarna Satriya
Pangleburgangsa digdaya sekti mandraguna nggadhahi aji Patakgelapsaketi ingkang dipunajrihi mengsah
– mengsahipun.

Nalika semanten Kumbakaran saweg nepakaken aji Cirakalasupta. Ajian ingkang kangge tilem nglepus
ngantos pinten – pinten wulan. Kangge nggigah dipunbetahaken swaranipun tetabuhan ingkang
dipuntabuh sesarengan, gegaman landhep dipunsuduk –sudukaken wonten badanipun nanging meksa
boten wungu. Ngantos ndugegaken atusan kreta kangge narik badanipun ingkang agengipun sagunung
ugi boten kasil. Kaleresan wonten buta wasis ingkang nggadhahi kawruh kabatosan. Piyambakipun kasil
nggigah Kumbakarna.

Sasampunipun wungu sanalika Kumbakarna ngendika, “kenapa aku ditangekake?” para mentri
utusanipun Rahwana matur sesarengan, “paduka dipuntimbali sowan prabu Rahwana sapunika ugi.
Kutha Alengka sampun kinepungan musuh, tantra Alengka dipunobrak – abrik prajurit kethek. Kathah
senapati dalasan para bupati Alengka ingkang pralaya ing palagan peperangan, antawisipun Prajongga,
Mintragana, Wirupaksa, Bajramusti, Jambumangli, Putadaksi, Dumreksa, ugi paman Paduka Patih
Prahasta.

Midhanget aturipun utusan Prabu Rahwana, Kumbakarna murina nagarinpun kedhatengan mengsah,
menapa malih rakyat kaliyan tantra dados korban ingkang boten sekedhik. Nagari, bangsa, tuwin nusa
kedah dipunbela. Pungksanipun Kumbakarna kersa sowan ing paseban, ing ngarsa Prabu Rahwana.

Ing pasowanan Rahwana ngarih – arih Kumbakarna supados purun majeng dados senaptining perang
merjaya Rama, Lesmana, Sugriwa, Anoman lang Anggada. Kumbakrna puguh boten purun mblelaning
Rahwana, malahan nglepataken Rahwana. Aturipun, “Kakang Prabu punika sadaya amargi kalepatan
kakang piyambak. Kathah ingkang sampun atur pamrayogi dhumateng panjenengan nanging
panjenengan boten kersa midhangetaken. Adhi kita Wibisana ingkang sampun ngemutaken bilih perang
temtu damel kurban, dhatengaken bencana, murugaken para kawula nandhang pap critaka. Perang
punika ngrisak katentreman dalah karaharjaning sesame. Nanging malah panjenengan tundhung kapurih
minggat saking Ngalengka. Aturipun Wibisana rumiyin amargi tresna dhateng panjenengan, ugi tresna
dhteng rah wutah kelahiranipun.”

Miring pratelanipun adhinipun Rahwana nesu, nguman – nguman adhinipun. Kathah tetembungan
ingkang saru, tetembungan sabangsane kewan sedaya medal saking lambenipun. Wusananipun taksih
kathah kalih nguman – nguman, Rahwana, ngucap, “kowe pancen kebangeten Kumbakarna. Aku
prentah kowe ora amarga aku wedi ngadhepi musuh. Yen saiki aku maju dhewe ing palagan peperangan
ora ana sing bisa uwal saka tanganku kabeh mesthi modar. Nanging, apa gunane wong kaya kowe kuwi
wis dimulyakake dening Alengka nanging ora peduli nalika negarane diserang musuh.”

Ucapan ingkang pungkasan punika ingkang dadosaken Kumbakarna siyaga sadedameling yuda, medal
ngamuk nrajag mengsah. Ing batos Kumbakarna majeng perang boten mbelani kakangipun ingkang
dursila angkara murka, nyahak hakipun tiyang sanes, nanging mbelani negaraninipun inggih Alengka
ingkang sampun mulyakaken. Ing palagan peperangan Kumbakarna gugur minangka pahlwaning negari.

You might also like