Guritan mujudake jinis sastra imajinatif kang nengenake unsur fiksionalitas, nile seni lan rekadayane basa. Basa kang digunakake ringkes, padhet nanging mentes kanggo medharake apa kang dadi gagasane pangripta. Guritan uga mujudake ekspresi saka pikirane pangripta kang bisa nuwuhake kaendahan. Bab kasebut cundhuk karo andharane Pradopo (1997:7), yen guritan mujudake ekspresi pikiran kang bisa nuwuhake rasa pangrasa lan gegambaran pancadriya ing sawijine rerakitane basa kang tumata lan nduweni wirama. Basa sajrone guritan, ora mung nganggo basa lumrah nanging, uga nganggo basa endah kang ngandhut lelewane basa lan pamilihe tembung mujudake unsur kang aweh nilai estetis. Semono uga basa kang digawe sajrone antologi guritan “Ngeluk Duwung Nggelung Gunung” anggitane Rohmat Djoko Prakosa. Dheweke mujudake sawijine pengarang sastra Jawa modern. Ing jagade kasusastran Jawa, dheweke dudu wong anyar. Wiwit taun 1992 nganti saiki dadi dosen jurusan tari ing Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta Surabaya. Puluhan koreografi wis akeh dipentasake ing Surabaya lan kutha sakkiwa tengene upamane Res, Lak, Luk, Onani dalam lumpur, Jendela, Rah rob, Pancer, Ulat, Sewiji, Kun lan liya-liyane. Uga sawetara garapan musikalisasi puisi lan guritan, kayata Sada Lanang, Wurari, Gelang Slaka, Abange Brambang, Bang-Bang Tumis Kangkung. Juru gurit kang uga koreografer iki nalika taun 2009-2013 dadi wakil ketua Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS). Aktif nulis cerkak, guritan lan reportase ing Jaya Baya, Panyebar Semangat, Bende lan Kidung. Antologi guritan sing wis dicetak yaiku Abang Wora-Wari, Layang Saka Kekasih.
1 2
Guritan-guritan kang cacahe ana 187 diimpun dadi
sawijine antologi kanthi irah-irahan Ngeluk Duwung Nggelung Gunung (sabanjure dicekak NDNG) kang diterbitake dening Satu Kata Publishing Sidoarjo taun 2014 lan karakit saka 194 kaca. Tembung ‘ngeluk’ iku dhewe nduweni teges ‘mbengkokake’ lan tembung ‘duwung’ nduweni teges ‘keris’, dadi ngeluk duwung iku bisa dimangerteni yen ateges landhep nanging ora ditatoni, oleh minter nanging aja minteri, nduwe kewanenan nanging aja nglawan. Banjur, nggelung gunung iku ateges gagasan kang gedhe banget, diringkes utawa tumata supaya katon endah. Dadi, bisa didudut yen ngeluk duwung nggelung gunung iku ateges lumantar reriptan sastra, pangripta bisa nglakokake kritik kanthi nggunakake basa kang endah. Guritan ing antologi NDNG, dipilih dadi aose rembug panliten amarga sajrone guritan iki karakit saka tembung-tembung lan ukara-ukara kang kadhang-kadhang dudu ukara-ukara kang diprangguli sedina-dina. Sumber asale pamilihe tembung kang ana sajrone antologi iki kajaba nggunakake tembung padinan, uga ana tembung kawi, dialek utawa basa padesan. Kaping pindho, estetika basa kang digunakake Rohmat Djoko Prakosa sajrone guritan iki nggunakake basa kang dhuwur, lan maneka werna pamilihe tembung sarta lelewane basa saengga mujudake kaendahan. Bab kaya mangkono mau kang narik kawigatene panliti nglaksanakake panliten kanthi objek antologi guritan NDNG kang akeh ditemokake bab pamilihe tembung lan lelewane basa sing dadi underane panliten. Bab kang baku sajrone panliten iki bakal ngandharake pamilihe tembung sajrone guritan ing antologi NDNG anggitane Rohmat Djoko Prakosa. Topik iki dipilih dadi underane panliten, amarga guritan ing antologi NDNG kasusun saka maneka sumber asale tembung sing dipilih. Kajaba iku, bab kang manjila saka guritan ing antologi iki yaiku panganggone maneka jinis-jinise tembung kang nuwuhake kaendahan tumrap pamaca. Mula, 3
panliti nduweni kawigeten kanggo nindakake panliten pamilihe
tembung sajrone guritan ing antologi NDNG iki. Panliten kanthi aose rembug guritan ing antologi NDNG kawedhar nggunakake tintingan stilistika. Tintingan stilistika dipilih kanggo ngewedharake bab sing baku sajrone panliten iki, amarga stilistika mujudake kawruh ngenani cara migunakake basa sajrone karya sastra. Stilistika mujudake kawruh umum ngenani style utawa gaya kang mligi kanggo mbabarake gagasan kanthi cara tartamtu. Stilistika bisa dadi instrumen kanggo mangerteni reriptan sastra kanthi luwih apik. Ancas saka tintingan stilistika yaiku ngandharake samubarang kang umum ana sajrone donyane kasusastran, kanggo njlentrehake sesambungan ing antarane basa karo fungsi artistik lan maknane (Nurgiyantoro, 2005:279). Panliten saemper kang ngandharake pamilihe tembung sajrone guritan kanthi tintingan stilistika iki wis akeh, kayata Yahya Fachrudin kanthi irah-irahan “Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa ing Antologi Geguritan Kidung Saka Bandungan Anggitane Rini Tri Puspohardini” ing taun 2010, Awung Ino Fulandi kanthi irah-irahan “Lelewaning Basa Sajroning Antologi Geguritan Salam Sapan Saka Gunung Gamping Anggitane Naryata: Tintingan Stilistika” ing taun 2013, lsp. Nanging, panliten pamilihe tembung sajrone guritan ing antologi NDNG iki durung tau ana sing nliti utawa didadekake aose rembug. Adhedhasar andharan-andharan kang kaya mangkono, guritan ing antologi anggitane Rohmat Djoko Prakosa ditintingi kanthi irah-irahan “Pamilihe Tembung Sajrone Guritan Ing Antologi Ngeluk Duwung Nggelung Gunung Anggitane Rohmat Djoko Prakosa”.
1.2 Wewatesane Panliten
Panliten iki perlu diwatesi kanggo mligikake topik sing dirembung supaya ora uwal utawa ora mblarah. Anane watesan panliten iki diajab, anggone nliti ing tembe mburine ora bakal ana bab kang nggrambyang lan bisa dititiki kanthi cetha. Wewatesane 4
panliten iki yaiku antologi guritan NDNG anggitane Rohmat
Djoko Prakosa kang diterbitake dening Satu Kata Publishing Sidoarjo taun 2014, karakit saka 194 kaca lan isine ana 187 guritan.
1.3 Underane Panliten
Adhedhasar topik sing wing diandharake, mula prakara kang bakal ditliti sajrone panliten iki yaiku: (1) Apa wae carane juru gurit milih tembung sajrone guritan ing antologi “Ngeluk Duwung Nggelung Gunung” anggitane Rohmat Djoko Prakosa? (2) Apa wae tembung sing dipilih sajrone guritan ing antologi “Ngeluk Duwung Nggelung Gunung” anggitane Rohmat Djoko Prakosa? (3) Apa wae dayane tembung sing dipilih sajrone guritan ing antologi “Ngeluk Duwung Nggelung Gunung” anggitane Rohmat Djoko Prakosa?
1.4 Tujuwane Panliten
Panliti nduweni tujuwan sajrone panliten iki yaiku ngandharake apa wae carane juru gurit milih tembung, tembung sing dipilih, lan dayane tembung sing dipilih sajrone guritan ing antologi NDNG anggitane Rohmat Djoko Prakosa.
1.5 Paedahe Panliten
Paedah panliten yaiku paedah kang dikarepake bisa menehi gegambaran padhang utawa kawruh marang pamaca sawise maca panliten iki. Saben panliten kudune bisa menehi paedah utawa bab sing anyar tumrap pamaca. Mula, panliten iki nduweni pangajab kaya mangkene. (1) Panliten iki diajab bisa mundhakake seserepan tumrap pangrembakane karya sastra Jawa modern, mligine guritan kang nggunakake tintingan stilistika. 5
(2) Panliten iki diajab bisa kanggo tambahan kawruh ngenani
pamilihe tembung sajrone guritan ing antologi “Ngeluk Duwung Nggelung Gunung” anggitane Rohmat Djoko Prakosa.
1.6 Wewatesane Tembung
Tetembungan ing ngisor iki dadi kunci lan bakal akeh dirembug sajrone panliten. Ing kene diandharake supaya mengkone pamaca bisa luwih gampang anggone mangerteni. Pamilihe Tembung : Tembung-tembung sing dipilih lan disusun saengga tegese bisa nuwuhake imajinasi estetik (Barfield sajrone Pradopo, 2005:54). Guritan : Ekspresi pikiran kang bisa nuwuhake rasa pangrasa lan gegambaran pancadriya ing sawijine rerakitane basa kang tumata lan nduweni wirama (Pradopo, 1997:7).