You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki
monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt.
ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten
meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih
saking wulan Mei tahun ;…….

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun
dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi
sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi
saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo
maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados
dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem
hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :

“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-
saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek
ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken
malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan
umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang
wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan
mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal
Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

You might also like