You are on page 1of 2

Assalamu'alaikum Wr.

Wb

Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan /
Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung
kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal
wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan
aducara, inggih menika :

1. Atur pambuka

2. Atur pangandikan saking ketua panita.

3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI

4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII

5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates

6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos
waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula
sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula
sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng
wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1
Wates. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika
kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama
dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader
kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum Wr. Wb

You might also like