You are on page 1of 1

Assalaamu’alaikum Wr.

Wb

Ingkang kawulo hormati Bopo Demang Desa Carangrejo Bpk Drs. Kamsun
Ingkang kawulo hormati perangkat Desa Carangrejo
Ingkang kawulo hormati bapak soho ibu warga desa carangrejo
Ugi rencang-rencang KKN UM ingkang kulo tresnani

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji


syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten
kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget kempal manunggal wonten ing
dalemipun Bpk Priyadi Solihin wonten hadicoro tasyakuran penutupan KKN UM 2019 ,
kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugio tansah kunjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW,
engkang sampun mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang
kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil
Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro
wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko


Adicoro kaping kalih inggih meniko : Sambutan-Sambutan
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Acara Inti
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Palereman
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

1. Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko
kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.
2. Adicoro kaping kaleh enggeh puniko sambutan-sambutan:
 Sambutan ingkang kaping setunggal inggih meniko saking ketua KKN desa
Carangrejo. Dumateng panjenenganipun Emzen Fadly Abna kasumanggaaken
 Sambutan ingkang kaping kalih inggih meniko saking Bopo Demang Desa
Carangrejo. Dumateng panjenenganipun Bpk Drs. Kamsun wedal soho
panggenan kasumanggaaken.
3. Adicoro kaping tigo enggeh puniko acara Inti dipun lajengaken do’a lan potong
tumpeng, dumateng panjenenganipun Bpk Robani, wedal soho panggenan kulo
sumanggaaken.
4. Adicoro kapimg sekawan inggih puniko palereman kaliyan penayangan video profil desa
carangrejo.
5. Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing
dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh
panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like