You are on page 1of 1

Perpisahan Murid (wakil kelas VI)

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bakteni.


Bapak Ibu Guru ingkang dhahat kinurmatan.
Adhik – adhik kelas tiga ngantos kelas gangsal ingkang kulo tresnani.
Sepisan, sumangga sesarengan ngunjukaken puja pudyastuti katur dumateng
ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat sarta hudayah
dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaring rahayu wilujeng nir
ing sambikala. Kaping kalihipun kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa umpami
dhumateng para bapak sarta ibu guru ingkang sampun kersa rawuh, sarta adhik – adhik kelas
tiga ngantos kelas gangsal ingkang nderek mangayubaya ing adicara perpisahan siswa – siswi
kelas enem siyang punika.
Bapak Ibu Guru ingkang dhahat kinurmatan serta adhik – adhik ingkang kula tresnani,
sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SD punika. Kula minangka
wakil siswa – siswi kelas enem badhe nyuwun pamit dhateng para Bapak Ibu Guru, sarta
adhik – adhik. Mugi – mugi anggen kula sakanca glajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan
lajengipun saged lancar. Kula sakanca nyuwun doa restu mugi – mugi cita – cita kula sakanca
saged kasil ing tembe burinipun. Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca ninggalake
pawiyatan punika, nanging kadospun malih, wonten pepanggihan tamtu wonten pepisahan.
Minagka pungkasing atur, kula sakanca nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami
bebilih salaminipun kula sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan punika wonten kalepatan –
kalepatan dhumateng para Bapak Ibu sarta adhik – adhik sekaliyan. Pesen kula dhumateng
adhik – adhik, inggih punika kedah mbangun turut dhateng sedaya pituturipun tiyang sepah
sarta Bapak Ibu Guru, boten pareng nakal, sinau ingkang sregep, saengga dados lare ingkang
sae lan migunani tumrap kaluwarga, masyarakat, bangsa lan negara.
Wasana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkinging atur, nyuwun
agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr. Wb.


Nuwun

You might also like