You are on page 1of 2

TEKS DESKRIPSI

Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane
ngambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yakuwe karangan utawa tulisan sing nduweni
ancas (tujuan) ngambarana sawijining barang / objek kanthi jelas marang pamaca. Miturut kamus
besar Bahasa Indonesia ( 2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yakuwe andharan utawa
nggambarna kanthi tembung – tembung kang jelas lan tarwaca.
Deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining
barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya- kaya
pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa
diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca
nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.

Ciri – ciri paragraf deskripsi:


1. Menehi gegambaran sawijining barang panggonan lan swasana
2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra
3. Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan
ngrasakna apa sing dedeskripsikna dening panulis
4. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kang dideskripsikna, bisa awujud warna, ukuran
sipat lan liya- liyane.
Candhi Barabudhur

Candhi Barabudhur mujudake candhi Buddha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratungga
sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki
minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing
sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.

Candhi Barabudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bundher,
kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca
Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing padha dipapanake
ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.

Tekan saiki, Candhi Barabudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Buddha padha ngrayakake
Wesak ing candhi iki saben tahun. Candi Barabudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata
kang gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.

You might also like