You are on page 1of 6

--- 123 ---

gunggung pangawat kanan, prajurite wahana kuda rongatus , angidul ngilèn lampahnya , dene
kang pangawat kering ,,

21. Tumênggung Ranadiningrat , lan Tumênggung Pusparana anunggil , ngidul ngetan


lampahipun , kalih atus turôngga , pêpilihan Ranadiningrat wongipun , prasamya wahana kuda ,
tan wontên dharat satunggil ,,

22. saksana sarêng katingal , Adipati Pugêr manggèn nèng wuri , pandulune ngulon ngidul ,
miwah pangawat wetan , Adipati Pugêr angabani nêmpuh , dadya prajurit pangawat , kang
samya campuh rumiyin ,,

23. bêdhil-binêdhil aramya , Pusparana Ranadiningrat sami , ana ing ngarsa gènipun , ngangsêg
nêsêg abayak , datan ana nglancangi banderanipun , binendrongan ing sanjata , tan kandhêg
pangangsêgnèki ,,

24. kuda rongatus sarêngan , Adipati Pugêr ngabani baris , kinèn angangsêga purun , sigra
turangganira , pra prajurit anjojog nyongklang anêmpuh , akukuk surak gumêrah , datan
kandhêg dèn bêdhili ,,

25. Tumênggung Rajamênggala , pan kapêlak tan bakit anadhahi , dhadhal kang wadya
malêdug , lumayu salang-tunjang , pan kesisan tan olih ngadu wongipun , Tumênggung
Rajamênggala ,

--- 124 ---

sampun lumayu dèn ungsir ,,


26. Dyan Tumênggung Pusparana , sawadyane ingkang prasamya ngungsir , Ranadiningrat kang
wangsul , mingêr ngilèn barisnya , Dyan Tumênggung Jayadirja dangu campuh , arame ulêng-
ulêngan , pangawatira wong Pêngging ,,

27. wong Pêngging karoban lawan , bêdhil luput lamun binêdhil kêni , nanging dèrèng nêdya
mundur , kinawêt saking wetan , wus aliwung wong Pêngging pangamukipun , akathah ingkang
pêpêjah , nêmlikur para patinggi ,,

28. wus dhadhal dharate samya , kawan wêlas wong dharat ingkang mati , Dyan Jayadirja
Tumênggung , bikut pangamukira , para mantri ngawaki prasamya ngamuk , kiwa têngên
sampun sêmpal , pangawat kiwa kèh mati ,,

29. santanane Jakartika , amicara kadi pundi puniki , sampun sêmpal kalihipun , inggih
pangawat dika , ingkang têngên ngrumiyini pêdhotipun , tan wontên pêjah satunggal ,
pangawat kiwa kèh mati ,,

30. kadi langkung tigang dasa , tiyang Pêngging ing aprang kang ngêmasi , napa dika tan lumayu ,
kidul lèpèn kewala , Jakartika nora sumaur marêngut , dadya kèndêl kang angucap , pangarsa
binêrêg nisih ,,

31. Dyan Rôngga Wirasêtika , mangsah sarêng lawan Suryanagari , Jakartika ênggènipun ,
lêlêbak iring arga , ingkang taksih

--- 125 ---

dharat wontên kalih atus , Dyan Rôngga awas tumingal , yèn Jakartika Ngabèi ,,
32. mêdhun jog saking turôngga , lumaksana dharat tan mawi klambi , Dyan Rôngga
rasukanipun , sinuwèk gya binuwang , wusnya cêlak Suryanagara anguwuh , hèh Jakartika
têluka , eman mênawa ngêmasi ,,

33. Jayakartika samana , bêbêdipun inggih sêmbagi wilis , cindhe kêmbang sabukipun , udhêng
jingga rinenda , sadangune dipun ampil dhuwungipun , ing mangke wiwit dhuwungan ,
mungsuhe samya nyêlaki ,,

34. nanging dèrèng nyêpêng tumbak , datan môntra-môntra wong magut jurit , lir lêledhang
têgar iku , nguwuh-uwuh Dyan Rôngga , Jakartika aja ta pugal sirèku , yèn sira gêlêm nungkula ,
sayêktine nêmu bêcik ,,

35. Jakartika angling sugal , hèh dubilah pêpathak Sukawati , akon anungkul maringsun , wong
mangan bras tadhahan , bêras kasap kongsia gigis untumu , Si Jayakartika mangan , bêras
wangèn sabên ari ,,

36. ambungên tanganmu padha , mambu apa hèh gênjik Sukawati , apa jampêng gêgobogmu ,
yèn wetan Mrapi ana , bocah nganjir lêlima plananganipun , môngsa ta dhêrakalana , têluk
munyuk Sukawati ,,

37. wau Tumênggung Jadirja , miwah Ranadiningrat [Ra...]

--- 126 ---

[...nadiningrat] sarêng prapti , saking bêbujung mangidul , wurine Jakartika , kang tinêmpuh
wong dharate akèh lampus , tumpêsan kang sami gagal , lumayu mangidul sami ,,
38. ana kang lumayu nunggal , marang gène Jayakartika jurit , wus parêng ing ajalipun , sigra
Ranadiningrat , ngêtab kuda Jayakartika pinistul , luput antuk santananya , kêna sirahe
ngêmasi ,,

39. gya Tumênggung Jayadirja , marêpêki wontên kilènirèki , Jayakartika pinistul , kêna
pilinganira , nora pasah nanging kobêng mengo bingung , emut gya nyandhak talêmpak ,
ngamuk sawadyanirèki ,,

40. wontên dharat pitung dasa , wus kinêpung tan wontên angênèni , numbak inguncatan
gupuh , lamun tinumbak kêna , Jakartika pinistulan ngalor ngidul , talêmpakira tan angsal ,
kinêmbulan pra Bupati ,,

41. Suryanagara mêmanah , pra bupati kang sami amistuli , para mantri datan antuk , pra bupati
kewala , wong cilike wus kinêpung kinarubut , tan ana bisa alihan , kadya numbaki cêcindhil ,,

42. Jayakartika wus rêbah , gya pinocok utamangganirèki , sampun karsaning Hyang Agung ,
têka tan antuk bela , wong kang dharat pêjah sawidak têtêlu , anunggil [anunggi...]

--- 127 ---

[...l] sabin sakothak , dene ta kang kudu urip ,,

43. anyêkêl kudaning mêngsah , buwang kêris têluk sarwi anangis , wadya lit samya bêbujung ,
ngidul ngambil bandhangan , anèng Ngasêm dènnya pacak barisipun , Tumênggung
Ranadiningrat , Dipati Pugêr anuding ,,

44. angaturakên mastaka , Ki Ngabèi Mad Salèh lawan malih , Ki Ngabèi Jayèngranu , sirahe
winadhahan , anèng ancak wong kêkalih kang amikul , Dipati Pugêr akalnya , dene sirahing
prajurit ,,
45. cinara ancak saradan , jinajaran tumbak sanjata ngarsi , kang dulu akèh kapiluh , wau Pugêr
Dipatya , pêparentah anêlukakên wong dhusun , pan lagya jinajayèng prang , yudane wong
Sukawati ,,

46. cinatur ingkang kaplajar , Dyan Tumênggung Rajamênggala prapti , ing nagara wanci surup ,
panggih lan Sang Dipatya , Sindurêja alon dènira umatur , pun anak Jayakartika , inggih kapupu
ing jurit ,,

47. aprang wontên Panêlaran , lèring Lèpènjêram mêngsahe jurit , Suryanagara Tumênggung ,
Rôngga Wirasêtika , Jayadirja Ranadiningrat Tumênggung , myang Tumênggung Pusparana ,
gangsal ingkang pra bupati ,,

48. botên kenging kula ampah , kêkathahên mêngsah kang dèn tadhahi , wontên [wontê...]

--- 128 ---

[...n] ing dhadha gènipun , kula pangawat kanan , tiyang Pêngging kang pangawat kiwanipun ,
kula pun Ranadiningrat , lan Pusparana kang gitik ,,

49. nanging botên patos lanas , inggih kenging kula tadhahi miring , pun Jayadirja Tumênggung ,
gitik pangawat kiwa , langkung wantêr pangamukipun abikut , tiyang Pêngging kathah pêjah ,
cacah kawan dasa iji ,,

50. dene kang nêmpuh pun anak , Rôngga Wirasêtika lan Suwandi , tan sagêd tulung-tinulung ,
sampun ajêng-ajêngan , ingkang pêjah sarêng pun anak pukulun , têtiyang sawidak tiga , nunggil
sakothak kang sabin ,,
51. wau kalane miyarsa , Sang Dipati Sindurja waspa mijil , ngutus punakawanipun , kang wadon
tuturana , yèn lakine anèng paprangan kasambut , manggon ana jro kadhatyan , sawetaning
kangjêng gusti ,,

52. hèh Adhi Rajamênggala , dawêg kula bêkta manjing jro puri , ing mangke andika matur ,
sasolah tingkah dika , tiwasipun Jayakartika jro pupuh , wau dutane Sindurja , wus warta mring
para rabi ,,

53. rabine Jayakartika , duk miyarsa lakine angêmasi , sarêng anjrit tangisipun , rabinipun
sakawan , santanane gumuruh ambata rubuh , sang nata kagyat miyarsa , lah sapa kang
mucung iki ,,

You might also like