You are on page 1of 4

BAHAN AJAR

WULANGAN 1

Kompetensi Dasar

3.2 Menelaah teks cerita cekak

A. Kawaosa kanthi permati!


CERKAK

1. Pangertosan Cerkak
Tembung cerkak karakit saking tembung cerita cekak utawi ceriyos cekak. Cerkak menika
satunggaling wujud gancaran ingkang sinerat namung cekak, tetembunganipun winates lan
namung ngemot satunggal perkawis. Cariyos menika adhedhasar saking urutan sawijining
kadadosan utawi prastawa. Ing salebetipun kedadosan menika wonten paraga-paraga ingkang
lumebet ing sawijining konflik (cecongkrahan).
Cerita cekak dumados saking urutan kedadosan utawi prastawa ingkang nyata utawi
cariyos ingkang fiktif. Ingkang bentenaken kaliyan cariyos sanesipun, cerkak
dipuncariyosaken sepisan rampung, lan sampun nedahaken pungkasaning cariyos. Pramila ing
padatan cerkak naming sinerat kanthi cekak lan prasaja. Suraosipun cariyos ugi naming
prasaja kemawon. Mboten mbetahaken cara kangge mungkasi ingkang njlimet.

2. Unsur Intrinsik Cerkak


1. Tema
Tema menika minangka lajering cariyos utawi gagasan pokok wonten ing cerkak.
2. Plot utawi Alur
Alur menika minangka urutanipun kekadosan wonten ing cerkak, sinawang saking
wiwitan/ orientasi dumugi pungkasan.
3. Tokoh utawi Paraga
Tokoh minangka paraga/ pelaku ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
4. Penokohan
Penokohan menika watakipun paraga ing salebetipun cerkak supados cariyosipun ketingal
gesang.
5. Latar utawi Setting
Latar minangka gambaran ingkang ngandharaken bab kawontenan (swasana). Latar ugi
nggambaraken papan panggenan lan wekdal.

Vita Listiani
6. Sudut Pandang
Sudut pandang inggih menika caranipun panyerat cerkak mapanaken paraga utama (tokoh
utama) miturut pamanggihipun.
7. Piwulang (amanat)
Piwulang menika pesan moral/ amanat ingkang saged dipunpethik saking cerkak. Supados
saged nemokaken piwulang, pamaos kedah rampung anggenipun maos cerkak.

3. Alur Cerkak
1. Tahap Perkenalan/ Orientasi
Orientasi menika peranganipun cerkak ingkang isinipun njlentrehaken babagan paraga lan
setting carita
2. Tahap Komplikasi
Peranganipun cerkak nalika wiwit wonten masalah/ perkawis. Perkawis ingkang
saderengipun biasa kemawon, sansaya tintrim.
3. Tahap Klimaks
Peranganipun cerkak ingkang nedahaken bilih perkawis ingkang sampun wonten menika
langkung ruwet lan dumugi pucukipun.
4. Tahap Anti Klimaks
Peranganipun cerkak ingkang nggambaraken kawontenan nalika sampun
dipunpanggihaken cara kangge ngrampungaken perkawis. Perkawis ingkang ruwet sanget
sansaya lerem.
5. Tahap Pungkasan
Peranganipun cerkak minangka pungkasanipun cariyos. Perkawis ingkang wonten ing
cariyos sampun saged dipunrampungaken. Ing perangan menika ugi saged dipunwuwuhi
piwulang luhur kangge para pamaos.

Klimaks

Komplikasi Anti klimaks

Orientasi Pungkasan

Gb. 1. Ilustrasi tahap alur/ plot ing cerkak

Vita Listiani
4. Tuladha crita cekak
Cobi dipunwaos cariyos cekak ing ngandhap menika kanthi permati!

Testing Basa Jawa

Dina Setu, murid-murid SMA ing pinggiran Kutha pancen isih ana pelajaran. Bubar
latiyan soal, Bu Guru ora lali ngandhani murid-murid supaya wayah testing sesuk padha
semangat sinau lan bisa antuk biji sing apik kabeh.
Nalika Bu Guru ngandhani rena-rena, Lilik ya krungu dhewe. Nanging dhasare Lilik
kuwi bocahe rada bandhel, dadine apa sing dingendikakake Bu Guru bebasan mlebu
kuping kiwa metu kuping tengen.
Dina Minggu, kabeh kancane Lilik padha sinau ing omah. Amung Lilik wae sing beda,
wegah sinau, malah milih dolanan playstation (PS) ing rental PS ing prapatan. Nalika
njupuk sepeda montor sing diparkir ing ngarep rental PS, Lilik diruhi dening Asih, kanca
sekolahe. Wektu kuwi Asih lagi mulih saka blanja bumbon ing warung prapatan.
“Hlo kok malah dolanan PS Lik. Ora sinau ta? Sesuk lak testing ta?” pitakone Asih.
“Hla kowe dhewe ya ora sinau ngono kok, ndadak ngakon-akon sinau kancane,”
wangsulane Lilik rada nylekit ing kuping.
“Aku wis sinau Lik. Iki aku lagi diutus ibuku tumbas lombok karo brambang nggone
Yu Katmi,” ujare Asih kanthi sabar.
“Hla terus sing mbok sinau apa?”
“Sesuk lak testinge Basa Jawa. Ya buku pelajaran basa Jawane awake dhewe kuwi dak
bukak lan dak waca sakabehe. Wong ngendikane Bu Guru, bahan testinge ya akeh sing
dijupukke saka buku kuwi”.
“Hmmm….ya wis. Neknu dak mulih sik. Aku arep sinau”.
“Nha..ngono kuwi bocah pinter. Sesuk testing, ora kanggo dolanan, nanging kanggo
sinau”.
‘Iya..iya”.
Lilik banjur nuju kamare. Lilik coba mbukak buku Basa Jawane sing isih katon rapi
jalaran ora tau dibukak. Lilik dumadakan kelingan omongane Asih mau. Soal testing Basa
Jawa akeh sing dijupukke saka buku kuwi. Gage-gage Lilik mbukak buku basa Jawa.
Nanging lagi antuk sakaca, Lilik wis krasa bosen.
“Aaahh…..Ya wis lah”. Lilik nggresula marang kahanane.
“O iya. Ngene wae, mesthi gampang,” batinne Lilik sinambi lunga mak klepat nuju
ngarepan.

Vita Listiani
Ing papan kuwi, buku Basa Jawa mau banjur diobong. Sawuse dadi awu, banjur
dijumputi lan diwadhahi tatakan. Lilik banjur njupuk kendhi sing padatan kanggo
wadhah wedang putih. Awu buku Basa Jawa mau banjur dicemplungke sithik mbaka
sithik ing njero kendhi. Bubar kuwi, kendhine dicurke ing gelas cilik.
“Srupuuuttttttttt”. Lilik katon seger ngombe banyu putih saka kendhi, sanajan
dheweke ya semune ora kolu nalika lambene katutan awu buku.
***
“Blaik. Iki soal apa ta ya? Kok aku ora mudheng blas. Adhuhhhh!!!” Lilik kukur-kukur
sirahe sing sakjane ora gatel.
Sasuwene mikir garapan, dumadakan keprungu swara bel banter banget pratandha
wektu kanggo nggarap soal testing wis entek. Siji mbaka siji maju nggawa garapane,
ditumpuk ing mejane Bu Guru.
Keri dhewe Lilik. Kuwi wae ora ana separo soale sing wis kisen garapan. Lilik pasrah
marang nasibe. Dheweke getun banget lan dadi sadhar. Apa sing dilakoni wingi kleru.
Ngobong buku pelajaran, banjur awune diwurke banyu, banjur diombe. Genah ora bakal
nyanthol ing pikiran. Genahe ya ora bakal ndadekake pinter kanthi sakkal.

Vita Listiani

You might also like