You are on page 1of 3

“AJINING DIRI GUMANTUNG ING LATHI”

Dening : Nugraha Kresna Mukti

Ing mangsa liburan semester taun kepungkur aku lan keluargaku dolan ing daleme
simbah .Daleme simbah manggon ing kabupaten Malang.Sadurunge budal menyang daleme
simbah,ibu ngendikan
“Dik,mengko nginep limang dina ya nggone simbah.”
“Kok dangu timen to bu ?”.Pitakonku marang ibu.
Jebule aku dijak nginep limang dina kuwi sing rong dina arep dijak mlaku mlaku
ngubengi Malang.Tirose ibu pas ing malang mubeng mubeng kayata ing
selecta,songgoriti,BNS,lan sakpanunggale.
“Ayo ndang tata tata,wis jam setengah sepuluh !” Ngendikane ibu.
Banjur aku langsung nata klambiku sing iseh morat marit ana kamar.
“Sampun bu.” Aturku marang ibu.
Barang barang wis tumata kabeh ing njero mobil,aku lan ibu banjur budal ing Malang
menyang daleme simbah.Tekan malang watara jam telu sore.
“Alhamdullilah putuku wis teka daleme simbahe.” Ngendikane simbah sing wis ngenteni
tekaku ing ngarep lawang.
“Assalamualaikum mbah,pripun kabaripun ? sae sae nggih ?”
“Waalaikum salam,Alhamdulillah le,kowe yo apik apik wae ta ?”
“Alhamdulillah mbah,kula semanten ugi,lha mas Pandu pundi lo mbah ?” pitakonku
marang simbah.
Urung sempat diwangsuli simbah,ujug ujug mas pandu mecungul saka mburi daleme
simbah.
“Halo bro ! koen wis teka kene.” Ngendikane mas Pandu,aku gur mrenges wae.
“ayo ndang mlebu !” Ngendikane simbah.

Dina ketelu aku ana daleme simbah ,Aku dijak mubeng mubeng ibu,ibu milih tujuan
mlaku mlakune ana ing selecta,merga ing kana akeh wahana wisata sing menurute ibu
apik.Saktekane ing selecta aku numpak wahana roller coaster.Sakbanjure numpak roller coaster
aku mlaku mlaku ngubengi selecta.Ing dalan aku ketemu wong sing pacakane modis,parfume
nyengak irung,nganggo jas lagi nawa dagangane mbah mbah,dak kira wong kuwi mau nawa
dagangane simbah sak esise lambene,dagangan rega sepuluh ewu kok dinyang rong ewu,wis
ngenyang gawur omongane nyengak pisan.
“Kae lo dik,wong kuwi ora becik ditiru,masio tata busanane apik ,nanging tata kramane
sing ala.” Ngendikane ibu karo nggeret aku ngaleh.
“Inggih bu,kula mboten bakal dados tiyang kados menika.”
“Iya dik,apik awake ,ala tekune.” Wangsulane ibu.
Watara setengah jam mlaku mlaku ,aku nemoni wong sing nganggo klambi kumuh
,celanane suwek suwek,gawanane bago.Nanging wong kuwi mau ngajeni banget marang
liyan.Ora let suwi wong kui mau marani aku karo ibu,dak kirane arep nyapo ,jebule arep njupuki
botol plastik sing wis ora kanggo.
“Nuwun sewu bu,kula badhe mundhuti botol ingkang sampun mboten diagem.” Omong
wong kuwi mau marang ibuku.
“O ,nggih pak monggo.” Wangsulane ibuku,ibu oar meneng ngono wae,banjur ibuku
takon takon marang wong kuwi mau.
“Nuwun sewu pak,panjenengan kok sopan sanget dhateng tiyan lintune ? “
“Inggih bu,dados tiyang menika kedah makaten,amargi tiyang jawi niku gadhah
paribasan “Ajining Diri Gumantung Ing Lathi”. Saurane wong kuwi mau.
Sakwise kesel aku muleh karo ibu,ana mobil ibu ngendikan
“Dik,wong sing pertama mau ora becik ditiru,nanging wong sing kapindo mau becik
ditiru tata kramane,yen kowe njaluk diajeni,kowe yo kudu ngajeni wong,bener apa jarene wong
kae mau,”Ajining Diri Gumantung Ing Lathi”.
“Inggih bu.” Sauranku.

You might also like